29 November 2007

Raben Tempik Ciut

"Gyeh kang rika nek nggawe judul mandan beres sending jajal ketone
koh ora  patut nemen kuweh"
"Mengko gipit kang, aja gegoh gipitlah! Inyong tak ngrampungna
gipit goleh nulis"



Kemutan dong isih esempe inyong nduwe guru sing lucu pisan jenenge
Pak Satiman. Dheweke guru mata pelajaran (pela jaran sih kayangapa
yoh?...nek aku ngertine kur pela pitik ..jyan nek di goyeng gaying dadi
pela gubed, pela sing degubed karo usus nylekamin pisan koh) geografi,
guruku kiyeh merupakan tipe guru singtemenanan yakuwe wagu lan saru....

Pak Satiman nek mulang sarune pol lan lucu pisan, pokoke 2 jam pelajaran
ora krasa sebabe ngguyu terus nganti wetenge kaku ngguyu terus,
dheweke nek nyeluk muride ora tau nganggo jenenge muride, dadi nek
nyeluk kuwe nganggo jenenge ramane. sing tak gumuni jeneng ramane
muride apal kabeh koh...njelehi banget mbok.
sing de senengi maning ya kuwe ora tau nganakna ulangan, gantine ya
kuwe nggawe rangkuman sing de kumpulna dina ngesuke sedurunge
jam pitu isuk, gampang tapinesok akeh sing kelalen..
(termasuk inyong ..hiks)


"Kang deneng judule karo isine ora nyambung apa yoh?"
"Jyan..nyrandu bae kowe luh....sabar gipit ngapa"


Raben Tempik Ciut kuwe gemiyen aku ngertine ya sekang guruku mau
Pak Satiman, (siap-siap baen ana sing kuciwa nek ngarepna tulisan kiye
mbahas bab sing saru..maaf telah mengecewakan anda..he.he).
Raben Tempik Ciut kuwe singkatan sekang Rawa Bendungan Tempat
Piknik Cilacap Utara
, ya kuwe tempat plesiran sing nang sebelah lor kota
Tlacap. sing siki panggonane wis ora keurus maning, nggone wis kotor
kebek karo enceng gondok cekake ya terlantar kaya kuwe lah. Padahal
ndisit sempat arep digawe wisata air tapi mbuh kenangapa ora de terusaken.

Ndisit jaman taun 80-90-an Rawa bendungan termasuk rame nggo plesiran,
apamaning nek pas bada jyan rame pisan. ditambah maning ana hiburan
dangdutan tambah rame kuweh, lewih-lewih nek artise sekang ibukota
nek ora ya Grup Ken Arok sing penyanyine sexsih-sexsih pisan (anu sok
nonton sih inyong).
Tau ana sing nonton mandan salah kostum cara inyong, bocahe sangar
nganggo kaos gambare tah Metalicca tapi jogede nang ngarep dhewek
ora kena kesenggol ..
(huuulah ora cocog karo kaose kang!)

......................
seneng marani tempik ciut

27 November 2007

Lintang Jebule Menungsa???

Hah?? lintang jebule menungsa??
Mungkin sing kaget ora rika thok, nyong ben maune ora ngandel, tapi
kiye jyan anu temenan koh, jyan...inyong ora goroh lan ora nglombo.
kepriwe critane jajal mayuh dipendeliki nang ngisor kiye...

****
Bar mangan mbengi Inyong karo anaku metu ming njaba umah, mbuh
kenangapa nek bar madang mesti kemringete, dadi Inyong biasane terus
metu ming njaba umah.
Karo nggendong anakku sing cilik, nang mburine ditutna anakku sing 
mbarep sing isih sekolah nang TK ....ijig-ijig (jyan..dunia memang penuh
dengan ijig-ijig) anaku sing gede nylemod...nylemong (apa nyemlong yach..
lah mbuh lah pada baen ndean)
"Ma, lintang kuwe menungsa apa dudu?"
Biasane nek metu ming njaba mbengi-mbengi kuwe ndeleng bintang
utawa wulan nek lagi metungul wulane..
"Lah, ya dudu wong lintang kuwe pada baen karo srengenge."
"apa izya ma?" , dheweke isih ngeyel
terus tak jelasna dawa amba (panjang lebar mangsude) tak terangna
segamblang mungkin, sebisane seilmiah mungkin, karo madan sota
(sok tahu)
"lintang kuwe pada karo srengenge, tapine sebab panggone sing adoh
dadi kur keton kerlap-kerlip, ora krasa panas"
"ya ora lah ma", tetep isih ngeyel dheweke.
"lintang kuwe menungsa, wong lintang kuwe kanca batirku nang
sekolahan. Berarti kan menungsa Ma"
Huuuuuu..lah ya izya, pancen (karo madan mangkel)

