29 December 2008

.:: Memahami Perempuan ::.

Soal paham memahami perempuan sepenuhnya makhluk siji kiye kuwe bisa diomong angel-angel gampang, terutama nek masalah hati dan jalan pikirane sing kadang-kadang -nek istilahe wong Mbanyumas kuwe- "Unpredictable" lah. Tapi nek memahami secara fisik kayane tah kabeh apal-kecepal terutama nek tekan masalah wedang bayi...wis jyan pokoke lengkap-lengkiplah molaih dari soal bentuk, ukuran, fisilogis, morfologis, patologis, manfaat maupun mudharat (alaah..!),nganti tekan ndeleng sifat utawa watake miturut bentuk wedang bayine....(jabang bayiiiiii...!klamite).
Tapi miturute nyong diantara kabeh mau ana 3 hal sing paling angel dimengerti bab memahami sing jenenge perempuan terutama yakuwe:



1. Persamaan Hak
Nah kiye merupakan salah sijine isu sing biasane sensitip sing biasane selalu digembar- gemborkan, yakuwe tentang kesetaraan gender....yaa mgonoh bebas lah. Wong wadon wis digawekna Kementrian Pemberdayaan Perempuan....nyong sebagai wong lanang ya ora iri babar
plothas. Wong wadon ana Hari Ibu....wong lanang ya ora protes mjaluk digawekna Hari Bapak.Tapi janjane dari semua persamaan hak sing dituntut nang wong wadon, kawit gemiyen wis ana satu hak wong wadon sing pancen wis lewih duwur dibanding wong lanang, lan hebate maning wong lanang padha legowo ora tau protes, yakuwe Hak Sepatu.....tapi kenangapa wong wadon isih nuntut persamaan hak?

2. Madu dan Racun
Nah kiye termasuk salah sijine sing angel memahami jawabane wong wadon nek dikongkon milih antara madu apa racun....mesthi kebanyakan wong wadon menolak loro-lorone, madu ya ora gelem racun apamaning, ngonoh jajal baen ditakoni kaya kiye:
"yank...sampeyan dimadu purun?"
mesthi jawabane -cepet banget- "oraaaaaaaa.." diterusna pitakonane,
"hla..nek diracun sih?".
Nek kiye wis ora mungkin dijawab maning, piring gelas padha metu swiwine....pada mabur soale...he...he...

3. KDRT
Nek masalah Kekerasan dalam rumah tangga jerene sing akeh dadi korbane kuwe kebanyakan wong wadon mulane akeh organisasi sing membela kaum perempuan. nah kiye ya janjane mandan mbingungi nek mahami wong wadon, walopun sering demo menentang kekerasan tapi ya tetep baen pas ada maunya ya tetep baen minta sing keras-keras ya apa ora?.
Tapi janjane nek diteliti lebih lanjut kuwe menurute Inyong malah sing akeh dadi korban kekerasan kuwe wong lanang. Malah hampir tiap hari wong lanang kuwe mengalami kekerasan. Jajal bae disurvey mesti hampir tiap pagi wong lanang kuwe mengalami kekerasan nang bagian "tertentu" tubuhe.....(ngerti dheweklah.....masa kon digambar)

Akhirul qoli...semoga pemahaman ini tidak menjadi paham yang menyesatkan. Amin

21 August 2008

.:: ....???.... ::.

Bali sedela ming Cilacap tak sempetna ming ndesane simbahku, jyan...sanajan nang ndesa tapi tetep baen meriah menyambut Hari Kemerdekaan RI ke 63. Pager-pager pring padha dicet putih, sing ora kuat tuku cet ya dilabur karo kapur. Mulane wong ndesa akeh sing Indo ya kuwe.....bapake Singapur biyunge singecet.....alaah..!

Jan-jane nek dideleng sekilas ora ana sing aneh karo perayaan kemerdekaan kuwe mau, tapi nek jeli ketone koh ana sing kontras karo perayaan kemerdekaane kuwe mau. Merayakan kemerdekaan

ditengah tidak merdekanya mereka dalam menikmati infrastruktur(jalan & transportasi), merdeka dalam hal pendidikan, merdeka dalam hal mendapatkan air untuk sawah misalnya.....


Merdekaaaaa!

padahal kiye wis nang tahun 2008, milenium kedua jerene...nang Pulo jawa maning. Hla kepriwe sing nang luar Jawa sing adoh karo pusat kekuasaan? (apa malah lewih merdeka yah......merdeka golih nggunduli alas!)
Apa enggane sing merdeka kur para koruptor sing merdeka golih korupsi....duwit 6 eM keton kaya receh temen nggo nyogok padahal kene nyekolahna anak baen bingung......huuulah.

Ngomong bab sekolah, urung suwe pemerentah gawe program Buku Sekolah Elektronik (BSE). Jane program kuwe maen banget tapi sayange seolah dipaksakan, diibaratna nang pemerentah kuwe kabeh wis nduwe akses ming internet. Mbok yaow infrastrukture diberesi gipit nembe gawe program BSE, apa kabeh sekolahan nang kene wis nduwe akses internet? jawabe mesti......ya oralah......masa oralsex...halah..!

siji kuwe mau, kelorone bareng tak jajal donlot nang situse deneng akeh link sing ora bisa? deadlink apa yah istilahe...uwalah jyan .untunge nemu mirrore nang kene http://kambing.ui.edu/bse/pdf/
mangga lah sing wis merdeka secara finansial digawe buku terus dibagi-bagi gratis....!

merdekalah..!

