28 December 2007

Bences

Saben nonton tipi, ujarku tak deleng-deleng siki tipine kebek bences apa yah? mbuh penomena apa akhir-akhir kiye malah suwe-suwe banci ngakehi. Bukan inyong alergi karo banci tapi nek ndeleng polahe nang tipi jyan suwe-suwe maregi temenan. Apamaning sing jenenge Ipan gunapan...lha mubah temenan kae de wei awak gedhe dhuwur eee..malah lenjeh..jyan mubah temenan mbok? apamaning wong loro kae sing lagi munggah godhong (waca:naik daun) Ogla karo Reben, lhaaa maregi maning kae....ora lucu-lucua, terlalu over (wis terlalu isih detambahi over maning..ixixixixi) sing maksude ben lucu malah dadi wagu njeglu.

Sing njelehi maning jamane isih seneng nongkrong gemiyen, nek sing bali gasik mesthi di padhak-padhakna karo banci.
"kalah karo banci kowe, jam semene bali"
"lha kepriwe sih?"
"jam semene kiye banci nembe mangkat, ngerti ora? kowe malah bali"
dadine ya ora sida bali, jagongan maning tekan isuk...asem..

Nang kota cilik kaya kotaku banci juga wis beredar biasane nang sekitar alun-alun, nek liwat kono mesthi terdengar suara sayup-sayup njelehi..
"kang demut sepuluhewu gelem ora ngeneh" sih..lah kaya permen baen batine inyong
"nek kenang untu gratis" busyeeet...kiye wong
"ngemut knalpot gelem.." tak sauri karo githir mlayu....mbok debrengkolang karo ganjel susune koh.




Waria Nusantara


Nek nang Solo gemiyen kuwe ana banci sing Legendaris jenenge Endang Parabola biasane beredar nang sekitaran Taman Sriwedari, wonge wis tuwa, kiye mungkin banci sing edisi terbatas...limited edition lah pokoke, banci angkatan 45 sing ngganggone jarit karo gelung -mulane dejenengi Endang Parabola- langka-langkalah banci nek dines kuwe nganggo jarit karo gelung kayane ya wong siji thok kuwe. Sing tak gumuna kuwe wis tuwa koh isih banci baen koh...he..he..ora bosen-bosen mbok ya mandan ana inovasi sethithik lah..sing kreatif....dadi nek awan mbecak tapi nek mbengi dines mbanci kaya kuwe.

Sing tak gumuna maning nang Inyong, ujarku banci kuwe ora bisa manak, ora bisa meteng tapi deneng bisa tambah akeh, kepriwe kuweh jajal. Memang sih menungsa kuwe kawit mbiyen berkembang biak dengan cara vegetatif, tepate dengan cara stek, lha wong kawit gemiyen mbok sing di tancepna batange. Tapi mbuh nek banci deneng bisa ngakehi apa nganggo sistem cangkok apa yah? apa bijine sing ditandur yah?.....eee mbok ana sing sukarela eksperimen nandur bijine. Apa malah karo umbi-umbian yah? Tapi kayane sing mandan mendekati ya kuwe dengan sistem merunduk...ndean.
Ngonohlah mbok ana sing bisa njelasna lewih komprehensip....silahken. (zedhoooooot...oooom)

........................................................................................................................
Pacul
setia dengan stek batang

19 December 2007

Haji Barokah

Ora krasa wis Idhul Adha maning, ujarku nembe wingi guli mblenger mambu prenguse..eee..siki wis arep kurban maning. Tapi seprana-seprene urung isa melu kurban, paling-paling sing ajeg ya kur kurban perasaan. Kurban taun wingi kancane Inyong nyejeni dhewek, biasane nek kurban kuwe binatang ternak kaya wedhus apa sapi tapi dheweke nylentha, ne sing liya-liyane padha mbageni daging dheweke malah dhuwite nggo tuku beras trus dibagek-bagekna maring tangga teparo. "Lha wong lawuh akeh, daging padha mblenger tapi nek ora ana beras sing de liwet ya...ora lucu mbok lah" jerene kancaku mau. Ya kabeh mau ana benere wong sing penting korban kuwe sekang niate. "Daripada sih idul adha kesane kaya pesta, kabeh-kabeh pada bakaran sate, tapi bingung ngesuk ora duwe beras" jere kancaku nambahi.

