16 February 2008

.:: Modar nang Djokja ::.

Ketekan dulur lanang sing maune kur kenal nang dunia hitam.....eh maya...jyan rasane bungah pisan ora nyangka bisa Modar (Mojok Darat) nang djokja, Kang Eko sing maune dhewekan sekang perjalanan Tour de' mubeng-mubeng molaih sekang njakarta kota macetpolitan trus Solo (kan!) berlanjut tekan New York (yakarta), terus ngabari kang Fadli sing sidane nyusul, akhire dadi Modar wong telu nang Djokja........(arep trisam apa kang?......sih ndhasmu lah)

sekang kumpul-kumpul bocahan kuwe mau nang Djokja tercetus ide sing maen tur sangar lan perlu di dukung terutama netter utawa blogger khususe warga Cilacap baik sing nang Cilacap utawane nang luar Cilacap sebagi tim penggerak pertama.

Garis besar idene bisa diwaca nang kene, apdete nang kene. (mohon dibaca semuanya.....penting)

dadi intine njaluk masukan utawane bantuan kontribusi utawane dadi kontributor......(sukur-sukur bisa aweh logistik nggo modal awal gawe webe) tapi sing penting ya kuwe kontribusi tulisane........nek bisa sih bisa dadi alat informasi nggo pemberdayaan ekonomi, dadi sing nduwe potensi ekonomi apa unit-unit usaha utawa home industri sing wis mlaku bisa di share nang webe kuwe mau, dadi wong sing nang daerah liya bisa melu belajar utawa bisa maca peluang sing bisa dikembangba dengan potensi kelokalan. Bisa juga nggo informasi wong-wong sing padha merantau nang luar, sing bingung bali arep bukak usaha apa? bisa nduwe gambaran usaha mengkone nek bali ming Cilacap.

Minim-minime ya bisa nggo memberdayakan Jurnalisme warga jurnalisme sing berbasis komunitas, wong jere anggaran tahun kiye -nang cilacap- ADD desa nggo anggaran internet kuwe tekan 42 juta (anu program e-gov kayane), dadi men ora mubah komputere pating krungkag ora kanggo nggawe bisa dimanpangataken nggo sarana informasi. Jane kiye anu bergerak di luar jalur goverment dan akan berbasis komunitas tapi nek bisa manpangataken komputer sing nganggur kuwe mau ya ora papa.

Apa kuwe Jurnalisme warga bisa di deleng nang kene, conto-conto manfaat jurnalisme warga bisa di deleng nang kene.
Conto kontribusi tulisan karo conto plasma pemberdayaan ekonomi sing wis jalan bisa di deleng nang kene.

_______________________________________
Pacul
kiye wis tak sebar kang, aja domeih nyong lah

19 comments:

  1. lha yen ngono mengko juragan koran podho bangkrut...
    hehehehehe...
    tapi memang ide ituh bener2 bagus...

    ReplyDelete
  2. apik kang. mengko aku tak nyontek yo.

    ReplyDelete
  3. hmm.....nek soal ngono..emang kudu due idealis singkuat...
    sebab,pasti akan nemu hal2 yg berbenturan dgn ego...

    *kok dadai boso indonesia*

    ReplyDelete
  4. setubuh eh setuju kang, aku ndaftar melu lah, kapan webe tayang?
    maen banget kadangan manfangate kue koh, apa bisa nggo adol krambil, soale ramaku nek adol krambil nangumah regane murah, padahal nang luar daerah regane larang

    ReplyDelete
  5. Mantep idene. Sing koyo ngene iki kudu diconto

    ReplyDelete
  6. Watricht !
    Ja ija sing kaja koewe sing bisa ngegawe staat bole direken samah staat loewar poen ! Koweorang teroesken ja....

    ReplyDelete
  7. angel lah, mumet bokongku. eh, sirahku...

    ReplyDelete
  8. Luwih jenius endi penemu mie instant karo penemu PACUL hayo...
    luwih cepet sugih endi nggawe pabrik mie opo pabrik pacul..

    duite sing 1000 rp, nggo tuku pacul oleh ra yo..?

    - mulih, ndak di pacul -

    ReplyDelete
  9. lah jan, tulisane apik tenan. pokoke anger maca, mesthi nylekamin.

    ReplyDelete
  10. ade Achhe Lagte Hain 2 is a upcoming Hindi Indian soap opera that will
    premiere on 30 August 2021 at 8:00 P.M. in Sony Entertainment Television.


    Desi Serial

    ReplyDelete
  11. KissAsian is the best website to Korean dramas and movies online free with
    English Subtitles and Dubbed. This website Chris Gayle, movies of genres ...

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!