25 June 2008

.:: Demo Ditunggangi ::.

Nek ana demo besar-besaran sing biasane akhire rusuh mesthi terus ana wacana bahwa demo kuwe mau ditunggangi, ora mbiyen ora siki mesthi ana tudingan nek demone kuwe mau anu ditungganggi.

Tapi nek miturutku kuwe ora wajar, sebabe apa? Sebabe sebagian besar (mayoritas) sing demo kuwe lanang dadi ora masuk akal nek ana sing gelem nunggangi (kecuali sing gelem). Naah..beda maning nek sing demo mau kuwe sekang Akademi Sekretaris sing bocahe ayu-ayu pisan tur kemriuk kayane ora padha diprentah kon padha nunggangi ya anu gelem banget.



Apa enggane tega nunggangi yah?

Apamaning nek nang kene demone kaya nang Venezuela akhir tahun wingi sing siswa-siswi SMA-ne padha demo bugil nuntut transparansi maring Diknas-e kana. Jajal bayangnya bocah2 SMA padha wudha...nek nang kene genah padha githir pengin mlebu brita ana demo ditunggangi. Laah..bocah umur semeno mbok lagi seger-segere, gurih, kemriuk pokoke gari nambahi sambele karo lalapane...( deneng dadi kuliner kang? )
Tapi genah demone anu nang kana ya tetep aman-aman baen langka sing nunggangi. Kayane nang Indonesia tok ana demo sing ditunggangi walopun sing demo lanang-lanang kabeh ya tetep baen ana sing munggangi.....nek Inyong tah matur nuwun nek kon melu nunggangi.

Pokoke peringatan nggo para kaum perempuan terutama sing pada melu demo nang Indonesia, ati-ati baen mbok padha ditunggangi...! sekali lagi ditunggangi..!

-- posting ranggenah temen kiye yah..! --


.:: Makna Demokrasi ::.

Nang Indonesia kene makna demokrasi kuwe ana loro :

pertama, "dari rakyat, oleh rakyat, untuk "sedikit" rakyat

kedua, demokrasi uga berarti Sing Demo dikerasi !

ada makna lain sedulur?

15 May 2008

.:: Meteng Dhisit ::.

ora gumun nek jaman siki akeh fenomena bayi instant utawa MBA utawane Meteng dhisit. Maklum baen jaman siki pergaulan lanang wadon kuwe lewih bebas tinimbang gemiyen. Pacaran ya lewih kendel timbang gemiyen, nek jaman gemiyen pacaran bisa gandengan tangan baen wis seneng banget, bandingna karo jaman siki ...... walah nang area public baen kayane ora isin-isin rangkulan utawa ambung-ambungan. Kuwe sing nang area public..apamaning nang tempat sing tertutup kaya nang kost-kostan arep ngapa baen ora ana sing weruh ikih, ditambah maning siki akeh teknologi rekam gambar sing portable ditambah karo penyakit narsis sing wis dadi endemic ...... jyan mulane ora gumun siki nek tanggane, ponakan, utawane dulure rika (amit-amit kiye yah) dadi bintang pilem porno kelas 3gp.

urung suwe dolan ming kost-kostane adine, ngobrol ngalor ngidul karo kancane adiku tekan bab pacaran jaman siki, dheweke ngomong :

"jaman siki mas, pacaran nek ora cipokan ya mending nang ngumah baen, ngumbahi klambi apa ngapa malah ana hasile"

apa ora edan kaya kuwe.. hla.. nek dilakukna nang kamar kost sih kepriwe? pertama pancen gur kissing bar kuwe ya mrembet necking, "mikting", petting, fucking terakhir ya mlenthing ndean.
mulane ora gumun nek akeh bocah kuliah mangkat sekang ngumah ijen baline telon..hla nggawa anak bojo sih!
pamit jerene kuliah arep nggolet dalan padang malah sidane nggoleti dalan bayi...huulah!




kembali ke tanktop..!
mbahas masalah meteng dhisit nek miturutku kuwe merupakan hal sing wajar (deneng kang??) iya......Inyong sampeyan kabeh kuwe mau pancen hasil produk meteng dhisit kuwe mau. Ora percaya? jajal baen takon karo Rama Biyunge sampeyan kabeh, nek ora dijejek ya minimal dipendeliki lah..he.he.....

Kebanyakan wong nek diarani hasil dari meteng dhisit mesti jawabane rata-rata padha kesuh tur misuh-misuh ora trima diarani kayakuwe. Padahal nek miturutku kuwe hal sing wajar tur lumrah, teorine sederhana baen, ora perlu riset sing njlimet apa maning berdasar metadata sing ora mutu hasile.

Hla..kepriwe ora wajar...lumrahe wong kan meteng dhisit mbok? bar kuwe nembe babaran utawa lairan. Nek babaran disit nembe meteng kuwe nembe hal sing ora lumrah tur wagu kayane. Mbuh nek ndisite menungsa digawe ngendok kaya ayam ora meteng, kayane malah ora rame yah...ora ana seni bereproduksi kayane, cukup dipakani pur wis bisa ngendhok ..hi.. hi..

wis lah malah nglantur...

24 April 2008

.:: Jamu ::.

