22 November 2007

Polwan Melumah


Akhir-akhir kiye ujarku nang kotaku dewek tambah akeh
sing jenenge dalan ditambahi jenggulan utawane polisi tidur,
nek anaku guli ngarani ditambahi pak dadi "Pak Polisi tidur", gedene
lan modele werna-werna ana sing cilik gering lancip (jyan model kiye
ujare inyong sing paling nyengiti, madhehi lan nggethingi pisan) ana sing
gede lemu tapi landai (nek kiye kategori lumayan penak dilewati) ana
maning sing gede lemu tapi duwur seringe motor pada temangsang, apa
maning motor sing dedeprokna, lah kayane kudu dejunjung nek liwat,
nlangsani pisan.

Ana maning sing modele gede lan amba pisan, nek inyong ngarani
dudu pak polisi tidur maning kuwe tapi "Mabes POLRI tidur", jyan 
walaupun modele macem-macem tetep baen miturute inyong tetep
madhehi, nyengiti marekna ora nyaman nek liwat dalan sing ana polisi
tidure, percuma pemrentah goleh ngalusi dalan warang wurung tetep
digawe brenjulan mending dijorna baen rusak, kan pada baen sing pada
liwat pada alon-alon nek ora malah ditanduri wit gedang baen dalane
malah ana hasile ..he..he..

Inyong tau liwat nang sawijine dalan, dalane ora patiya dawa paling-paling
mung 200 meteran tapi tak etung jyan ana 11 Polisi tidure,
jyan ora mempeh temenan mbok? kuwe nek digenepna siji maning dadi
sejinah kayane diijolna bisa olih gelas kuwe ......yakin kuweh.

Mulane inyong duwe aran dewek nggo ngurangi rasa mangkel lan wadheh
yaiku diarani baen "Polwan Melumah" apa maning polwane nek ayu ...hmm
daripada polisi tidur...lha wong polisi turu baen akeh sing nyengiti
apamaning sing ora turu.........lah mbuh lah.

Pacul
Seneng Polwan Mlumah

17 comments:

  1. hah? polwan nya melumah??
    telentang???

    ReplyDelete
  2. @Tikabanget
    Izya,Tik.....Asyik kan?

    ReplyDelete
  3. Lah rika ana2 baen kang, mbok ana untunge juga akeh jenggulan neng dalan, kena nggo alesan njaluk pijet maring sodara bojo gara2 awake padha lara bar ngliwati jenggulan

    ReplyDelete
  4. @ Mbokefatih

    Kayane ora kur pijet tok kang nek maring sodara bojo..
    pijet plus plus lah..

    ReplyDelete
  5. rika asline ngendi lik? jan mandan sangar lu kitane kie nyong nyongan nang blog asal aja dadi monyong bae ya he..he...

    ReplyDelete
  6. nek mbakyu polwane dorce gelem po rika?

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!