Pada baen nang masalah perhajian Endonesah, jyan saben taun sing pada mangkat haji tambah akeh nganti pada antri nang daftar tunggu, kontras karo jumah penduduk miskin sing jere Wiranto 49,5% tapi jere BPS kur 16,5%. Endonesah pancen antik penduduk miskine isih akeh tapi sing munggah kaji bisa paling akeh sedunia. Tapi jere mbahe nek muslim nang endonesah solidaritase apik sing karep munggah kaji bisa separone karo sing siki, dadi siki kuwe akeh sing munggah kaji karo merem. Lha bangga munggah kaji tapi kiwe tengene padha nggo mangan baen angel, akeh bocah putus sekolah, mriyang ora bisa berobat..priwe kuweh?

Secara pamitane baen cara aku ya mandan ora pas karo adab/etika. Kayane bangga nganakna pengajian pamitan haji gedhen-gedhenan, sing ketone biayane bisa nggo sekolah wong sing ora mampu. Sing jenenge pamitan cara Inyong ya sing arep lunga kuwe teka maring sing de pamiti, dudu kewalikane malah ngundang sing arep de pamiti kon teka maring ngumah. Ujarku lha kurang pas nemen.



Nang kene sing jenenge julukan nggo haji ya anu akeh sekang Haji Abidin (Haji atas biaya dinas), Haji Padoli (Haji Apa-apa didoli nggo mangkat), tekan Haji Hasip (Haji Hasil Korupsi pejabat). ana maning Hajingan, Hajinguk, Hajingseng.........ngonoh terusna dhewek lah.

Lha kiye ana crita wektu musim haji taun gemiyen, sing crita kuwe anu kepala regu/kelompok haji. Senajan wadon tapi dheweke didapuk dadi kepala kelompok dasare memang dheweke kuwe anu Ustadzah dadi dipandang lewih mumpuni. Nah nang anggota kelompoke kuwe mau ana siji wong tua /kaki-kaki sing wonge ngeyelan banget, pokoke nek de omongi ya semaur mbuh salah mbuh bener tetep ajeg semaur. Salah sijine sing de omongi tetep ngeyel yakuwe nek mangan kon aja kakehan sambele ujare ustadzahe ya mbokan lara weteng dadi ibadahe ora keganggu, tapi dheweke ya tetep kemaruk mangan sambele malah njukuti sambele tanggane mbarang.

Nah pas lagi numpak bis maring Mina arep mbalang jumroh nang tengah ndalan kakine kuwe mau kebelet boker sing wis ora bisa de tahan maning. Akhire ya ketua rombongane sing melu repot, "ngandel ora...ngandel ora", mbatine ketua rombongane karo getem-getem. Akhire ngomong karo supire kon mandeg nang ndalan, dadi wong sebis kuwe nunggone wong sing lagi boker nang tengah-tengah padhang pasir. Dadi sekang kadohan ya keton baen wong langka singgo umpetan. Wis kon nunggu karo ndeleng pemandangan wong tongkrong...ya njelehi banget mboklah, magane ora kur sepisan wong kuwe boker nang ndalan, sedawane dalan meng Mina kuwe ana ping telu ndean...pa ora madehi. Gara-gara sambel pada repot kabeh.

Singkat cerita, wis wayahe bali meng endonesah tercintah, biasane nek wong haji kuwe njaluk dijenengi nang kana. Ora ketinggalan wong tua kuwe mau, lha nang Ustadzahe/ketua kelompoke disulna jeneng Haji Barokah. Bareng tekan ngumah detakoni nang anak putune, "mbah de jengeni apa nang kana?". Jawabe kakine kuwe mau "Haji Barokah" karo bangga. Ora ngertia nek Haji Barokah kuwe singkatan Haji ngobrak-ngobrok nang Mekah....wekekekekekek.

.............................................................................................................................
Pacul
nembe bisa munggah ngamben

15 December 2007

Bis Tumpuk


Wis suwe ora tilik meng Solo, kota sing Inyong tau urip nang kana kurang lewih 8 taun-an. Critane 3 wulan kepungkur Inyong melu ngormati wisudane adhine Inyong nang Unipersitas Ngapret Sewelas (UNS), wisuda berarti juga metu sekang pegaweane (lho ..deneng?). lha iya maune nang KaTePe kan tercantum Pekerjaan : Mahasiswa, berhubung (semut) siki wis lulus ya berarti kelangan pekerjaane kuwe mau, sing menurute Inyong Pekerjaan sing aneh (lha wong kerja koh ora ulih dhuwit malah njaluki dhuwit baen).