Ngemeng-ngemeng masalah jamu kayane hampir kabehan wong wis tau ngrasakna jamu. Jamane nyong "terpaksa urip" nang Solo, favorite nyong kuwe jamu nang kidul prapatan gendhengan karo sing nang Kleco. Nek sing nang Gendhengan kuwe jyan pancen wis kondhang kawentar-wentar... hla wong jerene keluarga Kalitan kuwe langganan nang kono, nek ora kelalen jenenge jamu 'Sayang'. Modele jamune dudu jamu cair kaya jamu gendhong tapi bentuke bubuk, biasane dicampur karo madu karo ndok pitik utawa bebek nang gelas. Tambane gari milih beras kencur apa kunis asem. Dadi nek tuku kuwe entuk 2 gelas, jamu karo tambane kuwe sepaket.
Hla nek sing nang Kleco sing terkenal Gingsenge. Tapi nek miturutku kuwe anu campuran ginseng karo ciu, mulane adole slokian. Lumaya kena nggo anget-anget awak, daripada ngeloni kompor.

Ana maning jamu sing cara nyong termasuk extreme kuliner yakuwe Sate Jamu utawane Rica-rica Jamu. Judule tah apik Sate Jamu tapi aja salah nek "jamu" kuwe mung kamuflase sekang kata kirik. Dadi asline pancen sate kirik tapi men ora keton vulgar nemen di jenengi sate jamu utawa rica-rica jamu. Nek nang Solo golet sate jamu kuwe ora angel biasane nang kakilima jejeran karo bakul liane termasuk bakul Fresh Milk from Crocodile Forget, susu segar asli Boyolali sing mendominasi nang solo. Kancaku sekost termasuk pelanggan tetap sate jamu, jere nek ora njamu awake padha lara. Tau tak takoni:

'Kang, kirik kan najis, mugholadoh meneh....ngono kok mbok pangani piye to?"

"Halah...bar kuwe yo tak sentor ping pitu kang.......nganggo Ciu"

"walah....pantesan..."

Sedawane urip nang Solo memang Ciu kuwe termasuk hal umum, lumrah nang kono. Hla wong nduwe gawe sandingane ya Ciu, Minuman bau Naga. Mulane pas jaman kerusuhan Solo Mei 1998 aku tau dikandani nang kanca kostku:

"Kang provokator kerusuhan wingi wis kecekel"

"Tenane?"

"Ho-oh....jarene saka Bekonang"

"Jenenge sapa?"

"Ciu"

"walah...asyemmmm"

Mbalik maning nang masalah Jamu.....
Ana siji maning jamu sing tak senengi nang Solo gemiyen yakuwe Jamu mata....hizya jamu mata, perihal memanjakan mata nek nang kampus biasane nongkronge nang Fakultas sing biasane wong lanang menjadi minoritas nangkono. Nangendi maning nek ora nang Fakultas Psi-koloh-i utawa Fakultas Ekonomi. Saking akeh noni-noni hayu nang kono dadi dijenengi Ekononi.........nek wis ora tahan ndeleng noni-noni dadine ya ekonani.....ndean...hi..hi......


Jamu Mata (Sania Mirza)

Siji maning jamu mata sing termasuk favorit nang Solo yakuwe Manahan. Nek dina Minggu nang Kompleks Stadion Manahan kuwe biasane nggo lari-lari pagi alias jogging. Dasare nyong anu seneng olahraga ya ora kalah karo liyane tangi gasik melu mangkat ming Manahan. Lengkap pokoke sepatuan, kathok olahraga karo sangu banyu.

"Kang jere arep mlayu-mlayu..?"

"Lho...apa ora ngerti nek kawit mau wis mlayu-mlayu"

"Endi lah....hla wong kawit mau kur njagong tok nang Motor"

"Aja padhakna karo liyane......ketone meneng baen tapi jane kiye lagi mlayu-mlayu..........matane sing mlayu-mlayu"

Begitulan sodara-sodara aja awake tok sing olahraga, mata juga sekali-kali kon olahraga....he..he..

Ngemeng-ngemeng bab jamu dadi kelingan nemu nang milist lagu Suwe ora Jamu versi Cinta Laura, Kepriwe lagune jajal tiliki yuuuh..!

Show Why or are Jump You (Suwe ora Jamu)
Cincha Lawra Version

Show Why or are Jump You
Jump You go down tell low

Show why or are catch'em you
Catch'em you peace and go away gay low

________________________________________
Mangga dipun praktekaken.. hi..hi..!

12 April 2008

.:: Enam Tahun ::.

Nganggur, ora nduwe duwit wektu anaku sing pertama kiye lair. Tapi show must go on (halah..) sing penting bocahe selamet, biyunge sehat, soal duwit pasrah baen karo sing gawe urip. Alhamdulillah.....berkat saweran sekang nganah-ngeneh --termasuk wong tua-- kabeh biaya bisa tertutupi.

Biasa diundang Fadli, sekang jenenge sing lumayan dawa "Auziqna Fadli Rosihunnuha" hasil urun rembug sekang kancaku wektu isih terdampar nang Solo.



Walopun wis nduwe adhi tapi isih tetep manja baen, mungkin anu wis biasa dimanja nang simbah loro karone maklum putu pertama. Hobine ngusili adhine (nek urung nangis urung leren) karo nonton TV, kadang tangi turu jam setengah 5 isuk wis nonton TV (padahal ramane urung tangi..he.)

