29 November 2007

Raben Tempik Ciut

"Gyeh kang rika nek nggawe judul mandan beres sending jajal ketone
koh ora  patut nemen kuweh"
"Mengko gipit kang, aja gegoh gipitlah! Inyong tak ngrampungna
gipit goleh nulis"



Kemutan dong isih esempe inyong nduwe guru sing lucu pisan jenenge
Pak Satiman. Dheweke guru mata pelajaran (pela jaran sih kayangapa
yoh?...nek aku ngertine kur pela pitik ..jyan nek di goyeng gaying dadi
pela gubed, pela sing degubed karo usus nylekamin pisan koh) geografi,
guruku kiyeh merupakan tipe guru singtemenanan yakuwe wagu lan saru....

Pak Satiman nek mulang sarune pol lan lucu pisan, pokoke 2 jam pelajaran
ora krasa sebabe ngguyu terus nganti wetenge kaku ngguyu terus,
dheweke nek nyeluk muride ora tau nganggo jenenge muride, dadi nek
nyeluk kuwe nganggo jenenge ramane. sing tak gumuni jeneng ramane
muride apal kabeh koh...njelehi banget mbok.
sing de senengi maning ya kuwe ora tau nganakna ulangan, gantine ya
kuwe nggawe rangkuman sing de kumpulna dina ngesuke sedurunge
jam pitu isuk, gampang tapinesok akeh sing kelalen..
(termasuk inyong ..hiks)


"Kang deneng judule karo isine ora nyambung apa yoh?"
"Jyan..nyrandu bae kowe luh....sabar gipit ngapa"


Raben Tempik Ciut kuwe gemiyen aku ngertine ya sekang guruku mau
Pak Satiman, (siap-siap baen ana sing kuciwa nek ngarepna tulisan kiye
mbahas bab sing saru..maaf telah mengecewakan anda..he.he).
Raben Tempik Ciut kuwe singkatan sekang Rawa Bendungan Tempat
Piknik Cilacap Utara
, ya kuwe tempat plesiran sing nang sebelah lor kota
Tlacap. sing siki panggonane wis ora keurus maning, nggone wis kotor
kebek karo enceng gondok cekake ya terlantar kaya kuwe lah. Padahal
ndisit sempat arep digawe wisata air tapi mbuh kenangapa ora de terusaken.

Ndisit jaman taun 80-90-an Rawa bendungan termasuk rame nggo plesiran,
apamaning nek pas bada jyan rame pisan. ditambah maning ana hiburan
dangdutan tambah rame kuweh, lewih-lewih nek artise sekang ibukota
nek ora ya Grup Ken Arok sing penyanyine sexsih-sexsih pisan (anu sok
nonton sih inyong).
Tau ana sing nonton mandan salah kostum cara inyong, bocahe sangar
nganggo kaos gambare tah Metalicca tapi jogede nang ngarep dhewek
ora kena kesenggol ..
(huuulah ora cocog karo kaose kang!)

......................
seneng marani tempik ciut

23 comments:

  1. untung rasalah pengertian akune lik, tempikciut.
    ohternyata penggemar dangdut. aku eling kayane mbiyen rika nek jogaet mesti nangarep dewek ya pantes artise ora gelem di demek nang rika wedi mbok katut si

    ReplyDelete
  2. @ cewekndeso

    seh..urung turu yu...wis mbengi
    ngesuk mbokan nyambut gawe

    ReplyDelete
  3. agi jelajah blog kie ndeleng sing aik. jam semene aku ya urung turu mengko sejam maning utawa 2 jaman ya nembe turu. tangiku awan jam 8 jenenge be babu hongkong ya kayakie

    ReplyDelete
  4. owalah, jebule rika wong tlacap ya? pada karo inyong. mbiyen jamane isih cilik, inyong seneng banget digawa meng rawa bendungan. dasare wong ndesa mblekuthuk, ujarku meng tlacap koh kaya wis meng suwarga, seneng banget rasane. pas taun 2000an aku mbalik menganah koh dado elek banget. apa maning hutan bakaune. jan...

    lik, bloge tek link ya. seneng aku karo rika. suwun...

    ReplyDelete
  5. Mas /Om Pacul,

    Kenalaken dhisit, aku Wagino, sekang Tlacap baen.

    Aku arep njaluk ijin, artikel Raben Tempik Ciut arep tek tayangna nang CilacapMedia.com.

    Maksudku arep nggo ngisi Rubrik Cilacapan sing isine ya gendhu-gendhu rasa nganggo bhs jawa Banyumasan, ya semacam dagelane peyang penjol utawane Curanmore Samidi.

    Maturnuwun.

    ReplyDelete
  6. Mangga kanglah..kabehan ya ora papa

    ReplyDelete
  7. Kula Nuwuun.

    Kang nyong be agi njajal ngeBLOG (ahmad-mansur.blogspot.com)& (www.listrik.tk), nek rika kepengin weruh ya di bukak.
    Rika pancen lucu temenan (dasar muride SATIMAN), ora kalah karo Pak Gurune. Kur lucune lewih akeh nang Pak Guru.

    Rika bojone siji, tapi nang saben kota ana siji-siji?

    Nek Inyong tah anake nembe 3, tapi Mbarep Kabeh. Salam nggo sing ngisi Comment, trutama wong Kawunganten (nyong angger ana wong wadon, kepengin sarungan bae)

    Kiye nyong agi glewehan MAAF sekabehe.
    NYONG ASLI KEDUNGREJA, CILACAP siki manggone nang Ciputat, KOTA Tangerang Selatan.
    jenengku AHMAD MANSUR, biasa diundang Mansur (men kaya Penyanyi kaya kuwe).
    Bojo 1 anak 3 IKLAN MANING (www.ahmad-mansur.blogspot.com)

    Best Regards

    MANSUR

    Pamit PUNTEN

    ReplyDelete
  8. siki rawa bendungan rame maning ya kang

    ReplyDelete
  9. cilacap sih top pisan,bocah wadone sih ayu2 temen enggane

    ReplyDelete
  10. Thank you, the article is very petrifying, hopefully it can be useful for everyone.

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!