28 January 2008

.:: Kadingaren ::.

"kang mbahe mati..."

"jere sapa? Kadingaren temen kuwe mati...."

"sih...lah..aja kaya kuwe kang.."

"lha...... iya ora tau-taune temen kuwe mati koh........biasane mbok urip??"
"mati nangapa kuwe??"

"Kelalen ambekan kang..."

"Nah.... kuwe mulane ambekan aja nganti padha kelalen......."

"Deneng matine ngepasi dina minggu ya kang?"

"anu nyawane kepengin prei-an kayane"

"Kabeh bisa dituku.....nyawa thok kayane sing ora bisa ya kang.."

"jere sapa?....lha kae nyawa timur (blok cepu) wis di dol maring iblis kapitalis"

"oOo..izya yah....delamaning nyawa barat karo nyawa tengah ndean kang"

"ya izya..."


_____________________________
Pacul
Semoga kematian menjadi cermin

26 January 2008

.:: Bayi Instant ::.

Jaman siki hampir kabehan aspek kehidupan wis bisa direkayasa karo teknologi, sekang nandur pari sing umure bisa diperpendek, ayam pedaging sing kur 40 dina bisa dipanen, tekan semangka sing bisa ora ana wijine utawa non biji. Tapi sing tak gumuna nek jagung di gawe non biji kenangapa ora payu yah.....he.....he.

Kayane nek evolusine kang Darwin temenanan, menungsa mbesuk-mbesuk kuwe ora nduwe tangan karo sikil utawa ana ya anu lumpuh, soale apa-apa wis dekepenakna kabeh dadi sikil karo tangan ora kanggo. Arep munggah gedung wis ana lift apa Es Calator (jenis es apamaning kiye yah?..) arep mbukak lawang wis ana remote, dadi suwe-suwe tangan karo sikil ora kanggo......pengecualian paling-paling karo sing biasa akrab karo tangan tengen nang kamar mandi...kuwe mesti ora melu kena proses evolusi sebabe kanggo terus....he.. .he.



Hasil bayi instan


Nah kiye siki ana maning teknologi sing paling anyar, yakuwe Bayi Instant. Bayi sing maune nang kandungan kuwe 9 wulan siki bisa disingkat wektune kurang sekang 9 wulan apa ora hebat? Contone tanggaku wingi ujarku pengantenan urung ana 5 wulan koh anake wis metu....jyan bener-bener bayi instant temenan kuwe. Artis ya ana sing kaya kuwe pengantenan urung ana setengah tahun anake wis metu....apa ora hebat wong Endonesah bisa ngembangna teknologi anyar sing bisa mempersingkat kandungan memperlama penanaman.

.................

"canggih temen koh yu....dela baen bayine metu, nganggo teknologi anyar apa?bayi instant!"
Jawabane ya anu klasik:
"ya ora kang.....wong anu anaku lair premature"

huuulah.......bayi prematur masa bobote telung kilo setengah.......apa tumon!

_________________________________________
Pacul
Lewih seneng mie instant

22 January 2008

.:: Itil ::.

Isengi-iseng playon nang multipeli dot com-nganti kemringet- lha kok nang pojokan ana iklan sing nyleneh tulisane



lah ujarku hla apa.....jebule anu singkatan...... ITIL = the IT Infrastructure Library, dadi marekna mikir sing iya-iya -pada baen karo sing lagi maca kiye- padahal isine ya anu maen pisan, kena nggo mbantu ngimplementasi nang IT service management. Kayata Service Strategy, Service Design, Service Transition, Service Operation lan Continual Service Improvement.

Sing detawakna juga ora kur kuwe tok ana ITIL toolkit, ITIL Training, ITIL Triangel...akeh lah pokoke ITILe....

Lah wis lah.......kakehan nulis itil.....suwe-suwe gemeter koh..!

________________________________________________
Pacul
pengin nyinauni itil

18 January 2008

Selingkuh Sekali Saja......