Nek arep menjelang ulang tahun anaku sing pertama kiye mesthi ana-ana bae ganjarane. Tahun wingi opname gara-gara stip, padahal sekang bayi nganti umur 5 tahun nek mriyang ora tau tekan stip. Gara-gara melu imunisasi massal Polio sialan itu -sing jerene wajib- malah mbengine dadi demam tinggi nganti stip. Mondok nang rumah sakit nganti 3 ndina.

Tahun kiye kenang ganjaran maning, wis seminggu kiye Fadli kenang cacar air ketularan kancane sing nang sekolahan, terpaksane ora mlebu sekolah (semoga bae adhine ora ketularan). Tabahkan hatimu nak, ngesuk nek wis mari jalan-jalan seperti permintaanmu kemarin......

...........dan selamat ulang tahun!

05 April 2008

.:: Enam Aprilku ::.

Selamat Ulang tahun enam aprilku..!




Terima kasih
telah menemaniku selama ini......

.:: Juminten Modar ::.

Seminggu wingi (28/3) ceritane inyong melu Juminten lan Modar (Mojok Darat) karo Lik Yanto ak. Sir Mbilung ak. McNdobos. Janjane Inyong ya wis kepengin Jumintenan ket mbiyen tapi genah nek mbengi mburuh ya ora bisa teka.

Tapi jumintenan wingi tak bela-belani mbolos mburuh soale dikabari tobil jere Lik Yanto arep teka. Jyan rasane bungah lah ketemu karo kanca-kanca "gemblung" kaya bocah-bocah Cah Andong. Ora kober mingkem pokoke lah, gojek kere nganti mblenger, nganti kaku wetenge ndeleng polahe eblis-eblis CA. Apamaning ana dua sejoli Zam karo tobil ......walah klop pisan pokoke lah kaya tutup nemu tumbu.

Saking asyike gojek kere nglakoni Jumintenan jam setengah sanga nganti jam telu isuk ora krasa apamaning ketambahan -sanajan telat- kang Balibul sekang Kesultanan BHI (Bundaran Hommock Indonesia......cmiiw). Nang BHI dheweke kedapuk dadi Menperkosa (menteri persatuan komen saru). Kapan-kapan tak tilik ming BHI kang lah...!

Obrolan tambah rame sebab ketekan kanca-kanca Kutilang sing diundang nang Lik Yanto. Nah cara Inyong Lik Yanto (karo Kulitang) kue nduwe gawean sing aneh tapi nyata, soale jyan kur dolan-dolan ndelengi manuk dibayar apa ora elok. Mulane ora salah nek Lik Yanto disebut sebagai Ahli Perburungan....yaa hampir selevel karo Mak Erot lah. Bedane nek Mak Erot dibidang Penggemukan nek Lik Yanto kuwe cuma Pengamatan.

Sekang burung sing doyane kluyuran nek mbengi, burung sing ora tau turu tekan burung sing doyan ngiler apal kabeh pokoke. Nyong arep takon Lik....inyong nduwe manuk sing nduwe wulu tapi ora bisa mabur bisane kur ngidohi karo muntah kuwe termasuk spesies langka apa dudu ya?

Jyan nek ndelengna ketone kepenak temen yah, dolan-dolan ngamati burung,wis kaya kuwe dibayar maning! Kayane sing urung ana kuwe pengamat sangkar burung........nah kiye kayane termasuk peluang pekerjaan sing maen. Pengamat sangkar burung berpelumas .....halah!. Hla iya nek sangkar burunge ora ana pelumase neng nduwure mengko manuke dirubung semut.........ya nek dirubung thok, hla nek digondol apa ora cilaka kuwe..?

____________________________________________________________________________
Pacul
Jyan nembe sempat posting koh!

10 March 2008

.:: Mie Instant ::.

Mie instant nang Indonesia kuwe wis kaya makanan pokok bae, meh saben ndina kayane dhewek mangan mie instant. Saking praktise cara ngolahe dadi pilihan utama wong-wong padha milih mie instant, ora perlu ndadak kursus masak kabeh wong bisa. Sekang sing bisane kur nggodog banyu tok be anu geseng, gawe mie kiye ya anu bisa. Mulane mie instant sing ditemukna nang Momofuku Ando - dulure miyabi- kiye termasuk salah satu penemuan terjenius abad ini ngalahna penemuan karaoke karo CD sebab kepraktisane dalam hal penyajian. Mulane nang Indonesia konsumsi mie instant termasuk dhuwur tekan 11,2 milyar/tahun, jajal nek di pingna sewu perak pira? Mulane sih padha rebutan gawe pabrik mie, nek ngetung jumlah warung sebagai outlet-e nang Indonesia di misalkan baen jumlahe 1 juta warung, nek target penjualane per warung per hari ora usah akeh-akeh siji baen wis pira? pingna sewu omzete wis se-M......welah..yuhlah padha gawe pabrik mie baen lah.

Cara masak mie instant ya anu macem-macem carane, nek sing ora malesan bisa dicampuri karo bahan-bahan liyane, misale ditambahi ndok, godong bawang lan liya-liyane (men lewih sangar ya campuri obat mercon sithik...hi...hi..). Nek sing mandan males ya di masak standar tanpa tambahan apa-apa. Nek sing lumayan males ya kur di siram banyu panas nang wadahe terus dijiret karet dienteni sedela nembe bumbune di campuraken. Nek sing males banget ya anu dipangan mentahan, diremuk tok terus bumbune dicampuraken. Nah nek sing super duper amat sangat males banget sekali ya anu gur diuntal wutuhan sisan karo plastike..... ndean........he..he...

