04 August 2013

.: Stress :.

Inyong rika kabeh mesthi tau ngalami sing jenenge stress. Tembung kiye sebenere asale anu sekang basa krama Inggris, sing jere  artine kuwe tegang. Nek dipikir maning, nek artine tegang kudune manggone ora nang ndhas utawa sirah, kudune malah manggone nang bagian ngisor, ya apa ora? kuwe nek lanang. Lha nek wadon kayane nanggon bagian dada, pas dada-dada maksude, kan tegang wedi mbok ditinggal sih. ... uteke lho.

Nek jaman gemiyen jane durung ana istilah stress. Istilah stress kan jaman siki-siki baen, terus men mandan njawani dadi sutris. Nek jaman gemiyen palinh ya seglong, apa mandan miring, ana maning setengah, ora genep, haho, logak-logok, nek sing parah ya kenthir, tekan gemblung wis pol, mentoke ya nang RSJ Banyumas ndean.

Obat Stress


Penyebab stress ya anu macem-macem masalah duwitlah, pegawean lah, bojolah. Sing masalah duwit biasane stress gole mbagi duwite sing kepengin kiye lah, kaelah, padahal anu lagi nganggur, ya stress mbok lah...mondol. Sing masalah pegawean biasane kakehen mikir dawa, gawean kiye durung rampung wis mikir liane, mikir ini-itu, pdahal nembe nglamar, kuwe baen mbuh ketampa apa ora, stress maning. Sing masalah bojo ya pada baen, sing kakehen aturanlah, cemburuanlah, gelem selingkuhan, padahal ya anu esih jomblo tapi anu mikire kedawan dadine ya stress maning.....ngoob.Tapi janjane penyebab stress kuwe bisa diperes dadi telu tok, yakuwe:
  1. Penyebab stress nomer siji kiye anu penyebab utama, nah maksude penyebab utama kuwe penyebab sing ora disebabna nang sebab-sebab liane, bahasa krama Latine jere Causa Prima. Nek ora ngerti causa prima ya bodowa, kuwe urusane rika dudu urusane inyong.
  2. Penyebab nomer loro kiye yakuwe dudu termasuk penyebab sing  nomer siji, mulane kuwe diarani penyebab nomer loro.
  3. Nah penyebab nmoer telu kiye ya anu padabaen, ora melu penyebab nomer siji, uga ora melu penyebab nomer loro, apamaning penyebab sing nomer papat, ditulis bae durung.
Wis paham mbokan penyebab stress sing sebenere, nek ora ya kebangeten lah wong genah cetha wela-wela koh. Nah nek ciri-cirine wong stress lha kur siji pancen, yakuwe sing maca tulisan kiye nganti rampung....

wislah..stress.


30 July 2013

.:: Jeneng (2) ::.

Jyan kaya anu wis suwe banget  rasane ora nulis ngapak maning, eh jebulnya wis  arep telung tahun yah? klamite jabang bayi, ujarku nembe wingi yaqin. Daripada laka bahan tulisan mendingan nerusna bab jeneng maning lah, ora papa mbok? -mboke nangendi sih miki jyaan...

Arep mbahas apa miki lah dadi kelalen...oh ya nerusna mbahas jeneng tapi sing di bahas masalah paraban baen lah. Paraban kuwe jeneng sing ora resmi alias non-formal biasane ora ketulis nang akte kelairan nek di tulis nang buku bon warung lha iya, contone Kaki Jembrung -rokok 3 ler, sampo ketengan siji, sabun separo. Biasane jeneng paraban kuwe anu hadiah sekang wong, tapi yakuwe biasane sekang polahe dewek sing elek-elek nek ora ya anu julukan fisik sing njelehi pokoke lah.


Ana maning jeneng paraban biasane nggo mbedakna jeneng wong sing pada baen. Biasane sih dijenengi sesuai profesine. Tapi uga ana sing diparabi seka  profesine sanajan jenenge dewek elaka sing madhani. Contone nanggonku gemiyen ana wong sing dadi tukang bengkel pit mawi jenenge padha dadine siji dijenengi Warto Wangkring sijine Warto Pedal. Terus padha-padha jenenge Hadi tapi ingone-ingone beda, sijine dijenengi Hadi Bebek sing sijine Hadi Sapi. Terus ana maning Karto Patri, San Soto, Gimun Becak, Mad Ayam pokoke nek diterusna kebek kiye..

Nah,  ana maning dalam hal perjenengan selaine paraban uga ana jeneng-jeneng sing sebisa mungkin aja nganti nggo jeneng anak putune rika kabeh, tak wei contone ya..
1. Budi, nah jenengan kiye biasane dihindari nang perusahaan Leasing,  ya minimal di acc tapi nang kuthir dewek alias paling mburiiii dewek. Sebabe apa? rika ngerti perihbahasa kiye mbok? "Hutang nyawa dibayar nyawa, Hutang budi dibawa mati" guweeh mboook....(ya izya).
2. Lisa, aja nganggo jenengan kiye lah melas bocahe yakin. Sering nang tipi-tipi kae akeh pernyataan menganalisa....sitik-sitik menganalisa. Melasi yaqin dela-dela ana kata-kata anal...ajalah sebisa mungkin di hindari.
3. Asep. jenengan kiye biasane anu nggo kambing hitam masalah kebakaran, dadine ya melasi lah. ora mungkin kan nek ada asep nggak ada apinya?
4. Lina, nek mau lisa siki Lina, jenengan kiye biasane sok dadi absurd -ngerti artine absurd ora rika?  nek ora ya brarti pada karo Inyong-. Jenengan kiye dadi absurd nek lengkape dadi Lina Karolina. Mbingungi kan? lha Lina koh karo Lina sih kepriwe kuwe?
5. Rina. jenengan kiye termasuk kategori absurd nomer loro. Tanggaku gemiyen ana sing jenenge Rina Katarina Winarni. Mumet apa ora rika? jenenge kuwe Rina apa Winarni sih sebenere ora genah temen?
6. ora nana sing nomer nem lah, rampung. Ujarku arep nulis setitik malah dadi akeh kaya kiye, ya rugi inyong...semmm.