10 March 2008

.:: Mie Instant ::.

Mie instant nang Indonesia kuwe wis kaya makanan pokok bae, meh saben ndina kayane dhewek mangan mie instant. Saking praktise cara ngolahe dadi pilihan utama wong-wong padha milih mie instant, ora perlu ndadak kursus masak kabeh wong bisa. Sekang sing bisane kur nggodog banyu tok be anu geseng, gawe mie kiye ya anu bisa. Mulane mie instant sing ditemukna nang Momofuku Ando - dulure miyabi- kiye termasuk salah satu penemuan terjenius abad ini ngalahna penemuan karaoke karo CD sebab kepraktisane dalam hal penyajian. Mulane nang Indonesia konsumsi mie instant termasuk dhuwur tekan 11,2 milyar/tahun, jajal nek di pingna sewu perak pira? Mulane sih padha rebutan gawe pabrik mie, nek ngetung jumlah warung sebagai outlet-e nang Indonesia di misalkan baen jumlahe 1 juta warung, nek target penjualane per warung per hari ora usah akeh-akeh siji baen wis pira? pingna sewu omzete wis se-M......welah..yuhlah padha gawe pabrik mie baen lah.

Cara masak mie instant ya anu macem-macem carane, nek sing ora malesan bisa dicampuri karo bahan-bahan liyane, misale ditambahi ndok, godong bawang lan liya-liyane (men lewih sangar ya campuri obat mercon sithik...hi...hi..). Nek sing mandan males ya di masak standar tanpa tambahan apa-apa. Nek sing lumayan males ya kur di siram banyu panas nang wadahe terus dijiret karet dienteni sedela nembe bumbune di campuraken. Nek sing males banget ya anu dipangan mentahan, diremuk tok terus bumbune dicampuraken. Nah nek sing super duper amat sangat males banget sekali ya anu gur diuntal wutuhan sisan karo plastike..... ndean........he..he...

Nek masalah rega mie instant termasuk murah, malah ujarku murah siki timbang gemiyen. Nek jaman ndisit wektu rega mie isih 250 ripis kuwe sepadan karo rega Mie Pitik semangkok, bandingna karo jaman siki sing rega mie kur sekitar 1000 ripis wis ora bisa nggo tuku mie pitik semangkok. Nek nekat nggo tuku baen ya paling-paling kur diwei kuahe tok bonus saos, nek tetep ngeyel ya ditambahi sandal ndean nang bakule men pedhes. (disamplukna maksude ..he..he..) . Nek tetep ngeyel ya disrampang karo gerobage ndean.....hi..hi..

Sing hebat maning karo rega sing mung 1000 ripis mau dhewek wis bisa ngrasakna sing jenenge rasa soto, rasa soto daging sapi, rasa ayam bawang, rasa kari ayam, ana maning rasa ayam spesial. Nah sing urung ana kayane rasa stroberi karo rasa duren...nek bisa milih kayane tetep milih mie rasa Miyabi....wekekekekekkek.Tapi menurute Inyong dari semua rasa sing ana sing paling enak kur siji yakuwe rasa mbayar........wes jyan paling enak pokoke kuwe...yaqin lah.



Slurrrrrrps...!

Nek menurut sejarah per-mie-an nang Indonesia pertama kali sing muncul lan menguasai pasar mie kuwe nek ora salah kuwe Suprimie, bar kuwe digeser nang Sarimien. Bar kuwe digeser nang Indromie sing nganti siki esih dominan nang jagad per-mie-an saingan karo Mie Sendlaap. Nek merk liyane kayane kur nggo penggembira thok kaya Mie ABCD terus mie Selera Rayap sing regane mung mangasu ripis sebungkuse. Nek kaya Inyong ya ajeg selerane tetep setia dengan Mie' Susu.....halah....

Tapi sayange jere penelitian mie instant bisa nyebabna kanker sebab ana lapisan liline sing mencegah mie-ne ora lengket nek dimasak. Dadi ngonsumsi mie instant saben ndina bisa ningkataken resiko kena kanker ( ya iyalah.....nek saben dina pancen marekna kantong kering). Nah kiye ana penelitian sing anyar maning jere malah mie instant bisa merusak mata (wuadhuh buju busyet.....), nek mau kan mie-ne sing bisa nyebabna kanker, hla nek sing kiye malah bumbune........(apa izya?) ya banget terutama nek bumbu karo cabe keringe kuwe ditaburaken maring mata.......wes jajal baen ngonoh nek sering baen tulih bejad matane.....nggih napa mboten....hla nggih lah.

wis lah kesel.

_________________________________________________
Pacul
seneng mie'

06 March 2008

.:: Apik Pisan ::.

Anaku sing wis sekolah nang TK biasane nek bali sekolah nggawa lagu anyar, baik lagu anak-anak sing diwarahi nang guru utawa lagu wong dewasa sing wis di modif lirike sing biasane nirukna kanca-kancane. Hla..... kiye ora tau-taune bali sekolah nggawa lagu anyar -jane lagu lawas sing dirubah lirike- tapi lirike maen pisan koh.......


"Satu-satu aku sayang ibu,

dua-dua juga sayang ibu,

tiga-tiga sayang ibu juga,

satu dua tiga ibuku banyak sekali "


Jyan nembe tumon koh ana lirik kaya kuwe..........cocok pisan yakin
Cocok karo regane ndok lah..................bungkuuuuuus! he.....he...

___________________________________________________
Pacul
tukar tambah baen apa yah?