Nek masalah rega mie instant termasuk murah, malah ujarku murah siki timbang gemiyen. Nek jaman ndisit wektu rega mie isih 250 ripis kuwe sepadan karo rega Mie Pitik semangkok, bandingna karo jaman siki sing rega mie kur sekitar 1000 ripis wis ora bisa nggo tuku mie pitik semangkok. Nek nekat nggo tuku baen ya paling-paling kur diwei kuahe tok bonus saos, nek tetep ngeyel ya ditambahi sandal ndean nang bakule men pedhes. (disamplukna maksude ..he..he..) . Nek tetep ngeyel ya disrampang karo gerobage ndean.....hi..hi..

Sing hebat maning karo rega sing mung 1000 ripis mau dhewek wis bisa ngrasakna sing jenenge rasa soto, rasa soto daging sapi, rasa ayam bawang, rasa kari ayam, ana maning rasa ayam spesial. Nah sing urung ana kayane rasa stroberi karo rasa duren...nek bisa milih kayane tetep milih mie rasa Miyabi....wekekekekekkek.Tapi menurute Inyong dari semua rasa sing ana sing paling enak kur siji yakuwe rasa mbayar........wes jyan paling enak pokoke kuwe...yaqin lah.



Slurrrrrrps...!

Nek menurut sejarah per-mie-an nang Indonesia pertama kali sing muncul lan menguasai pasar mie kuwe nek ora salah kuwe Suprimie, bar kuwe digeser nang Sarimien. Bar kuwe digeser nang Indromie sing nganti siki esih dominan nang jagad per-mie-an saingan karo Mie Sendlaap. Nek merk liyane kayane kur nggo penggembira thok kaya Mie ABCD terus mie Selera Rayap sing regane mung mangasu ripis sebungkuse. Nek kaya Inyong ya ajeg selerane tetep setia dengan Mie' Susu.....halah....

Tapi sayange jere penelitian mie instant bisa nyebabna kanker sebab ana lapisan liline sing mencegah mie-ne ora lengket nek dimasak. Dadi ngonsumsi mie instant saben ndina bisa ningkataken resiko kena kanker ( ya iyalah.....nek saben dina pancen marekna kantong kering). Nah kiye ana penelitian sing anyar maning jere malah mie instant bisa merusak mata (wuadhuh buju busyet.....), nek mau kan mie-ne sing bisa nyebabna kanker, hla nek sing kiye malah bumbune........(apa izya?) ya banget terutama nek bumbu karo cabe keringe kuwe ditaburaken maring mata.......wes jajal baen ngonoh nek sering baen tulih bejad matane.....nggih napa mboten....hla nggih lah.

wis lah kesel.

_________________________________________________
Pacul
seneng mie'

06 March 2008

.:: Apik Pisan ::.

Anaku sing wis sekolah nang TK biasane nek bali sekolah nggawa lagu anyar, baik lagu anak-anak sing diwarahi nang guru utawa lagu wong dewasa sing wis di modif lirike sing biasane nirukna kanca-kancane. Hla..... kiye ora tau-taune bali sekolah nggawa lagu anyar -jane lagu lawas sing dirubah lirike- tapi lirike maen pisan koh.......


"Satu-satu aku sayang ibu,

dua-dua juga sayang ibu,

tiga-tiga sayang ibu juga,

satu dua tiga ibuku banyak sekali "


Jyan nembe tumon koh ana lirik kaya kuwe..........cocok pisan yakin
Cocok karo regane ndok lah..................bungkuuuuuus! he.....he...

___________________________________________________
Pacul
tukar tambah baen apa yah?

22 February 2008

.:: Asal Kata Perempuan ::.

asal kata perempuan jerene secara etimologis (halah....istilah apamaning kuwelah) asale sekang kata 'empu' sing artine tuan, wong sing mahir/mampu mencipta (anak??) bandingane ya kaya Empu sing bisa gawe/mencipta keris.

ana maning jere sekang kata 'ampu' sing tegese sokong, memerintah, penjaga keselamatan, penyangga, kata mengampu artine menahan men ora tiba, nek pengampu artine penahan, penyangga. Mulane ana kata-kata pengampu susu bahasa lain dari 'kutang/BH'. dadi nek diterapna nang sehari-hari bisa memperhalus bahasa, misale :

"mba tumbas pengampu wedang bayi sekalian isine"..halah

utawane:

"mba tumbas pengampu wedang bayi ingkang nomer 32 tapi sing cutbrei nek mboten nggih sing baggy"..hassyah..





Tapi menurute Inyong asal kata perempuan sing paling mendekati tur ketone lewih pas (berdasar KBBT "Kamus Besar Bahasa Tubuh") kuwe sekang kata "empuk". Dadine "perempukan" nek wong wetanan ya dadi "perempu'an".....nah suwe-suwe dadi kata perempuan.

Kenapa empuk?.....lah ora usah diterangna maning, kayane wis padha mudeng kabeh.......sing jelas bagi anda-anda komunitas anti kekerasan cinta kekenyalan mesti setuju dengan asal kata kuwe.....ya ora?


__________________________________________________
Pacul
seneng perempukan

16 February 2008

.:: Modar nang Djokja ::.

