29 December 2008

.:: Memahami Perempuan ::.

Soal paham memahami perempuan sepenuhnya makhluk siji kiye kuwe bisa diomong angel-angel gampang, terutama nek masalah hati dan jalan pikirane sing kadang-kadang -nek istilahe wong Mbanyumas kuwe- "Unpredictable" lah. Tapi nek memahami secara fisik kayane tah kabeh apal-kecepal terutama nek tekan masalah wedang bayi...wis jyan pokoke lengkap-lengkiplah molaih dari soal bentuk, ukuran, fisilogis, morfologis, patologis, manfaat maupun mudharat (alaah..!),nganti tekan ndeleng sifat utawa watake miturut bentuk wedang bayine....(jabang bayiiiiii...!klamite).
Tapi miturute nyong diantara kabeh mau ana 3 hal sing paling angel dimengerti bab memahami sing jenenge perempuan terutama yakuwe:



1. Persamaan Hak
Nah kiye merupakan salah sijine isu sing biasane sensitip sing biasane selalu digembar- gemborkan, yakuwe tentang kesetaraan gender....yaa mgonoh bebas lah. Wong wadon wis digawekna Kementrian Pemberdayaan Perempuan....nyong sebagai wong lanang ya ora iri babar
plothas. Wong wadon ana Hari Ibu....wong lanang ya ora protes mjaluk digawekna Hari Bapak.Tapi janjane dari semua persamaan hak sing dituntut nang wong wadon, kawit gemiyen wis ana satu hak wong wadon sing pancen wis lewih duwur dibanding wong lanang, lan hebate maning wong lanang padha legowo ora tau protes, yakuwe Hak Sepatu.....tapi kenangapa wong wadon isih nuntut persamaan hak?

2. Madu dan Racun
Nah kiye termasuk salah sijine sing angel memahami jawabane wong wadon nek dikongkon milih antara madu apa racun....mesthi kebanyakan wong wadon menolak loro-lorone, madu ya ora gelem racun apamaning, ngonoh jajal baen ditakoni kaya kiye:
"yank...sampeyan dimadu purun?"
mesthi jawabane -cepet banget- "oraaaaaaaa.." diterusna pitakonane,
"hla..nek diracun sih?".
Nek kiye wis ora mungkin dijawab maning, piring gelas padha metu swiwine....pada mabur soale...he...he...

3. KDRT
Nek masalah Kekerasan dalam rumah tangga jerene sing akeh dadi korbane kuwe kebanyakan wong wadon mulane akeh organisasi sing membela kaum perempuan. nah kiye ya janjane mandan mbingungi nek mahami wong wadon, walopun sering demo menentang kekerasan tapi ya tetep baen pas ada maunya ya tetep baen minta sing keras-keras ya apa ora?.
Tapi janjane nek diteliti lebih lanjut kuwe menurute Inyong malah sing akeh dadi korban kekerasan kuwe wong lanang. Malah hampir tiap hari wong lanang kuwe mengalami kekerasan. Jajal bae disurvey mesti hampir tiap pagi wong lanang kuwe mengalami kekerasan nang bagian "tertentu" tubuhe.....(ngerti dheweklah.....masa kon digambar)

Akhirul qoli...semoga pemahaman ini tidak menjadi paham yang menyesatkan. Amin

48 comments:

  1. halah saya mau OOT saja lah: selamat taun baruuuuuu....

    ReplyDelete
  2. bocah edan.. ayo ndang di untal obate.

    ReplyDelete
  3. Kenthiiir! Kenthiiiiir!!! *nunut ngakak*

    ReplyDelete
  4. => simbok
    met taun baru juga mbok..
    => Bu Dhe-na
    halah..!
    =>mas Goen
    mas..nek ngguyu ampun teng mriki mas..! mambu..

    ReplyDelete
  5. wuaduh biyung....
    iki masalah sensitip kang!
    iso-iso bias gender lho!

    ReplyDelete
  6. Isih gendeng kowe leee....

    Rono, ndang mbalik kamar....
    :lol:

    ReplyDelete
  7. hwaduhh... gambare jan... marai ngilu... haha...

    ReplyDelete
  8. nggilani men gambare.... mbok sing rada penak disawang... kuwi afkiran
    :D

    ReplyDelete
  9. ilmiah kang...
    Wong lanang memang paling sering mngalami kekerasan dlm celana, opo meneh sing kadar kemesumane setinggi sampeyan, he2...

