10 March 2008

.:: Mie Instant ::.

Mie instant nang Indonesia kuwe wis kaya makanan pokok bae, meh saben ndina kayane dhewek mangan mie instant. Saking praktise cara ngolahe dadi pilihan utama wong-wong padha milih mie instant, ora perlu ndadak kursus masak kabeh wong bisa. Sekang sing bisane kur nggodog banyu tok be anu geseng, gawe mie kiye ya anu bisa. Mulane mie instant sing ditemukna nang Momofuku Ando - dulure miyabi- kiye termasuk salah satu penemuan terjenius abad ini ngalahna penemuan karaoke karo CD sebab kepraktisane dalam hal penyajian. Mulane nang Indonesia konsumsi mie instant termasuk dhuwur tekan 11,2 milyar/tahun, jajal nek di pingna sewu perak pira? Mulane sih padha rebutan gawe pabrik mie, nek ngetung jumlah warung sebagai outlet-e nang Indonesia di misalkan baen jumlahe 1 juta warung, nek target penjualane per warung per hari ora usah akeh-akeh siji baen wis pira? pingna sewu omzete wis se-M......welah..yuhlah padha gawe pabrik mie baen lah.

Cara masak mie instant ya anu macem-macem carane, nek sing ora malesan bisa dicampuri karo bahan-bahan liyane, misale ditambahi ndok, godong bawang lan liya-liyane (men lewih sangar ya campuri obat mercon sithik...hi...hi..). Nek sing mandan males ya di masak standar tanpa tambahan apa-apa. Nek sing lumayan males ya kur di siram banyu panas nang wadahe terus dijiret karet dienteni sedela nembe bumbune di campuraken. Nek sing males banget ya anu dipangan mentahan, diremuk tok terus bumbune dicampuraken. Nah nek sing super duper amat sangat males banget sekali ya anu gur diuntal wutuhan sisan karo plastike..... ndean........he..he...

Nek masalah rega mie instant termasuk murah, malah ujarku murah siki timbang gemiyen. Nek jaman ndisit wektu rega mie isih 250 ripis kuwe sepadan karo rega Mie Pitik semangkok, bandingna karo jaman siki sing rega mie kur sekitar 1000 ripis wis ora bisa nggo tuku mie pitik semangkok. Nek nekat nggo tuku baen ya paling-paling kur diwei kuahe tok bonus saos, nek tetep ngeyel ya ditambahi sandal ndean nang bakule men pedhes. (disamplukna maksude ..he..he..) . Nek tetep ngeyel ya disrampang karo gerobage ndean.....hi..hi..

Sing hebat maning karo rega sing mung 1000 ripis mau dhewek wis bisa ngrasakna sing jenenge rasa soto, rasa soto daging sapi, rasa ayam bawang, rasa kari ayam, ana maning rasa ayam spesial. Nah sing urung ana kayane rasa stroberi karo rasa duren...nek bisa milih kayane tetep milih mie rasa Miyabi....wekekekekekkek.Tapi menurute Inyong dari semua rasa sing ana sing paling enak kur siji yakuwe rasa mbayar........wes jyan paling enak pokoke kuwe...yaqin lah.



Slurrrrrrps...!

Nek menurut sejarah per-mie-an nang Indonesia pertama kali sing muncul lan menguasai pasar mie kuwe nek ora salah kuwe Suprimie, bar kuwe digeser nang Sarimien. Bar kuwe digeser nang Indromie sing nganti siki esih dominan nang jagad per-mie-an saingan karo Mie Sendlaap. Nek merk liyane kayane kur nggo penggembira thok kaya Mie ABCD terus mie Selera Rayap sing regane mung mangasu ripis sebungkuse. Nek kaya Inyong ya ajeg selerane tetep setia dengan Mie' Susu.....halah....

