27 November 2010

.:: Jeneng ::.

Jere Lik Shakespeare "Apalah arti sebuah nama". Hla terus? ..ya mbuh, wong kuwe anu nggo preambule tok men keton sangar ngutip ungkapane Lik Shakespeare....
Wis lah ora usah dibahas....sing penting nyong arep mbahas masalah jeneng, utawane jenengan, tenger, lan aran. Nek nang Jawa utamane daerah banyumasan jaman siki kayane wis mulai ilang jeneng-jeneng sing asli njawani, soale mulaih kejajah nang Arab. Termasuk jenenge anaku dhewek, wong jere kyaine nek njenengi sing apik kuwe sing Islami. Islami? ya islami..........tapi bareng entuk referensi sing komprehensif sekang nganah-ngeneh termasuk narasumber jebul jeneng islami ora ana sing ana kuwe jeneng arab....uwalah.
Jaman gemiyen biasane gawe jenengan ora angel-angel sing penting kena nggo tenger, sing umum ya miturut dina pasaran laire, Sage lair nang Slasa Wage, Tugi = Setu Legi, Sapon = Slasa Pon, nek ora malah dina pasarane tok misale Kliwon nek lanang hla nek wadon ya Manis. Tapi ana sing jenengan aneh miturute nyong sing ora umum tapi nyata misale Sebrot, Runtah, ana maning Komet (kayane nggolet dukun bayi ora ana nganti komet). Terus ana sing berdasarkan peristiwa pas laire misale bareng karo bada ya dijenengi Slamet Riyadi, lair pas wulan purnama ya dijenengi Wulan.....Nah ana maning sing jenenge Hirlan Darwis singkatan sekang laHir nang daLan moDar ya Wis...


Nek jenengan wong kuna sing tekan siki esih dienggo ya ana baen, contone Rana (Ranadiwirya), Marta (Martareja) terus Sandi (Sandimeja). Jan-jane wong gemiyen ya gaul-gaul wis ngerti jenengan apik, ora kaya siki nek jenenge ora maen ya jenengan celukane digolet sing maen contone Turinah dadine Rina, Jumiyem dadine Umi, Slamet dadine Mame, terus kancaku sekolah gemiyen jenenge Soleh malah njaluk di celuk Slash ya ora papa bebas lah. Terus ana maning jenenge Edi Wardiono men keren ndean njaluk diceluk Edward, tapi ana siji kancaku sing jenenge Widhy Christanto ujarku men gaul kebarat-baratan tur singkat-padet diceluk W.C. malah ora gelem....he..he..
Tapi sing njelehi maning wong endonesah sing wis pada terkenal nang dunya ya kaya kuwe pada ganti jeneng kayata Saniatun siki wis dadi penyanyi terkenal ya ganti jeneng dadi Shania Twain, terus Kang Urip sekang Brebes wis dadi bintang pilem ya ganti jeneng dadi Keanu Reeves, ana maning bakul sate madura sing jenenge Cak Nurisman siki wis dadi bintang eksen hollywood ya kaya kuwe ganti jeneng dadi Chuck Norris, terus wong batak sing jenenge Arnold Siregar mbareng terkenal ya dadi Arnold Shwarzenegger, terus si Waka-waka maune jenenge ya Sakirah mbok lah sing umahe ngarepe Nini brewut bakul tempe.
Terakhir kiye masalah jeneng (wis kesel goleh ngetik koh..) nek nang njawa gemiyen jenengan wadon biasane mburine nganggo em karo ah contone Paikem utawa Painah, nah kiye kayane urung ana sing meneliti asal usul em karo ah kuwe mau, nek miturute inyong sih.. berdasarkan suara alami wong sing sok nyuara em..emm.....emm karo ..ah....aah....aaah kuwe biasane ya wong wadon, mulane pas nek jenengan wong wadon mburine nganggo em karo ah..

Wis lah.....semoga menjadi paham yang tidak menyesatkan jama'ah sekalian......

30 June 2010

.:: Kawin(an) ::.

Nang wulan (Rajab) kiye kondangan akeh banget rata-rata pada kawin(an)....jyaaan kawin massal pokoke. Ngomong-ngomong masalah kawin(an) dadi kemutan awake dhewek pas dadi penganten gemiyen, pokoke nek diemut2 ya nyenengi ya melasi....jyan kaya sinetron pokoke. Bali malem minggu jam 11 mbengi...minggune isuk-isuk jam 9 wis ijab nang lantai IV RS Pertamina Cilacap dengan background laut yang membiru dan nusakambangan yang membentang, lorong RS sebagai tempat pesta dan kursi tunggu RS sebagai pelaminan.......nelangsa. Tapi ora papa..... somasgo'on, manut nuruti permintaan terakhir mertua sing lagi gerah.
Hora krasa tanggal loro juli ngesuk wis sepuluh tahun, setunggal dasawarsa nek istilah jawane......Alhamdulilah!
Balik maning nang masalah kawin(an) utawane bebojoan, biasane nek bar mbojo kuwe.....kiye biasane wong lanang kuwe dadi lewih subur utawane lemu ginak-ginuk (nek sing ora ya anu luar binasa kayane).
lha kenangapa?
Nek jere wong tua....(kiye jere luh), ada perbaikan gizi..... dengan kata lain gizinya lebih terjamin. Sebabe apa? bayangna bae siki nek mangan seora-orane saben ndina bisa lawuh pupu, pupune ya ora gelem siji njaluke ya loro....wis kaya kuwe biasane penutupe tempe, arep ora lemu keprimen.....nggih napa inggih sedulur?
Tapi nek kaya penginyongan ya biasane nek dilawuhi pupu ya ora gelem, dasare anu ora doyan pupu...biasane ya tak singkar-singkarna nek lawuh pupu, nek kaya aku ya tetep
baen pilih tempene ......(nek ora ngandel takon bojoku nganah....).
Terus minimal rong ndina sepisan ya susune ora keri nggo pelengkap gizi, mulane ora lemu keprimen nek gizine full.
Terus maning, nek wong wadon dadi gering ya anu wajar baen..... wong paling-paling kebagiane gur gedhang......gedhang siji baen anu gur nggo cuci mulut, ora dipangan maning........jyaaaaan!

wis lah......sekian dan terima kasih....


_____________________________
*Yaqin..nulis blog kiye karena ada paksaan dan tekanan dari kang Eko rawins, .......jyaan melanggar HAM jane maksa-maksa wong kon nulis blog maning...semmlah.