Telung wulan kepungkur Inyong krungu kabar kanca sekontrakan ndisit nang Solo sing siki domisilite nang Kudus wis duwe anak loro, rumah tanggane lagi gonjang-ganjing (aja dewaca wonjang-wanjing lho). Lha sebabe nangapa kuwe? jebul kancaku kuwe mau selingkuh (huuulah...ya iya). Jenenge baen selingkuh....selingan keluarga utuh...nek miturute inyong kriteria selingkuh nang keluarga kuwe werna-werna, contone:
1) selingkuh keuangan, nah kiye sing akeh dilakokna nang wong lanang. Pendapatan sing dilaporna meng sodara bojo gur sing tercantum nang slip gaji, nek sripilane utawa saweran liane ora delaporna meng sodara bojo. Biasane sih sekang penghasilan non bugjeter kiye molaih ana pikiran arep selingkuh sebab duwe duwit lewih.......biasa lah nek duwite lewih ya kepengin apa sing ora....mbok kaya kuwe? ( ya iya......sauri dhewek lah)
2) selingkuh fisik, nek sing kiye biasane anu wong sing seneng ngecer nang ndalan, istilahe ora wani tuku paketan ya tuku ketengan ... nek basa abegene siki ya Tak Bisa ke Lain Hati......tapi ke lain body ....kaya kuwe
3) selingkuh fisik & hati, nek sing kiye sing dimaksud selingkuh dalam arti sebenarnya....biasane meliputi 2 kriteria sing nang nduwur mau.....ya ke lain hati..ya ke lain body....dadinnane ya kelainan ......ndean.
4) lha nek nomer papat kiye mbok ana sing arep nambahi ya ngonoh tambahi dhewek...mbok ana sing kurang lah (enggane mangas temen lah telu isih kurang....klamite)

Nah kancaku kuwe mau kayane ketiban kriteria sing nomer telu, dheweke selingkuh karo kanca sekantore sing mesthi baen lewih enom lan lewih mloes tinimbang bojone....ora kelingan nek wis nduwe anak loro. Jan-jane Inyong ora gumun nek krungu kancaku kuwe selingkuh, soale gemiyen wis janji nek sida nikah karo bojone kuwe mau arep selingkuh ora ketang gur sepisan seumur hidup (janji yang aneh...). Tapi dheweke wani janji kaya kuwe ya ana sebabe, ceritane kaya kiye.....pas isih padha kuliah wong lor kuwe mau wis padha tunangan...nah wektu sing wadon melu KKN, dheweke selingkuh karo bocah lanang liya nanggon KKNe walaupun bisa diselesaikan secara adat tapi kancaku kuwe mau carane isih nduwe rasa balas dendam lah...."kapanane nduwe keslempitan masa oraha inyong bisa" batine kancane inyong.

Tapi cara Inyong ya melasi anake, dadi perkembangan jiwane ora maen, apamaning sing ngerti disit bapake selingkuh kuwe anake. Anake weruh nek ramane lagi mboncengna wadonan, mesrah pisan, ngethapel nang mburi kraket ora ucul kaya kinjeng kenang pulut nangka ......wis jyan isih cilik wis diwarahi ora apik......gedhene kayangapa kuwe?


I am selingkuh

Akhir tahun wingi aku ketemu nang Jogja, dheweke crita nek keluargane wis beres, wis aman terkendali, cuma dheweke metu sekang kerjaan jalaran isin karo kanca-kancane, dadi siki molaih sekang nol maning nang gawean anyar. Tapi sing urung bisa diatasi kuwe polaeh anake lanang sing dadi mbajug karo ramane (salahe dhewek..) dadi sering ijig-ijig ngacungi meng ramane karo nyanyi lagune Matta.....O..o....kamu ketahuan.....pacaran lagi.......

Huuulah.......kapokmu kapan ndul..ndul.....mulane aja sok nggragas......nggoleti godong nom.....

___________________________________________________________________
Pacul
isih setia

09 January 2008

100 Pejabat Terkaya Indonesia

Pejah-bat sing paling sugih wis mesti tetep Pak Abu pada karo sing dirilis Forbes mulane korban Lapindo ora usah kuwatir nek ora kebayar ganti rugine, tapi ya kuwe jenenge baen ganti rugi ya mesti baen rugine. Mulane aja gelem ganti rugi, njaluk baen ganti untung....wes jyan Pak Abu kepriwe kuwe kontras temen hartane karo sengsarane korban Lapindo......

Sing tak kagetna maning Bupatine Inyong Cilacap kuwe termasuk Pejah-bat paling sugih nomer 20 (ngalahna SBY sing kur nomer 85) lan termasuk bupati terkaya nomer 6 se-Indonesia raya merdeka......(deneng nang bangsari isih ana bocah ora bisa sekolah yah?). Nek Bupati terkaya no. 1 kuwe bupati Karanganyar (55,9 M) padahal jerene gemiyen pas nyalon bupati kuwe nembe duwe 5 M .........(lah mbuh lah)



klik men gede

Selengkape:
- Tabel 100 Peringkat Pejabat Terkaya Indonesia
- Tabel 25 Pejabat Negara dan Pemimpin Daerah Terkaya

Bupatine rika nomer pira?

