30 June 2010

.:: Kawin(an) ::.

Nang wulan (Rajab) kiye kondangan akeh banget rata-rata pada kawin(an)....jyaaan kawin massal pokoke. Ngomong-ngomong masalah kawin(an) dadi kemutan awake dhewek pas dadi penganten gemiyen, pokoke nek diemut2 ya nyenengi ya melasi....jyan kaya sinetron pokoke. Bali malem minggu jam 11 mbengi...minggune isuk-isuk jam 9 wis ijab nang lantai IV RS Pertamina Cilacap dengan background laut yang membiru dan nusakambangan yang membentang, lorong RS sebagai tempat pesta dan kursi tunggu RS sebagai pelaminan.......nelangsa. Tapi ora papa..... somasgo'on, manut nuruti permintaan terakhir mertua sing lagi gerah.
Hora krasa tanggal loro juli ngesuk wis sepuluh tahun, setunggal dasawarsa nek istilah jawane......Alhamdulilah!
Balik maning nang masalah kawin(an) utawane bebojoan, biasane nek bar mbojo kuwe.....kiye biasane wong lanang kuwe dadi lewih subur utawane lemu ginak-ginuk (nek sing ora ya anu luar binasa kayane).
lha kenangapa?
Nek jere wong tua....(kiye jere luh), ada perbaikan gizi..... dengan kata lain gizinya lebih terjamin. Sebabe apa? bayangna bae siki nek mangan seora-orane saben ndina bisa lawuh pupu, pupune ya ora gelem siji njaluke ya loro....wis kaya kuwe biasane penutupe tempe, arep ora lemu keprimen.....nggih napa inggih sedulur?
Tapi nek kaya penginyongan ya biasane nek dilawuhi pupu ya ora gelem, dasare anu ora doyan pupu...biasane ya tak singkar-singkarna nek lawuh pupu, nek kaya aku ya tetep
baen pilih tempene ......(nek ora ngandel takon bojoku nganah....).
Terus minimal rong ndina sepisan ya susune ora keri nggo pelengkap gizi, mulane ora lemu keprimen nek gizine full.
Terus maning, nek wong wadon dadi gering ya anu wajar baen..... wong paling-paling kebagiane gur gedhang......gedhang siji baen anu gur nggo cuci mulut, ora dipangan maning........jyaaaaan!

wis lah......sekian dan terima kasih....


_____________________________
*Yaqin..nulis blog kiye karena ada paksaan dan tekanan dari kang Eko rawins, .......jyaan melanggar HAM jane maksa-maksa wong kon nulis blog maning...semmlah.

20 comments:

  1. hehehe, tulisane rika pancen berkualitas.ak termasuk penggemar blog kiye..
    versi bahasa indonesiane endi kang? men lwih akeh sing maksud

    ReplyDelete
  2. hahahaha. uwalah kang... kang... puasa puasa je alah crita kaya guwe. ya men lah. kena nggo nambani hawa ngantuk.

    kepribe kabare kang?

    ReplyDelete
  3. Walah ... gambar pacul...tulisane rika jan apik yakinlah ... ringkes ..trus madet... kie inyong malah dadi kepengin kieh ... kepengin pupu..eh nek pupu si wis duwe..tapi nek tempe ya anu urung duwe...wuahah ahah... ngesuk lah mbok ana anake tanggane gelem jujugna pupu...jajal detunggu bae lah..hiks

    tukeran link apa lik ?

    ReplyDelete
  4. sing lemu merga susune cocok kang
    sing gering merga ora cocok susune

    ndean luh
    hehee

    ReplyDelete
  5. nuwun sewu
    agi promosi kumpulane blog basa banyumasan
    http://basabanyumas.wordpress.com/

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!