    ReplyDelete
  10. =>NdorSet
    he..he...sampeyanto sing bias gender
    =>OomBel
    lha..sampeyan imame kok mbah..!
    =>Wkur
    ngilu apa ngilu...
    =>kyai gemblung
    lha kuwi selerane sampeyan kok cak...MILF
    =>KiAP
    Siap!!
    =>grubik
    masih kalah sama sampeyan kang!

    ReplyDelete
  11. nek tek pikir-pikir, isu persamaan hak ya ora adil nggo wong lanang. contone

    1. wong wadon bisa njaluk duit bulanan. tapi wong lanang ora. senajan pada-pada kerjane, wong wadon tetep njaluk duit blanja. nah, duite wong wadon malah digegem dhewek.

    2. wong wadon biasane ora gelem nggawa sing abot abot nek blanja utawa nek lunga-lunga. jajal dipikir, wong lanang kan wis berkorban aweh duit sing nggo blanja (sering nganti entek prentek), nek blanja jarang ditukokna, koh barange isih kon ngawakna? tekan ngumah wong wadon ngomong kesel, njaluk pijeti. kepriwe kuwe njajal?

    3. nek numpak kendaraan umum, wong wadon njaluk jagongan. lha padahal nek omong-omong soal kesel, wong lanang kan lewih kesel.

    4. klambine dan perhiasane luwih akeh. wong lanang boro-boro mikiri sing kaya kuwe, ngitung karepe wong wadon be wis kesel.

    5. wong wadon ulih cuti haid, cuti melahirkan diluar cuti sing umum. wong lanang boro-boro.

    9. nek kerja wong lanang biasane ulih bagian sing lewih abot, lembure lewih akeh.

    10. wong wadon, apamaning ayu, nggolete kerja lewih gampang.

    6. wis ngerti kaya kuwe, wong lanang koh ya isih gelem ngurusi wong wadon. apa ora aneh dunyane kiye jajal?

    lha wong wadon arep njaluk persamaan sing endi maning?

    ReplyDelete
  12. inyong lagi kiye wani komentar, kang. Hampir selalu ngakak pol baca blog ini.

    ReplyDelete
  13. wakakakaka.... ngakak maning..!!

    ReplyDelete
  14. aku kok pokus nang gambare simbah fungkine e...

    salah pokus ikih!

    ReplyDelete
  15. ha ha ha.. perempuan emang aneh kang emil :)

    (*wedang bayi.......lagi ngerti ono istilah iki

    ReplyDelete
  16. kalau boleh tau itu foto kamu yah.....???

    ReplyDelete
  17. aku ki ra isa komen malah mumet mikir kekerasan dalam celana bukanya kenikmatan tuuuuuuuuuuhhhhhhhhhh kenalan bae disit lah pada-pada wong cilacap tapi aku urung ngerti panjenengan ki

    ReplyDelete
  18. kok wedang bayi to mas?
    :)

    ReplyDelete
  19. saya sungguh merindukan artikel dari blog ini...

    ReplyDelete
  20. wah ketemu maning nang kene ya kang,biasane nang Multiply

    ReplyDelete
  21. hihihiihihi!!
    pancen bener kang,masalah serius kiye perlu dirapatna nang DPR!! terutama wong lanang sing ben dina mengalami kekerasan.

    tulisane di indonesiakna apik kang..

    ReplyDelete
  22. Very interesting blog. A lot of blogs I see these days don't really provide anything that I'm interested in, but I'm most definitely interested in this one. 먹튀검증

    ReplyDelete
  23. I will be interested in more similar topics. i see you got really very useful topics , i will be always checking your blog thanks 사설토토

    ReplyDelete
  24. Always so interesting to visit your site.What a great info, thank you for sharing. this will help me so much in my learning 먹튀검증

    ReplyDelete
  25. Hi to every , since I am really keen of reading this web site’s post to be updated daily. It carries nice information.
    토토사이트 검증

    ReplyDelete
  26. What’s up mates, its great article concerning tutoringand completely explained, keep it up all the time.토토먹튀

    ReplyDelete
  27. I receive useful information well. Thank you. I'll be back every time. 토토존보증업체

    ReplyDelete
  28. That's amazing. I grow up watching this. Appreciate you. I look forward to working with you 안전사이트

    ReplyDelete
  29. Nah setiap perempuan memiliki karakter dan kepribadiannya masing-masing. Jika tertarik, mampir untuk mencoba tes kepribadian gratis

    ReplyDelete
  30. Thanks for ones marvelous posting! I really enjoyed reading it, you might be a great author.
    I will be sure to bookmark your blog and will eventually come back later on.대한민국

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!