.......................................
Asseeeeeeeeeeeeeeem!

22 November 2007

Polwan Melumah


Akhir-akhir kiye ujarku nang kotaku dewek tambah akeh
sing jenenge dalan ditambahi jenggulan utawane polisi tidur,
nek anaku guli ngarani ditambahi pak dadi "Pak Polisi tidur", gedene
lan modele werna-werna ana sing cilik gering lancip (jyan model kiye
ujare inyong sing paling nyengiti, madhehi lan nggethingi pisan) ana sing
gede lemu tapi landai (nek kiye kategori lumayan penak dilewati) ana
maning sing gede lemu tapi duwur seringe motor pada temangsang, apa
maning motor sing dedeprokna, lah kayane kudu dejunjung nek liwat,
nlangsani pisan.

Ana maning sing modele gede lan amba pisan, nek inyong ngarani
dudu pak polisi tidur maning kuwe tapi "Mabes POLRI tidur", jyan 
walaupun modele macem-macem tetep baen miturute inyong tetep
madhehi, nyengiti marekna ora nyaman nek liwat dalan sing ana polisi
tidure, percuma pemrentah goleh ngalusi dalan warang wurung tetep
digawe brenjulan mending dijorna baen rusak, kan pada baen sing pada
liwat pada alon-alon nek ora malah ditanduri wit gedang baen dalane
malah ana hasile ..he..he..

Inyong tau liwat nang sawijine dalan, dalane ora patiya dawa paling-paling
mung 200 meteran tapi tak etung jyan ana 11 Polisi tidure,
jyan ora mempeh temenan mbok? kuwe nek digenepna siji maning dadi
sejinah kayane diijolna bisa olih gelas kuwe ......yakin kuweh.

Mulane inyong duwe aran dewek nggo ngurangi rasa mangkel lan wadheh
yaiku diarani baen "Polwan Melumah" apa maning polwane nek ayu ...hmm
daripada polisi tidur...lha wong polisi turu baen akeh sing nyengiti
apamaning sing ora turu.........lah mbuh lah.

Pacul
Seneng Polwan Mlumah

19 November 2007

In Memoriam One Tea

Rasane kaya ora percaya, kaya ngimpi, jyan pokoke kaget pisan bareng 
Nyong ulih kabar sekang kancaku Agung Prast utawaNyong biasa nyeluk
Jagung atawa Pret, mbengi jam setengah sangaan tepate malem Kemis 
patbelas November Jagung tilpun,
"ora tau-taune kiye bocah tilpun", batine Inyong, wong madan lawas ora
tau ketemu, deweke pindahan umah ben Inyong urung tilik (ngapunten
ya Gung, urung sempat lah)
"Hola", tak sauri karo nyokot gorengan tempe wuda
"He..he..he hola koh", Jagung nyauri
"Ana apa koh Gung? kangen apa?"
"Sih lah, gyeh aku siki lagi nang Semarang"
"ora takon lah Gung!"
"aja brisik rungokna disit ndul"
"kepriwe-kepriwe?"
"Gyeh aku bar entuk es me ses sekang bojoku, entuk kabar jere Wanti
ninggal", jere Jagung Serius
"Lah serius kiye aja nglawak lah ora lucu", Nyong nyauri karo madan kaget
(mangan tempene dadi ora enak)
"Ya kuwe koh Nyong ben ora ngandel, jajal dikonfirmasi nganah maring
sapa, de takokna sing bener"
"takon maring sapa? nyong ben nang Jogja!"
"Uya yah kemutanku nang Cilacap baen"
"huulah.....thithiki untune sisan ngeneh, mbok kowe ndisit sing njujugna
pindahane nyong?"
"genah kelalen koh.....ya wis kaya kuwe baen jajal takokna nganahlah"
"yup...maturnuwun"