.........................................................................................................................................
Pacul
durung sugih

07 January 2008

Turu (ora nganggo "K")

Nek ngitung-itung nikmate singgawe urip, kayane banyu segara dinggo nulis kuwe ora cukup, saking akehe. Contone baen sing wong akeh-akehe ora nggatekna maring nikmat sing siji kiye yakuwe udara.

"nek wadon ya..udari ya kang." sih ...lah

Udara/oksigen kuwe disediakna nang sing gawe urip nganti jumlah sing akeh lan gratis nganggone, dadi ora perlu nganggo eksplorasi nggoleti oksigen, jyan kaya-kayane nek ora kaya kuwe duwite Inyong rika kabeh entek ketungkul nggo nukoni oksigen tur uripe ya ora dadi praktis maring ngendi-endi nggendongi tabung oksigen. Tapi untunge nang singgawe urip disediakna gratis-tis ora kon mbayar seperak-perak acan........ apa ora kepenak?

Nah nikmat sing liyane sing ketone sepele yakuwe turu, jyan nekmat temenan kuweh nek bisa turu. Apamaning nek wes pirang-pirang ndina kurang turu terus bisa nglironi turune jyan ketone koh nekmaaaaat..bangets turune. Asal aja kelaen baen turu nang nduwur rel..kepengin depijeti mbah Argo Lawu apa? nek ora kaya tanggaku kae, gara-gara turu bisa babak bundhas, benjut ora nggenah. Lha priwe ora benjut wong turu karo bojone wong lia...wes jyan ana-ana baen.

Tapi jan-jane kakehan turu ya ora apik, dadi marekna urip kiye kurang produktip. Mulane Kanjeng Nabi mrentahna kon ngurangi turu, nek tengah wengi kon tangi kon eling karo sing gawe urip...dzikir. Nek dipikir-pikir ana benere juga....siki nek manut karo anjurane wong kesehatan, turu sing ideal kuwe 8 jam sedina sewengi. Berarti kuwe 1/3 ne uripe dhewek. nek sewulan berarti dhewek nglakoni aktipitas kur 20 dina thok, sing 10 dina kuwe nggo turu. Lha misale nek umure nembe 30 taun berarti 10 tahun nggo turu, 20 tahun nggo urip dikurangi masa kanak-kanak misale 12 tahun ketemune mung 8 tahun. 8 tahun kuwe urip sing bisa dipertanggungjawabna, urip setelah akil baligh...hla ..jebul uripe dewek sing produktip kuwe nembe sithik banget...ya nek dimanpangatna nggo aktifitas sing produktip....lha nek nggo maksiatan thok...apa ora melas kuwe. Urung nggo sing nggo ngibadah porsine sepira kuwe? mulane bener nek Kanjeng Nabi kuwe mrentahna kon ngurangi turu wengi....dadi urip kuwe bisa lewih produktip.




Lha nek crita bab turu-menuru kiye Inyong dadi kemutan kancaku ndisit pas sekolah, dheweke kuwe cah Indramayu dadi ora bisa basa wetanan. Karepe pingin blajar basa kromo alus, nah nang kancane kuwe diwei jurus praktis men cepet bisa basa kromoan. dadi cara gampange kuwe kabeh kosakata sing ora ngerti basa aluse ditambahi kata "ipun" nang mburine, contone: Klambi, nek basa aluse kan ageman utawa rasukan tapi nek klalen basa aluse gari ditambahi "ipun" mburine dadi klambinipun..kan beres, minimal ya dadi mandan alus lah..

Nah kiye kancaku kuwe mau critane arep bali meng Indramayu numpak bisa sekang Solo (biasane liwat Semarang). Lha nang bis kuwe mau, jejere ana ibu-ibu karo anak gadise sing kinyis-kinyis lah pokoke. Anak gadise kuwe mau sepanjang perjalanan isine turu baen, dadi gelem ora gelem ngobrole karo biyunge. Tapi sebab ndelengna anake turune keton enak banget, kancaku kuwe mau banjur takon karo basa krama sing campuran ora nggenah sing wis disinauni dengan susah payah sedurunge.

"Bu ketingale niku, putrane turu'ipun enak sanget"

Biyunge mlirik karo mendelik...ora kesuwen kuwe kancaku diunek-unekna, didomehi entong bresih, jyan pokoke dikumbah nganti resik lah..tanpa diberi kesempatan nggo membela diri. Akhire ya ora kesuwen mlayu maring kondekture njaluk mudun nang ndalan (padahal urung tekan Semarang acan) dari pada isin nang bis didelengna wong akeh. Apese maning tikete wis dibayar penuh tekan Indramayu....apa ora melasi jajal.

......................................................................................................
Pacul
Isih seneng turu (nganggo "k" ya kena)