Luwih sekang 5 tahun ora ngambah Solo kayane langka perubahan sing berarti, relatif isih kaya gemiyen kotane. Ya kuwe kur tambah rame lalulintase ora kaya gemiyen, nek gemiyen sing rame kuwe sekitar Pasar klewer tekan Singosaren, tapi nek siki tak deleng wis rame kabeh. Kur siji sing aku krasa kelangan yakuwe wis ora ana maning bis tingkat sing beroperasi (nek Inyong ngarani Bis Tumpuk). Padahal kuwe mbiyen paporite inyong nggo jalan-jalan ngentongna wektu dari pada nang kost nglangut. Biasane sore-sore numpak bis tumpuk sekang Kleco tekan Palur terus mbalik maning Palur - Kartasura, jyan paling kur mbayar 200 ripis wektu semono sekali jalan, Bolak-balik kurang lewihe ya 2 jam-an. Njagong nang ndhuwur karo nggawa nginum+klethikan menikmati kota Solo sore-sore..jyan nikmat temenan..yakin. Apamaning nek karo pacare wis jyan bunia milik berdua pokokelah, njagong nang pojok wislah langka sing ngaruh-ngaruhi pokoke. Pacaran model kere ya kaya kuwe modal sithik tapi marem bisa duaan nang ndhuwur laka sing ngganggu (jaman semono nang tingkat ndhuwur seringe sepi..he..he)


Bis tumpuk kuwe sengertiku mbiyen anane nang kota gedhe kaya Jarkarta karo Surabaya (siki isih apa ora ..mbuh) tapi mbuh kenangapa solo sing kota cilik malah ana bis tumpuk dibandingna jogja, semarang apa Bandung malah ujarku ora ana sengertiku.

               
                                     Bis Tumpuk

Nang Solo ana bis tumpuk kuwe ana sejarahe. Ndisit bis kuwe (Damri) urung dadi bis tingkat/tumpuk, gemiyen kuwe trayeke Jurusan Solo - Jakarta pp. Nah ing sawijineng ndina bis kuwe mogok nang ndalan, di dandani ora dadi-dadi. Akhire kesalip bis Damri mburine, ana bis batire sing mogok kenete karo supire mudun takon.


"nangapa kuwe?"

"genah mogok kiyelah, didandani ora dadi-dadi."

"daripada kaya kuwe melas penumpange, ya wis tumpuk baen!"



Nah akhire dadi bis tumpuk, kaya kuwe larah-larahe bis Damri dadi bis tumpuk. Jyan kepenak banget mbok gawe bis tingkat.



-***-


"Lik nangapa sih nek numpak bis tingkat nang nduwur kuwe bahaya"

"oOo..urung ngerti kowe?"

"Durung lik, nangapa sih?"

"Sebabe nang ndhuwur genah laka supire dadi medeni mbokan nabrak."

.............................................................................................
Pacul
seneng tumpuk-tumpukan nangumah



10 December 2007

Korupsi

Ora ngerti maune jebul wingi tanggal 9 Desember kuwe anu Hari Korupsi Sedunia, apa ana?. Mbuh kepriwe mau-maune , larah-larahe bisa ndadekna tanggal 9 Desember kuwe dadi Hari Korupsi Sedunia, sekang jenenge baen deneng janggal temen yach? Hari Korupsi Sedunia, berarti nang dina kuwe anu nggo rame-rame korupsi. Deneng jenenge ora Hari Anti-Korupsi Sedunia baen yach? kan cetha lho dadi ora kakehan perpsepsi nek kaya kuwe.

Mulane korupsi akeh baen ya kuwe sebab ana Hari Korupsi sedunia. Tapi anehe deneng langka koruptor sing ngrayakna yach? padahal nek menurute inyong bagine para koruptor kuwe penting soale wis sukses nguras duwit negara, karodalan sing ora halal. Nah sing aneh maning kuwe para koruptor kuwe rata-rata wonge cerdas, pinter lan beragama. lha kuweh memprihatinkan banget mbok?