Tapi sayange jere penelitian mie instant bisa nyebabna kanker sebab ana lapisan liline sing mencegah mie-ne ora lengket nek dimasak. Dadi ngonsumsi mie instant saben ndina bisa ningkataken resiko kena kanker ( ya iyalah.....nek saben dina pancen marekna kantong kering). Nah kiye ana penelitian sing anyar maning jere malah mie instant bisa merusak mata (wuadhuh buju busyet.....), nek mau kan mie-ne sing bisa nyebabna kanker, hla nek sing kiye malah bumbune........(apa izya?) ya banget terutama nek bumbu karo cabe keringe kuwe ditaburaken maring mata.......wes jajal baen ngonoh nek sering baen tulih bejad matane.....nggih napa mboten....hla nggih lah.

wis lah kesel.

_________________________________________________
Pacul
seneng mie'

28 comments:

  1. mi instan.. :|
    sayah bosen makan mi terus.. :|
    **pantesan sayah kolaps masuk rumah sakit..**

    ReplyDelete
  2. apamaning nek dipangan karo bungkuse kang. jos tenan.

    ReplyDelete
  3. lha pancen enak mangan mie instant pomaneh yen udan2!

    ReplyDelete
  4. kui anakmu yg dr istri ke brp cul..???

    ReplyDelete
  5. mie instan makanan istimewa untuk ukuran anak kos seperti saya :D

    ReplyDelete
  6. waduh pinter banget postingane kang..nek aku kari mangan ora mikir mcm2..

    ReplyDelete
  7. jayan dadi kencot luh kie seleramu dan seleraku ra beda adoh ya kang seneng sing kriting jriting :D

    dadi kencoooooooooooottttt

    ReplyDelete
  8. Wah, marahi kelingan jamane kuliyah mbiyen. Yen duwit sangune wes meh entek gage ae nyetok mie. Jian ngenes tenan!

    ReplyDelete
  9. ampuun...pusing saya bacanya :(
    jd gak bisa komen deeh
    salam kenal aja yaa

    ReplyDelete
  10. => tika
    walah...ora mangan pirang ndina to tik?

    =>mbilung
    izya lik.....diuntal nganggo gedang yah..

    => slamet
    cocok....!

    => annots
    hi..hi...nasib anak kost

    => mamaicel
    apik apane lah yu?

    => cewek ndeso
    nek kencot aja digawa dolan yu..

    => chandut
    mbacanya sambil minum aspirin mbak :D

    ReplyDelete
  11. oh.... dudu mie in STAN tho? kelingan kampus....

    tapi kang ora apik kakehan mie instan, temenan! angger kakehan engko wetenge kebek trus centhongen!

    ReplyDelete
  12. paling enak ya mikari, maxute kari mangan loh kang

    ReplyDelete
  13. ada lagi yg lebih bahaya buat mata. BUNGKUSNYA! huahahaha....

    ReplyDelete
  14. aku sudah bosan dengan Mie..
    sekarnag suka bihun :p

    ReplyDelete
  15. mie mie yu ngatemie...
    disit ijih menangi rego mie Rp 150,- tok....
    tur khadiah lotrenan selwean rupiah kae lho kang!

    ReplyDelete
  16. mie instan ya, emang enak kok.kalo abis kelar masak, mie yang matang tadi saya umbah pke air panas, biar mie nya bersih n mencegah kanker..hehehe

    ReplyDelete
  17. wes aku orang baru di Jogja,..
    bahasa jawa ku cuma medhok tok
    ga gitu ngerti basa situ Kang Mas :(

    maaph ..

    ReplyDelete
  18. mi kuwi sejatine ra ana lapisan liline, mung wae bubuk penyedap rasane kakehen mengandung msg, lha msg kuwi sing marahi kangker. Halah ben ne, lha wes kadung doyan, ngantiyo tuk negara cina yo isih dadi panganane, hehehe...salam kenal!!

    ReplyDelete
  19. cepakno mie sak durunge udan!

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!