Gleks!, Nyong meneng karo mikir apa iya yah...tetep baen durung bisa
nrima nek kanca batirku wis ora nana. terus Nyong nggoleti nomer tilpun
kanca-kancaku, jyan sing maune kur ngebek-ngebeki phonebook siki
nembe kanggo, eeeeee....ndilalah tak tilpuni siji-siji laka sing aktip,
jyan kebangeten temenan kiye, apa gara-gara Nomer Perdana murah
dadi pada gonta-ganti nomer apa yah? tak esmeses sampe ganti dina,
ya ora ana sing mlebu barang seblindi acan, jyan pancen, ngonoh lah
akhire aku pasrah....karo isih penasaran karo kabar lelayu kancaku mau.

Dina Jemuah sore ana esmeses mlebu nomere anyar, bareng tak waca
jebule sekang kancaku Minto, ngabarna nek Wanti wis ora ana. Bar kuwe
nembe aku percaya nek Wanti wis ninggal (Inalillahi winailaihi roji'un).
Inyong, Wanti trus Minto kuwe termasuk kanca raket jaman isih sekolah 
tekan kuliah, jarang ketemuan mbarang wis pada mbojo.
Wanti, jyan miturute inyong bocahe apikan banget, jiwa sosial dhuwur,
 ora tau suudzon karo wong liya, nek ndeleng wong liya ketone apik kabeh
mulane sering dikerjani kancane apa delomboni kanca-kancane sing sok usil
maring deweke, mulane kancane akeh. Senenge nek bar upacara 17an
nang sekolahan mesti baline mangan-mangan sebabe deweke ultah tgl 17 
agustus dadi utahe dirayakna wong seIndonesia (ndean).
Wanti kanggone inyong merupakan salah satu sahabat terbaik bagine
inyong, jamane sekolah sering tak silihe sekang pulpen, garisan tekan
bukune (jyan....tak pikir-pikir deneng ora modal nemen inyong yach!),
nek disilihi jyan ora tau ora ulih koh.....jyan gumun pisan mbok?
Kemutan jaman dong isih ngapeli mantan pacar (waca:bojo) gemiyen 
wektu semono isih sekolah nang Jogja, Wanti ya melu tak apeli tapi 
kur tak silihi montore tok, saben metungul nang ngarep lawang karo
malang kerik langsung baen ngomong:
"Mesti arep nyilih montor"
"Ya kemen ora ulih apa?", jawabane inyong, jyan....nek tak silihi motore
ya ora tau ngomong ora ulih...mesti ulihe koh.
Kayane nek ngetung-ngetung kebaikane Wanti maring awaku, jyan ora
bisa ke-etung kayane, nek ditulis nang kene kayane sing maca nganti
mblenger ora doyan maca maning.

Wis limang tahun punjul aku ora tau ketemu karo Wanti tapi malah kabar
duka sing teka....mandan ngajog juga bada wingi wis niat arep dolan baen
ora kesampean.

Ya Rabb yang menguasai jiwa-jiwa, Jadikanlah Wanti tenang disisi-Mu.
Selamat jalan sahabatku.......kebahagiaan abadi telah menantimu.

Pacul
Lagi sedih..........

17 November 2007

Clingak - clinguk

Jyan bener-bener clingak-clinguk kiye kaya tulup dikethek, wong anu ora bisa (waca:biasa) nulis ben ndadak gembelengan 
nggaweni Blog,  apa ora kemampleng jajal. lha kiye  Bloge arep ditulisi apa? 
nek kur di orek-orek karo potlop thok ya ora patut kayane tah. Kayane 
ngorek-ngorek ben ndadak mikir apamaning nulis jyan, ngonoh lah ...
sedulur kabeh arep komen apa tak trima lha wong anane kaya kiye
ngganen arep de kapakna maning........(asal aja dipathaki baenlah...he ..he)

Pacul,
Lagi blajaran nulis....mbokan ana sing mathaki duwit