Nah siki Nyong arep takon (dari pada melu gembar-gembor anti-korupsi) nek nge-Blog karo fasilitas kantor kuwe termasuk korupsi ora yah?
(kiye nyong nakokna awake dhewek loh, nek ana sing kesindir ya memang kudune ..he..)
nek de etung-etung rega benwit + listrik de gawe 100 perak baen, nek de pingna 1jt karyawan sing manpaatna fasilitas kantor ketemune wis 100jt ripis (hah??? akeh temen) nek sewulane digawe 26 hari kerja terus de pingna 12 wulan, totale setaun 31.200.000.000 ripis, deneng akeh temen yah 31,2 milyar (karo kukur sirah)
Nek kaya kuwe kepriwe jajal? nek menurutku sih anu nyong ngetunge sing salah, anu kalkulatore ora beres...ndeaan!
......................................................................
Pacul
lah mbuh lah

08 December 2007

Menggelinjang Keenakan

sing pikirane mesum mesti terus githir mbareng maca judule nang nduwur,
dan rika pancene ora salah nek postingan kiye memang mbahas bab sing
marekaken anda-anda semua bisa menggelinjang keenakan. Mulane aja
ngosi kemedep rika maca postingan kiye..jyan dijamin menyesal seumur
hidup, sing bar adus urung sempat kathokan ya ora papa diler sedela,
paling -paling mengko dilaleri ..he..he...

Nek kur kepengin menggelinjang keenakan tanpa wedi dosa, dengan biaya
paling ekonomis lan praktis, kuwe carene jyan anu gampang pisan. Murah-
meriah, gampang tur ora kelangan duwit tapi bisa menggelinjang
keenakan, dijamin klojotan, lemes kaya bar orgasme.
Carane gampang banget, nggolet baen:

"Wulu pitik"

izya..wulu pitik, sing ora duwe pitik nang ngumah ya nggolet baen pitike
tanggane, tapi syarate gole nyekel aja kewenangan wong , ruwet masalahe
nek konangan wong, masa gara-gara nggolet wulu thok digebugi wong
se-RT ndarani arep nyolong...kan ora lucu. nah kiye sing mandan
nylentha kayane malah nggolet wulune pitik kampus..nek kuwe ora
bener maning kuwe (nek ora ngajak-ngajak Nyong..he..he..)

nek wis decekel pitike, swiwine dejembreng terus dipilih wulu sing paling
maen tur resik, terus diprutuli disisane nggon pucuke wulu, nek wis siap
gari nggolet panggon sing nyaman terus delebokna meng kuping..klithi...
wuaah..jyan nylekamin pisan kuweh...pokoke rasakan sensasinya...sorga
dunia temenan kuweh. ngonoh jajal baen sing urung tau...dijamin
ketagihan, dijamin bisa menggelinjang keenakan. Mulane sing biasa
ngantuk nang kantor
aja kelalen sangu baen wulu pitik nggo klithi..
dijamin mripate padhang maning.

            
                          Korban Klithi

Mulane sedulur-sedulur, kakange, mbekayune, sing kepengin merem
melek, puas bisa menggelinjang keenakan aja kelalen nggolet baen wulu
pitik terus klithi...dijamin puwas..was..was...nek nglomboni wani deglitho
nyong lah....yakin gologokin.

Selamat mencoba, semoga ketagihan....he..he..

.........................................................................
Pacul
oh yes....oh no!

04 December 2007

Mriyang..........................

Wis telung ndina kiye nyong awake ora kepenak blass...panastis,
nggreges, ndhase mumet, ditambah maning awake pada lara kabeh.
Sekang ndhuwur tekan sikil pegel kabeh ....pokoke kaya digebuki wong
se-RT ndean.

Sewulan kiye wis ping pindo nyong ngalami mriyang sing gejalane persis 
kaya kuwe sing ujung-ujunge dadi watuk karo pilek. 
Ujarku nyong olah raga ya ora kuang-kurang, isuk-isuk gasik ya wis angkat
junjung (piring mangsude...he..) apa maning nek mbengi sparing 
partner-an karo sodara bojo (suegerr!!).

ana apa ora yach.. wong sing ora mriyang? nek mbayangna Gatotkaca kayane
tah ora tau mriyang wong otote kawat balunge wesi, nek mriyang kayane
tah anu wis karaten kabeh..ndean.