Ketekan dulur lanang sing maune kur kenal nang dunia hitam.....eh maya...jyan rasane bungah pisan ora nyangka bisa Modar (Mojok Darat) nang djokja, Kang Eko sing maune dhewekan sekang perjalanan Tour de' mubeng-mubeng molaih sekang njakarta kota macetpolitan trus Solo (kan!) berlanjut tekan New York (yakarta), terus ngabari kang Fadli sing sidane nyusul, akhire dadi Modar wong telu nang Djokja........(arep trisam apa kang?......sih ndhasmu lah)

sekang kumpul-kumpul bocahan kuwe mau nang Djokja tercetus ide sing maen tur sangar lan perlu di dukung terutama netter utawa blogger khususe warga Cilacap baik sing nang Cilacap utawane nang luar Cilacap sebagi tim penggerak pertama.

Garis besar idene bisa diwaca nang kene, apdete nang kene. (mohon dibaca semuanya.....penting)

dadi intine njaluk masukan utawane bantuan kontribusi utawane dadi kontributor......(sukur-sukur bisa aweh logistik nggo modal awal gawe webe) tapi sing penting ya kuwe kontribusi tulisane........nek bisa sih bisa dadi alat informasi nggo pemberdayaan ekonomi, dadi sing nduwe potensi ekonomi apa unit-unit usaha utawa home industri sing wis mlaku bisa di share nang webe kuwe mau, dadi wong sing nang daerah liya bisa melu belajar utawa bisa maca peluang sing bisa dikembangba dengan potensi kelokalan. Bisa juga nggo informasi wong-wong sing padha merantau nang luar, sing bingung bali arep bukak usaha apa? bisa nduwe gambaran usaha mengkone nek bali ming Cilacap.

Minim-minime ya bisa nggo memberdayakan Jurnalisme warga jurnalisme sing berbasis komunitas, wong jere anggaran tahun kiye -nang cilacap- ADD desa nggo anggaran internet kuwe tekan 42 juta (anu program e-gov kayane), dadi men ora mubah komputere pating krungkag ora kanggo nggawe bisa dimanpangataken nggo sarana informasi. Jane kiye anu bergerak di luar jalur goverment dan akan berbasis komunitas tapi nek bisa manpangataken komputer sing nganggur kuwe mau ya ora papa.

Apa kuwe Jurnalisme warga bisa di deleng nang kene, conto-conto manfaat jurnalisme warga bisa di deleng nang kene.
Conto kontribusi tulisan karo conto plasma pemberdayaan ekonomi sing wis jalan bisa di deleng nang kene.

_______________________________________
Pacul
kiye wis tak sebar kang, aja domeih nyong lah

06 February 2008

28 January 2008

.:: Kadingaren ::.

"kang mbahe mati..."

"jere sapa? Kadingaren temen kuwe mati...."

"sih...lah..aja kaya kuwe kang.."

"lha...... iya ora tau-taune temen kuwe mati koh........biasane mbok urip??"
"mati nangapa kuwe??"

"Kelalen ambekan kang..."

"Nah.... kuwe mulane ambekan aja nganti padha kelalen......."

"Deneng matine ngepasi dina minggu ya kang?"

"anu nyawane kepengin prei-an kayane"

"Kabeh bisa dituku.....nyawa thok kayane sing ora bisa ya kang.."

"jere sapa?....lha kae nyawa timur (blok cepu) wis di dol maring iblis kapitalis"

"oOo..izya yah....delamaning nyawa barat karo nyawa tengah ndean kang"

"ya izya..."


_____________________________
Pacul
Semoga kematian menjadi cermin

26 January 2008

.:: Bayi Instant ::.

Jaman siki hampir kabehan aspek kehidupan wis bisa direkayasa karo teknologi, sekang nandur pari sing umure bisa diperpendek, ayam pedaging sing kur 40 dina bisa dipanen, tekan semangka sing bisa ora ana wijine utawa non biji. Tapi sing tak gumuna nek jagung di gawe non biji kenangapa ora payu yah.....he.....he.

Kayane nek evolusine kang Darwin temenanan, menungsa mbesuk-mbesuk kuwe ora nduwe tangan karo sikil utawa ana ya anu lumpuh, soale apa-apa wis dekepenakna kabeh dadi sikil karo tangan ora kanggo. Arep munggah gedung wis ana lift apa Es Calator (jenis es apamaning kiye yah?..) arep mbukak lawang wis ana remote, dadi suwe-suwe tangan karo sikil ora kanggo......pengecualian paling-paling karo sing biasa akrab karo tangan tengen nang kamar mandi...kuwe mesti ora melu kena proses evolusi sebabe kanggo terus....he.. .he.



Hasil bayi instan


Nah kiye siki ana maning teknologi sing paling anyar, yakuwe Bayi Instant. Bayi sing maune nang kandungan kuwe 9 wulan siki bisa disingkat wektune kurang sekang 9 wulan apa ora hebat? Contone tanggaku wingi ujarku pengantenan urung ana 5 wulan koh anake wis metu....jyan bener-bener bayi instant temenan kuwe. Artis ya ana sing kaya kuwe pengantenan urung ana setengah tahun anake wis metu....apa ora hebat wong Endonesah bisa ngembangna teknologi anyar sing bisa mempersingkat kandungan memperlama penanaman.

.................

"canggih temen koh yu....dela baen bayine metu, nganggo teknologi anyar apa?bayi instant!"
Jawabane ya anu klasik:
"ya ora kang.....wong anu anaku lair premature"

huuulah.......bayi prematur masa bobote telung kilo setengah.......apa tumon!

_________________________________________
Pacul
Lewih seneng mie instant

22 January 2008

.:: Itil ::.

