04 August 2013

.: Stress :.

Inyong rika kabeh mesthi tau ngalami sing jenenge stress. Tembung kiye sebenere asale anu sekang basa krama Inggris, sing jere  artine kuwe tegang. Nek dipikir maning, nek artine tegang kudune manggone ora nang ndhas utawa sirah, kudune malah manggone nang bagian ngisor, ya apa ora? kuwe nek lanang. Lha nek wadon kayane nanggon bagian dada, pas dada-dada maksude, kan tegang wedi mbok ditinggal sih. ... uteke lho.

Nek jaman gemiyen jane durung ana istilah stress. Istilah stress kan jaman siki-siki baen, terus men mandan njawani dadi sutris. Nek jaman gemiyen palinh ya seglong, apa mandan miring, ana maning setengah, ora genep, haho, logak-logok, nek sing parah ya kenthir, tekan gemblung wis pol, mentoke ya nang RSJ Banyumas ndean.

Obat Stress


Penyebab stress ya anu macem-macem masalah duwitlah, pegawean lah, bojolah. Sing masalah duwit biasane stress gole mbagi duwite sing kepengin kiye lah, kaelah, padahal anu lagi nganggur, ya stress mbok lah...mondol. Sing masalah pegawean biasane kakehen mikir dawa, gawean kiye durung rampung wis mikir liane, mikir ini-itu, pdahal nembe nglamar, kuwe baen mbuh ketampa apa ora, stress maning. Sing masalah bojo ya pada baen, sing kakehen aturanlah, cemburuanlah, gelem selingkuhan, padahal ya anu esih jomblo tapi anu mikire kedawan dadine ya stress maning.....ngoob.Tapi janjane penyebab stress kuwe bisa diperes dadi telu tok, yakuwe:
  1. Penyebab stress nomer siji kiye anu penyebab utama, nah maksude penyebab utama kuwe penyebab sing ora disebabna nang sebab-sebab liane, bahasa krama Latine jere Causa Prima. Nek ora ngerti causa prima ya bodowa, kuwe urusane rika dudu urusane inyong.
  2. Penyebab nomer loro kiye yakuwe dudu termasuk penyebab sing  nomer siji, mulane kuwe diarani penyebab nomer loro.
  3. Nah penyebab nmoer telu kiye ya anu padabaen, ora melu penyebab nomer siji, uga ora melu penyebab nomer loro, apamaning penyebab sing nomer papat, ditulis bae durung.
Wis paham mbokan penyebab stress sing sebenere, nek ora ya kebangeten lah wong genah cetha wela-wela koh. Nah nek ciri-cirine wong stress lha kur siji pancen, yakuwe sing maca tulisan kiye nganti rampung....

wislah..stress.