"wue...e...e...e ...e...aku raden gatotkoco otot kawat balung wesi, kringete
wedang kopi, mabur tanpo swiwi, mlumpat tanpo cuthang,
jajan tanpo mbayar......................"



....................................
Pacul
lagi menikmati mriyange

01 December 2007

Dunia Pertempean

Nek Dunia tanpa wanita kuwe sepi jarene, tapi nek dunia tanpa tempe....
waah! gawat kuweh inyong urung bisa mbayangna kuwe kayangapa nek
dunia tanpa tempe. Apa enggane kon nggolet selain tempe...waduh! urung
siap mental kuweh. Kayane nek bangsane penginyongan kiyeh nek ora
tempe ya ora..wani gelute kuweh...he..he..soale jyan kaya inyonge kiyeh
anu penikmat tempe sejati nek jajan ya apa maning sing  degoleti nek ora
tempe. (tempe poreper lah)

Nang endonesah terutama nang njawa wis lumrah nek wong pada ngeleri
tempe, terutama nang pasar-pasar biasane anu di dol sebab ora mungkin
nek nang pasar kuwe kur nggo pajangan tok. Lha nek sing pada ngeleri
tempe nang pinggir-pinggir ndalan, kuwe kayane jenis tempe sing liyane tah.

Panganan kiye wis dadi panganan rakyat, jyan rata-rata kabeh wong jawa
doyan kayane. sekang sing tua ngasi tekan sing nembe blajaran mlaku
kabeh padha doyan maring panganan kiye. Nek Inyong saben ndinane kudu
ana lawuhe tempe (padune ora bisa tuku sing liane...hiks). Model apa
baen masakan tempe kayane enak kabeh koh. Molaih sekang sambel tempe,
di jangan lombok ijo, nganti dibacem tetep baen nylekamin.

Tempe biasane juga nggo campuran njangan, njangan kangkung de
campuri tempe....ya anu enak, nyemur iwak pitik de tambaih tempe..
ya tempene melu rasa iwak pitik, lha kiye sing urung tau kayane nek
oseng- oseng lawang de campuri tempe......kepriwe  rasane.(ngonoh
mbok ana sing kepengin njajal ya ulih).


Nek paporite inyong kuwe gorengan tempe wuda...wis jyan laka liyane
kayane. nomer lorone ya kuwe sing wis de caweti karo gandum sing
jenenge tempe mendoan...wah mendoan ditambah karo cigitan lombok
utawa disambelnasambel bawang (nek inyong ngarani sambel tlenjeng)
laka tandinganekayane luh. (tapi nek kon milih sate kayane tetep milih
satene...dezzig!)

                
                                  sambel tempeh....gurih  pisan

Nek masalah pitamin utawa kandungan gizi tempe tah ora kalah karo
perdagingan, sing jelas malah lewih sehat soale ora kakehan kolesterol
(duh..panganan apamaning kuwe) malah bisa nggo ngeduna kolesterol lan
bisa nggo anti-anemia (clingak-clinguk, ana sing jenenge ane karo mia
ora kiye?).


Tapi,(deneng ana tapine?) sayange dalam hal masalah paten-patenan
(waca=hak paten) tempe kiyeh uwis kedisitan nang negara liya, melasi
banget mbok?..sing dekawatirna mbokan pengusaha tempe utawa bakul
tempe kon pada mbayar royalti, apa ora ngenes kuwe.  Ana 19 paten
tentang tempe, 13 nang negara Umaehrika, 6 nang negarane Miyabi
(halah..Jepang maksude koh). Kayane suwe-suwe enteng endonesah,
ora duwe apa-apa, kabeh-kabeh dipatena nang wong liya. Tapi ya ora papa
kayanen, sekali-kali mbok bisa ngrasakna tempene wong jepang apa
amerika (siiih..lah!).