Isengi-iseng playon nang multipeli dot com-nganti kemringet- lha kok nang pojokan ana iklan sing nyleneh tulisane



lah ujarku hla apa.....jebule anu singkatan...... ITIL = the IT Infrastructure Library, dadi marekna mikir sing iya-iya -pada baen karo sing lagi maca kiye- padahal isine ya anu maen pisan, kena nggo mbantu ngimplementasi nang IT service management. Kayata Service Strategy, Service Design, Service Transition, Service Operation lan Continual Service Improvement.

Sing detawakna juga ora kur kuwe tok ana ITIL toolkit, ITIL Training, ITIL Triangel...akeh lah pokoke ITILe....

Lah wis lah.......kakehan nulis itil.....suwe-suwe gemeter koh..!

________________________________________________
Pacul
pengin nyinauni itil

18 January 2008

Selingkuh Sekali Saja......

Telung wulan kepungkur Inyong krungu kabar kanca sekontrakan ndisit nang Solo sing siki domisilite nang Kudus wis duwe anak loro, rumah tanggane lagi gonjang-ganjing (aja dewaca wonjang-wanjing lho). Lha sebabe nangapa kuwe? jebul kancaku kuwe mau selingkuh (huuulah...ya iya). Jenenge baen selingkuh....selingan keluarga utuh...nek miturute inyong kriteria selingkuh nang keluarga kuwe werna-werna, contone:
1) selingkuh keuangan, nah kiye sing akeh dilakokna nang wong lanang. Pendapatan sing dilaporna meng sodara bojo gur sing tercantum nang slip gaji, nek sripilane utawa saweran liane ora delaporna meng sodara bojo. Biasane sih sekang penghasilan non bugjeter kiye molaih ana pikiran arep selingkuh sebab duwe duwit lewih.......biasa lah nek duwite lewih ya kepengin apa sing ora....mbok kaya kuwe? ( ya iya......sauri dhewek lah)
2) selingkuh fisik, nek sing kiye biasane anu wong sing seneng ngecer nang ndalan, istilahe ora wani tuku paketan ya tuku ketengan ... nek basa abegene siki ya Tak Bisa ke Lain Hati......tapi ke lain body ....kaya kuwe
3) selingkuh fisik & hati, nek sing kiye sing dimaksud selingkuh dalam arti sebenarnya....biasane meliputi 2 kriteria sing nang nduwur mau.....ya ke lain hati..ya ke lain body....dadinnane ya kelainan ......ndean.
4) lha nek nomer papat kiye mbok ana sing arep nambahi ya ngonoh tambahi dhewek...mbok ana sing kurang lah (enggane mangas temen lah telu isih kurang....klamite)

Nah kancaku kuwe mau kayane ketiban kriteria sing nomer telu, dheweke selingkuh karo kanca sekantore sing mesthi baen lewih enom lan lewih mloes tinimbang bojone....ora kelingan nek wis nduwe anak loro. Jan-jane Inyong ora gumun nek krungu kancaku kuwe selingkuh, soale gemiyen wis janji nek sida nikah karo bojone kuwe mau arep selingkuh ora ketang gur sepisan seumur hidup (janji yang aneh...). Tapi dheweke wani janji kaya kuwe ya ana sebabe, ceritane kaya kiye.....pas isih padha kuliah wong lor kuwe mau wis padha tunangan...nah wektu sing wadon melu KKN, dheweke selingkuh karo bocah lanang liya nanggon KKNe walaupun bisa diselesaikan secara adat tapi kancaku kuwe mau carane isih nduwe rasa balas dendam lah...."kapanane nduwe keslempitan masa oraha inyong bisa" batine kancane inyong.

Tapi cara Inyong ya melasi anake, dadi perkembangan jiwane ora maen, apamaning sing ngerti disit bapake selingkuh kuwe anake. Anake weruh nek ramane lagi mboncengna wadonan, mesrah pisan, ngethapel nang mburi kraket ora ucul kaya kinjeng kenang pulut nangka ......wis jyan isih cilik wis diwarahi ora apik......gedhene kayangapa kuwe?


I am selingkuh

Akhir tahun wingi aku ketemu nang Jogja, dheweke crita nek keluargane wis beres, wis aman terkendali, cuma dheweke metu sekang kerjaan jalaran isin karo kanca-kancane, dadi siki molaih sekang nol maning nang gawean anyar. Tapi sing urung bisa diatasi kuwe polaeh anake lanang sing dadi mbajug karo ramane (salahe dhewek..) dadi sering ijig-ijig ngacungi meng ramane karo nyanyi lagune Matta.....O..o....kamu ketahuan.....pacaran lagi.......

Huuulah.......kapokmu kapan ndul..ndul.....mulane aja sok nggragas......nggoleti godong nom.....

___________________________________________________________________
Pacul
isih setia

09 January 2008

100 Pejabat Terkaya Indonesia

Pejah-bat sing paling sugih wis mesti tetep Pak Abu pada karo sing dirilis Forbes mulane korban Lapindo ora usah kuwatir nek ora kebayar ganti rugine, tapi ya kuwe jenenge baen ganti rugi ya mesti baen rugine. Mulane aja gelem ganti rugi, njaluk baen ganti untung....wes jyan Pak Abu kepriwe kuwe kontras temen hartane karo sengsarane korban Lapindo......

