24 April 2008

.:: Jamu ::.

Ngemeng-ngemeng masalah jamu kayane hampir kabehan wong wis tau ngrasakna jamu. Jamane nyong "terpaksa urip" nang Solo, favorite nyong kuwe jamu nang kidul prapatan gendhengan karo sing nang Kleco. Nek sing nang Gendhengan kuwe jyan pancen wis kondhang kawentar-wentar... hla wong jerene keluarga Kalitan kuwe langganan nang kono, nek ora kelalen jenenge jamu 'Sayang'. Modele jamune dudu jamu cair kaya jamu gendhong tapi bentuke bubuk, biasane dicampur karo madu karo ndok pitik utawa bebek nang gelas. Tambane gari milih beras kencur apa kunis asem. Dadi nek tuku kuwe entuk 2 gelas, jamu karo tambane kuwe sepaket.
Hla nek sing nang Kleco sing terkenal Gingsenge. Tapi nek miturutku kuwe anu campuran ginseng karo ciu, mulane adole slokian. Lumaya kena nggo anget-anget awak, daripada ngeloni kompor.

Ana maning jamu sing cara nyong termasuk extreme kuliner yakuwe Sate Jamu utawane Rica-rica Jamu. Judule tah apik Sate Jamu tapi aja salah nek "jamu" kuwe mung kamuflase sekang kata kirik. Dadi asline pancen sate kirik tapi men ora keton vulgar nemen di jenengi sate jamu utawa rica-rica jamu. Nek nang Solo golet sate jamu kuwe ora angel biasane nang kakilima jejeran karo bakul liane termasuk bakul Fresh Milk from Crocodile Forget, susu segar asli Boyolali sing mendominasi nang solo. Kancaku sekost termasuk pelanggan tetap sate jamu, jere nek ora njamu awake padha lara. Tau tak takoni:

'Kang, kirik kan najis, mugholadoh meneh....ngono kok mbok pangani piye to?"

"Halah...bar kuwe yo tak sentor ping pitu kang.......nganggo Ciu"

"walah....pantesan..."

Sedawane urip nang Solo memang Ciu kuwe termasuk hal umum, lumrah nang kono. Hla wong nduwe gawe sandingane ya Ciu, Minuman bau Naga. Mulane pas jaman kerusuhan Solo Mei 1998 aku tau dikandani nang kanca kostku:

"Kang provokator kerusuhan wingi wis kecekel"

"Tenane?"

"Ho-oh....jarene saka Bekonang"

"Jenenge sapa?"

"Ciu"

"walah...asyemmmm"

Mbalik maning nang masalah Jamu.....
Ana siji maning jamu sing tak senengi nang Solo gemiyen yakuwe Jamu mata....hizya jamu mata, perihal memanjakan mata nek nang kampus biasane nongkronge nang Fakultas sing biasane wong lanang menjadi minoritas nangkono. Nangendi maning nek ora nang Fakultas Psi-koloh-i utawa Fakultas Ekonomi. Saking akeh noni-noni hayu nang kono dadi dijenengi Ekononi.........nek wis ora tahan ndeleng noni-noni dadine ya ekonani.....ndean...hi..hi......


Jamu Mata (Sania Mirza)

Siji maning jamu mata sing termasuk favorit nang Solo yakuwe Manahan. Nek dina Minggu nang Kompleks Stadion Manahan kuwe biasane nggo lari-lari pagi alias jogging. Dasare nyong anu seneng olahraga ya ora kalah karo liyane tangi gasik melu mangkat ming Manahan. Lengkap pokoke sepatuan, kathok olahraga karo sangu banyu.

"Kang jere arep mlayu-mlayu..?"

"Lho...apa ora ngerti nek kawit mau wis mlayu-mlayu"

"Endi lah....hla wong kawit mau kur njagong tok nang Motor"

"Aja padhakna karo liyane......ketone meneng baen tapi jane kiye lagi mlayu-mlayu..........matane sing mlayu-mlayu"

Begitulan sodara-sodara aja awake tok sing olahraga, mata juga sekali-kali kon olahraga....he..he..

Ngemeng-ngemeng bab jamu dadi kelingan nemu nang milist lagu Suwe ora Jamu versi Cinta Laura, Kepriwe lagune jajal tiliki yuuuh..!

Show Why or are Jump You (Suwe ora Jamu)
Cincha Lawra Version

Show Why or are Jump You
Jump You go down tell low

Show why or are catch'em you
Catch'em you peace and go away gay low

________________________________________
Mangga dipun praktekaken.. hi..hi..!

12 April 2008

.:: Enam Tahun ::.