"Lik bedane lontong karo tempe apa lik?"
"Nek tempe dilebokna lontong dadine arem-arem, tapi nek lontong dilebokna tempe
dadine merem-merem kayane"

"Lik,lha nek bedane bakul tempe karo bakul tahu apa kuwe?"
"Nek bakul tempe dicekeli tempene malah senengen,wong arep de tuku.
tapi nek bakul tahu decekeli tempene...huulah jajal bae ngonoh siram banyu tahu klakon"

......................................................................
Pacul
seneng tempe wuda sing anget + susu

29 November 2007

Raben Tempik Ciut

"Gyeh kang rika nek nggawe judul mandan beres sending jajal ketone
koh ora  patut nemen kuweh"
"Mengko gipit kang, aja gegoh gipitlah! Inyong tak ngrampungna
gipit goleh nulis"



Kemutan dong isih esempe inyong nduwe guru sing lucu pisan jenenge
Pak Satiman. Dheweke guru mata pelajaran (pela jaran sih kayangapa
yoh?...nek aku ngertine kur pela pitik ..jyan nek di goyeng gaying dadi
pela gubed, pela sing degubed karo usus nylekamin pisan koh) geografi,
guruku kiyeh merupakan tipe guru singtemenanan yakuwe wagu lan saru....

Pak Satiman nek mulang sarune pol lan lucu pisan, pokoke 2 jam pelajaran
ora krasa sebabe ngguyu terus nganti wetenge kaku ngguyu terus,
dheweke nek nyeluk muride ora tau nganggo jenenge muride, dadi nek
nyeluk kuwe nganggo jenenge ramane. sing tak gumuni jeneng ramane
muride apal kabeh koh...njelehi banget mbok.
sing de senengi maning ya kuwe ora tau nganakna ulangan, gantine ya
kuwe nggawe rangkuman sing de kumpulna dina ngesuke sedurunge
jam pitu isuk, gampang tapinesok akeh sing kelalen..
(termasuk inyong ..hiks)


"Kang deneng judule karo isine ora nyambung apa yoh?"
"Jyan..nyrandu bae kowe luh....sabar gipit ngapa"


Raben Tempik Ciut kuwe gemiyen aku ngertine ya sekang guruku mau
Pak Satiman, (siap-siap baen ana sing kuciwa nek ngarepna tulisan kiye
mbahas bab sing saru..maaf telah mengecewakan anda..he.he).
Raben Tempik Ciut kuwe singkatan sekang Rawa Bendungan Tempat
Piknik Cilacap Utara
, ya kuwe tempat plesiran sing nang sebelah lor kota
Tlacap. sing siki panggonane wis ora keurus maning, nggone wis kotor
kebek karo enceng gondok cekake ya terlantar kaya kuwe lah. Padahal
ndisit sempat arep digawe wisata air tapi mbuh kenangapa ora de terusaken.

Ndisit jaman taun 80-90-an Rawa bendungan termasuk rame nggo plesiran,
apamaning nek pas bada jyan rame pisan. ditambah maning ana hiburan
dangdutan tambah rame kuweh, lewih-lewih nek artise sekang ibukota
nek ora ya Grup Ken Arok sing penyanyine sexsih-sexsih pisan (anu sok
nonton sih inyong).
Tau ana sing nonton mandan salah kostum cara inyong, bocahe sangar
nganggo kaos gambare tah Metalicca tapi jogede nang ngarep dhewek
ora kena kesenggol ..
(huuulah ora cocog karo kaose kang!)

......................
seneng marani tempik ciut

27 November 2007

Lintang Jebule Menungsa???

Hah?? lintang jebule menungsa??
Mungkin sing kaget ora rika thok, nyong ben maune ora ngandel, tapi
kiye jyan anu temenan koh, jyan...inyong ora goroh lan ora nglombo.
kepriwe critane jajal mayuh dipendeliki nang ngisor kiye...