Sing tak kagetna maning Bupatine Inyong Cilacap kuwe termasuk Pejah-bat paling sugih nomer 20 (ngalahna SBY sing kur nomer 85) lan termasuk bupati terkaya nomer 6 se-Indonesia raya merdeka......(deneng nang bangsari isih ana bocah ora bisa sekolah yah?). Nek Bupati terkaya no. 1 kuwe bupati Karanganyar (55,9 M) padahal jerene gemiyen pas nyalon bupati kuwe nembe duwe 5 M .........(lah mbuh lah)



klik men gede

Selengkape:
- Tabel 100 Peringkat Pejabat Terkaya Indonesia
- Tabel 25 Pejabat Negara dan Pemimpin Daerah Terkaya

Bupatine rika nomer pira?

.........................................................................................................................................
Pacul
durung sugih

07 January 2008

Turu (ora nganggo "K")

Nek ngitung-itung nikmate singgawe urip, kayane banyu segara dinggo nulis kuwe ora cukup, saking akehe. Contone baen sing wong akeh-akehe ora nggatekna maring nikmat sing siji kiye yakuwe udara.

"nek wadon ya..udari ya kang." sih ...lah

Udara/oksigen kuwe disediakna nang sing gawe urip nganti jumlah sing akeh lan gratis nganggone, dadi ora perlu nganggo eksplorasi nggoleti oksigen, jyan kaya-kayane nek ora kaya kuwe duwite Inyong rika kabeh entek ketungkul nggo nukoni oksigen tur uripe ya ora dadi praktis maring ngendi-endi nggendongi tabung oksigen. Tapi untunge nang singgawe urip disediakna gratis-tis ora kon mbayar seperak-perak acan........ apa ora kepenak?

Nah nikmat sing liyane sing ketone sepele yakuwe turu, jyan nekmat temenan kuweh nek bisa turu. Apamaning nek wes pirang-pirang ndina kurang turu terus bisa nglironi turune jyan ketone koh nekmaaaaat..bangets turune. Asal aja kelaen baen turu nang nduwur rel..kepengin depijeti mbah Argo Lawu apa? nek ora kaya tanggaku kae, gara-gara turu bisa babak bundhas, benjut ora nggenah. Lha priwe ora benjut wong turu karo bojone wong lia...wes jyan ana-ana baen.

Tapi jan-jane kakehan turu ya ora apik, dadi marekna urip kiye kurang produktip. Mulane Kanjeng Nabi mrentahna kon ngurangi turu, nek tengah wengi kon tangi kon eling karo sing gawe urip...dzikir. Nek dipikir-pikir ana benere juga....siki nek manut karo anjurane wong kesehatan, turu sing ideal kuwe 8 jam sedina sewengi. Berarti kuwe 1/3 ne uripe dhewek. nek sewulan berarti dhewek nglakoni aktipitas kur 20 dina thok, sing 10 dina kuwe nggo turu. Lha misale nek umure nembe 30 taun berarti 10 tahun nggo turu, 20 tahun nggo urip dikurangi masa kanak-kanak misale 12 tahun ketemune mung 8 tahun. 8 tahun kuwe urip sing bisa dipertanggungjawabna, urip setelah akil baligh...hla ..jebul uripe dewek sing produktip kuwe nembe sithik banget...ya nek dimanpangatna nggo aktifitas sing produktip....lha nek nggo maksiatan thok...apa ora melas kuwe. Urung nggo sing nggo ngibadah porsine sepira kuwe? mulane bener nek Kanjeng Nabi kuwe mrentahna kon ngurangi turu wengi....dadi urip kuwe bisa lewih produktip.




Lha nek crita bab turu-menuru kiye Inyong dadi kemutan kancaku ndisit pas sekolah, dheweke kuwe cah Indramayu dadi ora bisa basa wetanan. Karepe pingin blajar basa kromo alus, nah nang kancane kuwe diwei jurus praktis men cepet bisa basa kromoan. dadi cara gampange kuwe kabeh kosakata sing ora ngerti basa aluse ditambahi kata "ipun" nang mburine, contone: Klambi, nek basa aluse kan ageman utawa rasukan tapi nek klalen basa aluse gari ditambahi "ipun" mburine dadi klambinipun..kan beres, minimal ya dadi mandan alus lah..

Nah kiye kancaku kuwe mau critane arep bali meng Indramayu numpak bisa sekang Solo (biasane liwat Semarang). Lha nang bis kuwe mau, jejere ana ibu-ibu karo anak gadise sing kinyis-kinyis lah pokoke. Anak gadise kuwe mau sepanjang perjalanan isine turu baen, dadi gelem ora gelem ngobrole karo biyunge. Tapi sebab ndelengna anake turune keton enak banget, kancaku kuwe mau banjur takon karo basa krama sing campuran ora nggenah sing wis disinauni dengan susah payah sedurunge.

"Bu ketingale niku, putrane turu'ipun enak sanget"

Biyunge mlirik karo mendelik...ora kesuwen kuwe kancaku diunek-unekna, didomehi entong bresih, jyan pokoke dikumbah nganti resik lah..tanpa diberi kesempatan nggo membela diri. Akhire ya ora kesuwen mlayu maring kondekture njaluk mudun nang ndalan (padahal urung tekan Semarang acan) dari pada isin nang bis didelengna wong akeh. Apese maning tikete wis dibayar penuh tekan Indramayu....apa ora melasi jajal.

......................................................................................................
Pacul
Isih seneng turu (nganggo "k" ya kena)