26 January 2008

.:: Bayi Instant ::.

Jaman siki hampir kabehan aspek kehidupan wis bisa direkayasa karo teknologi, sekang nandur pari sing umure bisa diperpendek, ayam pedaging sing kur 40 dina bisa dipanen, tekan semangka sing bisa ora ana wijine utawa non biji. Tapi sing tak gumuna nek jagung di gawe non biji kenangapa ora payu yah.....he.....he.

Kayane nek evolusine kang Darwin temenanan, menungsa mbesuk-mbesuk kuwe ora nduwe tangan karo sikil utawa ana ya anu lumpuh, soale apa-apa wis dekepenakna kabeh dadi sikil karo tangan ora kanggo. Arep munggah gedung wis ana lift apa Es Calator (jenis es apamaning kiye yah?..) arep mbukak lawang wis ana remote, dadi suwe-suwe tangan karo sikil ora kanggo......pengecualian paling-paling karo sing biasa akrab karo tangan tengen nang kamar mandi...kuwe mesti ora melu kena proses evolusi sebabe kanggo terus....he.. .he.



Hasil bayi instan


Nah kiye siki ana maning teknologi sing paling anyar, yakuwe Bayi Instant. Bayi sing maune nang kandungan kuwe 9 wulan siki bisa disingkat wektune kurang sekang 9 wulan apa ora hebat? Contone tanggaku wingi ujarku pengantenan urung ana 5 wulan koh anake wis metu....jyan bener-bener bayi instant temenan kuwe. Artis ya ana sing kaya kuwe pengantenan urung ana setengah tahun anake wis metu....apa ora hebat wong Endonesah bisa ngembangna teknologi anyar sing bisa mempersingkat kandungan memperlama penanaman.

.................

"canggih temen koh yu....dela baen bayine metu, nganggo teknologi anyar apa?bayi instant!"
Jawabane ya anu klasik:
"ya ora kang.....wong anu anaku lair premature"

huuulah.......bayi prematur masa bobote telung kilo setengah.......apa tumon!

_________________________________________
Pacul
Lewih seneng mie instant

16 comments:

  1. DP dhisik paling kang!
    atau gak pernah nonton miyabi, jadi gak tau caranya.......
    :D

    ReplyDelete
  2. wes ndang kawin kono, ben ndag iso njajal nggawe bayi instan

    ReplyDelete
  3. hueheuhue....iyho mas, saiki akeh bayi premature loh :D

    ReplyDelete
  4. bayi premature sehat kok kang... mangkane bobote telung kilo setengah..:D..

    ReplyDelete
  5. Tapi nek gawene apik sing instan atau yang lama n alami....??

    ReplyDelete
  6. jamane wis rasabar. kabeh pengen cepet.

    ReplyDelete
  7. wakakaka. istilah liyane juga ana kuwe kang, bayi tabung. mangsude, nabung disit sedurunge nikahan. dadi nek wis nikah kari lahirane. kan bisa ngirit wektu mbok?

    ReplyDelete
  8. jaman siki wis ora heran lah kang...

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!