****
Bar mangan mbengi Inyong karo anaku metu ming njaba umah, mbuh
kenangapa nek bar madang mesti kemringete, dadi Inyong biasane terus
metu ming njaba umah.
Karo nggendong anakku sing cilik, nang mburine ditutna anakku sing 
mbarep sing isih sekolah nang TK ....ijig-ijig (jyan..dunia memang penuh
dengan ijig-ijig) anaku sing gede nylemod...nylemong (apa nyemlong yach..
lah mbuh lah pada baen ndean)
"Ma, lintang kuwe menungsa apa dudu?"
Biasane nek metu ming njaba mbengi-mbengi kuwe ndeleng bintang
utawa wulan nek lagi metungul wulane..
"Lah, ya dudu wong lintang kuwe pada baen karo srengenge."
"apa izya ma?" , dheweke isih ngeyel
terus tak jelasna dawa amba (panjang lebar mangsude) tak terangna
segamblang mungkin, sebisane seilmiah mungkin, karo madan sota
(sok tahu)
"lintang kuwe pada karo srengenge, tapine sebab panggone sing adoh
dadi kur keton kerlap-kerlip, ora krasa panas"
"ya ora lah ma", tetep isih ngeyel dheweke.
"lintang kuwe menungsa, wong lintang kuwe kanca batirku nang
sekolahan. Berarti kan menungsa Ma"
Huuuuuu..lah ya izya, pancen (karo madan mangkel)

.......................................
Asseeeeeeeeeeeeeeem!

22 November 2007

Polwan Melumah


Akhir-akhir kiye ujarku nang kotaku dewek tambah akeh
sing jenenge dalan ditambahi jenggulan utawane polisi tidur,
nek anaku guli ngarani ditambahi pak dadi "Pak Polisi tidur", gedene
lan modele werna-werna ana sing cilik gering lancip (jyan model kiye
ujare inyong sing paling nyengiti, madhehi lan nggethingi pisan) ana sing
gede lemu tapi landai (nek kiye kategori lumayan penak dilewati) ana
maning sing gede lemu tapi duwur seringe motor pada temangsang, apa
maning motor sing dedeprokna, lah kayane kudu dejunjung nek liwat,
nlangsani pisan.

Ana maning sing modele gede lan amba pisan, nek inyong ngarani
dudu pak polisi tidur maning kuwe tapi "Mabes POLRI tidur", jyan 
walaupun modele macem-macem tetep baen miturute inyong tetep
madhehi, nyengiti marekna ora nyaman nek liwat dalan sing ana polisi
tidure, percuma pemrentah goleh ngalusi dalan warang wurung tetep
digawe brenjulan mending dijorna baen rusak, kan pada baen sing pada
liwat pada alon-alon nek ora malah ditanduri wit gedang baen dalane
malah ana hasile ..he..he..

Inyong tau liwat nang sawijine dalan, dalane ora patiya dawa paling-paling
mung 200 meteran tapi tak etung jyan ana 11 Polisi tidure,
jyan ora mempeh temenan mbok? kuwe nek digenepna siji maning dadi
sejinah kayane diijolna bisa olih gelas kuwe ......yakin kuweh.

Mulane inyong duwe aran dewek nggo ngurangi rasa mangkel lan wadheh
yaiku diarani baen "Polwan Melumah" apa maning polwane nek ayu ...hmm
daripada polisi tidur...lha wong polisi turu baen akeh sing nyengiti
apamaning sing ora turu.........lah mbuh lah.

Pacul
Seneng Polwan Mlumah

19 November 2007

In Memoriam One Tea

Rasane kaya ora percaya, kaya ngimpi, jyan pokoke kaget pisan bareng 
Nyong ulih kabar sekang kancaku Agung Prast utawaNyong biasa nyeluk
Jagung atawa Pret, mbengi jam setengah sangaan tepate malem Kemis 
patbelas November Jagung tilpun,
"ora tau-taune kiye bocah tilpun", batine Inyong, wong madan lawas ora
tau ketemu, deweke pindahan umah ben Inyong urung tilik (ngapunten
ya Gung, urung sempat lah)
"Hola", tak sauri karo nyokot gorengan tempe wuda
"He..he..he hola koh", Jagung nyauri
"Ana apa koh Gung? kangen apa?"
"Sih lah, gyeh aku siki lagi nang Semarang"
"ora takon lah Gung!"
"aja brisik rungokna disit ndul"
"kepriwe-kepriwe?"
"Gyeh aku bar entuk es me ses sekang bojoku, entuk kabar jere Wanti
ninggal", jere Jagung Serius
"Lah serius kiye aja nglawak lah ora lucu", Nyong nyauri karo madan kaget
(mangan tempene dadi ora enak)
"Ya kuwe koh Nyong ben ora ngandel, jajal dikonfirmasi nganah maring
sapa, de takokna sing bener"
"takon maring sapa? nyong ben nang Jogja!"
"Uya yah kemutanku nang Cilacap baen"
"huulah.....thithiki untune sisan ngeneh, mbok kowe ndisit sing njujugna
pindahane nyong?"
"genah kelalen koh.....ya wis kaya kuwe baen jajal takokna nganahlah"
"yup...maturnuwun"