Nganggur, ora nduwe duwit wektu anaku sing pertama kiye lair. Tapi show must go on (halah..) sing penting bocahe selamet, biyunge sehat, soal duwit pasrah baen karo sing gawe urip. Alhamdulillah.....berkat saweran sekang nganah-ngeneh --termasuk wong tua-- kabeh biaya bisa tertutupi.

Biasa diundang Fadli, sekang jenenge sing lumayan dawa "Auziqna Fadli Rosihunnuha" hasil urun rembug sekang kancaku wektu isih terdampar nang Solo.



Walopun wis nduwe adhi tapi isih tetep manja baen, mungkin anu wis biasa dimanja nang simbah loro karone maklum putu pertama. Hobine ngusili adhine (nek urung nangis urung leren) karo nonton TV, kadang tangi turu jam setengah 5 isuk wis nonton TV (padahal ramane urung tangi..he.)

Nek arep menjelang ulang tahun anaku sing pertama kiye mesthi ana-ana bae ganjarane. Tahun wingi opname gara-gara stip, padahal sekang bayi nganti umur 5 tahun nek mriyang ora tau tekan stip. Gara-gara melu imunisasi massal Polio sialan itu -sing jerene wajib- malah mbengine dadi demam tinggi nganti stip. Mondok nang rumah sakit nganti 3 ndina.

Tahun kiye kenang ganjaran maning, wis seminggu kiye Fadli kenang cacar air ketularan kancane sing nang sekolahan, terpaksane ora mlebu sekolah (semoga bae adhine ora ketularan). Tabahkan hatimu nak, ngesuk nek wis mari jalan-jalan seperti permintaanmu kemarin......

...........dan selamat ulang tahun!

05 April 2008

.:: Enam Aprilku ::.

Selamat Ulang tahun enam aprilku..!




Terima kasih
telah menemaniku selama ini......

.:: Juminten Modar ::.

Seminggu wingi (28/3) ceritane inyong melu Juminten lan Modar (Mojok Darat) karo Lik Yanto ak. Sir Mbilung ak. McNdobos. Janjane Inyong ya wis kepengin Jumintenan ket mbiyen tapi genah nek mbengi mburuh ya ora bisa teka.

Tapi jumintenan wingi tak bela-belani mbolos mburuh soale dikabari tobil jere Lik Yanto arep teka. Jyan rasane bungah lah ketemu karo kanca-kanca "gemblung" kaya bocah-bocah Cah Andong. Ora kober mingkem pokoke lah, gojek kere nganti mblenger, nganti kaku wetenge ndeleng polahe eblis-eblis CA. Apamaning ana dua sejoli Zam karo tobil ......walah klop pisan pokoke lah kaya tutup nemu tumbu.

Saking asyike gojek kere nglakoni Jumintenan jam setengah sanga nganti jam telu isuk ora krasa apamaning ketambahan -sanajan telat- kang Balibul sekang Kesultanan BHI (Bundaran Hommock Indonesia......cmiiw). Nang BHI dheweke kedapuk dadi Menperkosa (menteri persatuan komen saru). Kapan-kapan tak tilik ming BHI kang lah...!

Obrolan tambah rame sebab ketekan kanca-kanca Kutilang sing diundang nang Lik Yanto. Nah cara Inyong Lik Yanto (karo Kulitang) kue nduwe gawean sing aneh tapi nyata, soale jyan kur dolan-dolan ndelengi manuk dibayar apa ora elok. Mulane ora salah nek Lik Yanto disebut sebagai Ahli Perburungan....yaa hampir selevel karo Mak Erot lah. Bedane nek Mak Erot dibidang Penggemukan nek Lik Yanto kuwe cuma Pengamatan.

Sekang burung sing doyane kluyuran nek mbengi, burung sing ora tau turu tekan burung sing doyan ngiler apal kabeh pokoke. Nyong arep takon Lik....inyong nduwe manuk sing nduwe wulu tapi ora bisa mabur bisane kur ngidohi karo muntah kuwe termasuk spesies langka apa dudu ya?

Jyan nek ndelengna ketone kepenak temen yah, dolan-dolan ngamati burung,wis kaya kuwe dibayar maning! Kayane sing urung ana kuwe pengamat sangkar burung........nah kiye kayane termasuk peluang pekerjaan sing maen. Pengamat sangkar burung berpelumas .....halah!. Hla iya nek sangkar burunge ora ana pelumase neng nduwure mengko manuke dirubung semut.........ya nek dirubung thok, hla nek digondol apa ora cilaka kuwe..?

____________________________________________________________________________
Pacul
Jyan nembe sempat posting koh!