15 December 2007

Bis Tumpuk


Wis suwe ora tilik meng Solo, kota sing Inyong tau urip nang kana kurang lewih 8 taun-an. Critane 3 wulan kepungkur Inyong melu ngormati wisudane adhine Inyong nang Unipersitas Ngapret Sewelas (UNS), wisuda berarti juga metu sekang pegaweane (lho ..deneng?). lha iya maune nang KaTePe kan tercantum Pekerjaan : Mahasiswa, berhubung (semut) siki wis lulus ya berarti kelangan pekerjaane kuwe mau, sing menurute Inyong Pekerjaan sing aneh (lha wong kerja koh ora ulih dhuwit malah njaluki dhuwit baen).


Luwih sekang 5 tahun ora ngambah Solo kayane langka perubahan sing berarti, relatif isih kaya gemiyen kotane. Ya kuwe kur tambah rame lalulintase ora kaya gemiyen, nek gemiyen sing rame kuwe sekitar Pasar klewer tekan Singosaren, tapi nek siki tak deleng wis rame kabeh. Kur siji sing aku krasa kelangan yakuwe wis ora ana maning bis tingkat sing beroperasi (nek Inyong ngarani Bis Tumpuk). Padahal kuwe mbiyen paporite inyong nggo jalan-jalan ngentongna wektu dari pada nang kost nglangut. Biasane sore-sore numpak bis tumpuk sekang Kleco tekan Palur terus mbalik maning Palur - Kartasura, jyan paling kur mbayar 200 ripis wektu semono sekali jalan, Bolak-balik kurang lewihe ya 2 jam-an. Njagong nang ndhuwur karo nggawa nginum+klethikan menikmati kota Solo sore-sore..jyan nikmat temenan..yakin. Apamaning nek karo pacare wis jyan bunia milik berdua pokokelah, njagong nang pojok wislah langka sing ngaruh-ngaruhi pokoke. Pacaran model kere ya kaya kuwe modal sithik tapi marem bisa duaan nang ndhuwur laka sing ngganggu (jaman semono nang tingkat ndhuwur seringe sepi..he..he)


Bis tumpuk kuwe sengertiku mbiyen anane nang kota gedhe kaya Jarkarta karo Surabaya (siki isih apa ora ..mbuh) tapi mbuh kenangapa solo sing kota cilik malah ana bis tumpuk dibandingna jogja, semarang apa Bandung malah ujarku ora ana sengertiku.

               
                                     Bis Tumpuk

Nang Solo ana bis tumpuk kuwe ana sejarahe. Ndisit bis kuwe (Damri) urung dadi bis tingkat/tumpuk, gemiyen kuwe trayeke Jurusan Solo - Jakarta pp. Nah ing sawijineng ndina bis kuwe mogok nang ndalan, di dandani ora dadi-dadi. Akhire kesalip bis Damri mburine, ana bis batire sing mogok kenete karo supire mudun takon.


"nangapa kuwe?"

"genah mogok kiyelah, didandani ora dadi-dadi."

"daripada kaya kuwe melas penumpange, ya wis tumpuk baen!"



Nah akhire dadi bis tumpuk, kaya kuwe larah-larahe bis Damri dadi bis tumpuk. Jyan kepenak banget mbok gawe bis tingkat.



-***-


"Lik nangapa sih nek numpak bis tingkat nang nduwur kuwe bahaya"

"oOo..urung ngerti kowe?"

"Durung lik, nangapa sih?"

"Sebabe nang ndhuwur genah laka supire dadi medeni mbokan nabrak."

.............................................................................................
Pacul
seneng tumpuk-tumpukan nangumah



28 comments:

  1. tumpuk tumpukan apa lik nek nengumah? dudu piring kae sing di tumpuk mbok?

    ReplyDelete
  2. nag omah tumpuk tumpukan karo sapa rika? ana wedhus mlumah?

    ReplyDelete
  3. terakhir numpak bis tumpuk neng solo tahun 90an pas esih SD,
    saiki wis langka ya?
    lam kenal Kang,

    ReplyDelete
  4. @cewek ndeos
    numpuk duit yu...he

    @rama bil
    ana keh siji, kayane tah isih prawan, arep rika apa?

    @hatta
    kenal balik kang

    ReplyDelete
  5. Bwahahaha, baru ngerti saya kalau itu namany Bus Tumpuk. Dulu banger pas saya masih SD naek itu bus ke taman Sriwedari

    ReplyDelete
  6. Ganpang temen gawe bis tumpuk ya? Jebule kaya guwe nggawene, nembe ngerti inyong. Hahahaha...

    Tumpuk2an apa kuwe kang? Jyan pancen udu kang pacul nek ora nggawe sensasi.

    OOT : Iya, aku alumni SMUNIC. Napa kang?

    ReplyDelete
  7. koweorang dateng ka ik poenja kampoeng tijada koelo noewoen poen....mangka itoe boes toempoek bole ik toempakin djeman ik mingsih AMS van Margojoedan poen....

    Ianjah abis passal ndjebloek maloeloe....apalagih iang poenja merek Leyland van Inggeris...

    Koeaing!

    ReplyDelete
  8. bis tumpuk? wis suwi ra numpak bis tumpuk, terakhir pas neng Pasar Johar karo simbahku..taun 90an yak'e..nostalgi..

    ReplyDelete
  9. bis tumpuk? wis suwi ra numpak bis tumpuk, terakhir pas neng Pasar Johar karo simbahku..taun 90an yak'e..nostalgi..

    ReplyDelete
  10. =>goenrock
    lho wong Solo ngaranine ncen bis tumpuk wit ndisek.

    =>lia
    wah..brarti sealumnus kro inyong yah.

    =>koeaing!
    weeh..perna sekola joega kowe orang boeng!

    =>isthar
    hooh..i nostalgi tenan sayange wis ra ana

    ReplyDelete
  11. kurang gaweyan ae pacaran nang bis tumpuk :D

    ReplyDelete
  12. => viving
    oOo..urung tau ngalami rika sih..yu

    ReplyDelete
  13. hwaa...

    bis tumpuk.. ngelingi jamanku SD..

    ndisik jamanku SD sok numpak bis kui..

    huhuhu..

    dai kelingan jaman bocah.. :D

    ReplyDelete
  14. durung pernah numpak bis tingkat ki....

    ReplyDelete
  15. Thank you, the article is very petrifying, hopefully it can be useful for everyone.

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!