Gleks!, Nyong meneng karo mikir apa iya yah...tetep baen durung bisa
nrima nek kanca batirku wis ora nana. terus Nyong nggoleti nomer tilpun
kanca-kancaku, jyan sing maune kur ngebek-ngebeki phonebook siki
nembe kanggo, eeeeee....ndilalah tak tilpuni siji-siji laka sing aktip,
jyan kebangeten temenan kiye, apa gara-gara Nomer Perdana murah
dadi pada gonta-ganti nomer apa yah? tak esmeses sampe ganti dina,
ya ora ana sing mlebu barang seblindi acan, jyan pancen, ngonoh lah
akhire aku pasrah....karo isih penasaran karo kabar lelayu kancaku mau.

Dina Jemuah sore ana esmeses mlebu nomere anyar, bareng tak waca
jebule sekang kancaku Minto, ngabarna nek Wanti wis ora ana. Bar kuwe
nembe aku percaya nek Wanti wis ninggal (Inalillahi winailaihi roji'un).
Inyong, Wanti trus Minto kuwe termasuk kanca raket jaman isih sekolah 
tekan kuliah, jarang ketemuan mbarang wis pada mbojo.
Wanti, jyan miturute inyong bocahe apikan banget, jiwa sosial dhuwur,
 ora tau suudzon karo wong liya, nek ndeleng wong liya ketone apik kabeh
mulane sering dikerjani kancane apa delomboni kanca-kancane sing sok usil
maring deweke, mulane kancane akeh. Senenge nek bar upacara 17an
nang sekolahan mesti baline mangan-mangan sebabe deweke ultah tgl 17 
agustus dadi utahe dirayakna wong seIndonesia (ndean).
Wanti kanggone inyong merupakan salah satu sahabat terbaik bagine
inyong, jamane sekolah sering tak silihe sekang pulpen, garisan tekan
bukune (jyan....tak pikir-pikir deneng ora modal nemen inyong yach!),
nek disilihi jyan ora tau ora ulih koh.....jyan gumun pisan mbok?
Kemutan jaman dong isih ngapeli mantan pacar (waca:bojo) gemiyen 
wektu semono isih sekolah nang Jogja, Wanti ya melu tak apeli tapi 
kur tak silihi montore tok, saben metungul nang ngarep lawang karo
malang kerik langsung baen ngomong:
"Mesti arep nyilih montor"
"Ya kemen ora ulih apa?", jawabane inyong, jyan....nek tak silihi motore
ya ora tau ngomong ora ulih...mesti ulihe koh.
Kayane nek ngetung-ngetung kebaikane Wanti maring awaku, jyan ora
bisa ke-etung kayane, nek ditulis nang kene kayane sing maca nganti
mblenger ora doyan maca maning.

Wis limang tahun punjul aku ora tau ketemu karo Wanti tapi malah kabar
duka sing teka....mandan ngajog juga bada wingi wis niat arep dolan baen
ora kesampean.

Ya Rabb yang menguasai jiwa-jiwa, Jadikanlah Wanti tenang disisi-Mu.
Selamat jalan sahabatku.......kebahagiaan abadi telah menantimu.

Pacul
Lagi sedih..........

17 November 2007

Clingak - clinguk

Jyan bener-bener clingak-clinguk kiye kaya tulup dikethek, wong anu ora bisa (waca:biasa) nulis ben ndadak gembelengan 
nggaweni Blog,  apa ora kemampleng jajal. lha kiye  Bloge arep ditulisi apa? 
nek kur di orek-orek karo potlop thok ya ora patut kayane tah. Kayane 
ngorek-ngorek ben ndadak mikir apamaning nulis jyan, ngonoh lah ...
sedulur kabeh arep komen apa tak trima lha wong anane kaya kiye
ngganen arep de kapakna maning........(asal aja dipathaki baenlah...he ..he)

Pacul,
Lagi blajaran nulis....mbokan ana sing mathaki duwit