01 December 2007

Dunia Pertempean

Nek Dunia tanpa wanita kuwe sepi jarene, tapi nek dunia tanpa tempe....
waah! gawat kuweh inyong urung bisa mbayangna kuwe kayangapa nek
dunia tanpa tempe. Apa enggane kon nggolet selain tempe...waduh! urung
siap mental kuweh. Kayane nek bangsane penginyongan kiyeh nek ora
tempe ya ora..wani gelute kuweh...he..he..soale jyan kaya inyonge kiyeh
anu penikmat tempe sejati nek jajan ya apa maning sing  degoleti nek ora
tempe. (tempe poreper lah)

Nang endonesah terutama nang njawa wis lumrah nek wong pada ngeleri
tempe, terutama nang pasar-pasar biasane anu di dol sebab ora mungkin
nek nang pasar kuwe kur nggo pajangan tok. Lha nek sing pada ngeleri
tempe nang pinggir-pinggir ndalan, kuwe kayane jenis tempe sing liyane tah.

Panganan kiye wis dadi panganan rakyat, jyan rata-rata kabeh wong jawa
doyan kayane. sekang sing tua ngasi tekan sing nembe blajaran mlaku
kabeh padha doyan maring panganan kiye. Nek Inyong saben ndinane kudu
ana lawuhe tempe (padune ora bisa tuku sing liane...hiks). Model apa
baen masakan tempe kayane enak kabeh koh. Molaih sekang sambel tempe,
di jangan lombok ijo, nganti dibacem tetep baen nylekamin.

Tempe biasane juga nggo campuran njangan, njangan kangkung de
campuri tempe....ya anu enak, nyemur iwak pitik de tambaih tempe..
ya tempene melu rasa iwak pitik, lha kiye sing urung tau kayane nek
oseng- oseng lawang de campuri tempe......kepriwe  rasane.(ngonoh
mbok ana sing kepengin njajal ya ulih).


Nek paporite inyong kuwe gorengan tempe wuda...wis jyan laka liyane
kayane. nomer lorone ya kuwe sing wis de caweti karo gandum sing
jenenge tempe mendoan...wah mendoan ditambah karo cigitan lombok
utawa disambelnasambel bawang (nek inyong ngarani sambel tlenjeng)
laka tandinganekayane luh. (tapi nek kon milih sate kayane tetep milih
satene...dezzig!)

                
                                  sambel tempeh....gurih  pisan

Nek masalah pitamin utawa kandungan gizi tempe tah ora kalah karo
perdagingan, sing jelas malah lewih sehat soale ora kakehan kolesterol
(duh..panganan apamaning kuwe) malah bisa nggo ngeduna kolesterol lan
bisa nggo anti-anemia (clingak-clinguk, ana sing jenenge ane karo mia
ora kiye?).


Tapi,(deneng ana tapine?) sayange dalam hal masalah paten-patenan
(waca=hak paten) tempe kiyeh uwis kedisitan nang negara liya, melasi
banget mbok?..sing dekawatirna mbokan pengusaha tempe utawa bakul
tempe kon pada mbayar royalti, apa ora ngenes kuwe.  Ana 19 paten
tentang tempe, 13 nang negara Umaehrika, 6 nang negarane Miyabi
(halah..Jepang maksude koh). Kayane suwe-suwe enteng endonesah,
ora duwe apa-apa, kabeh-kabeh dipatena nang wong liya. Tapi ya ora papa
kayanen, sekali-kali mbok bisa ngrasakna tempene wong jepang apa
amerika (siiih..lah!).


"Lik bedane lontong karo tempe apa lik?"
"Nek tempe dilebokna lontong dadine arem-arem, tapi nek lontong dilebokna tempe
dadine merem-merem kayane"

"Lik,lha nek bedane bakul tempe karo bakul tahu apa kuwe?"
"Nek bakul tempe dicekeli tempene malah senengen,wong arep de tuku.
tapi nek bakul tahu decekeli tempene...huulah jajal bae ngonoh siram banyu tahu klakon"

......................................................................
Pacul
seneng tempe wuda sing anget + susu

23 comments:

  1. hahaha. bingung gulihe komen. kiye lagi pada kumpul nang umahe pakgede mbilung kang. rika janjane nang endi? mbok-mbokan nang jakarta ayuh pada kumpul...

    ReplyDelete
  2. lah...aku anu nang jogja kang.
    nderekna baen lah
    balangi klethikane ngeneh..

    ReplyDelete
  3. lah rika jan nulise mulaih aneh nglantur sing maca cengar cengir dewek, ana ana baen tempe goreng di caweti ati ati glih nulis mbok kewacan nang anake mengko malah anake aja tambah pinter ngungkuli rika. aja mung tempe wuda terus sing di klangeni, njajal rika sepisan pisan nyicipi osengan lawang campur tempe kayangapa rasane mengko nek enak aku ya tek melu nyawang bae hixhix....

    ReplyDelete
  4. wakakakakak ... jan sip tenan ki

    ReplyDelete
  5. Ana paribasan seka solo kang pacul, "Sing temping pentikke.."

    koeaing!

    ReplyDelete
  6. lah jan basane lo... mbleketaket temen jane ya?
    kanggo bangsari, kang, nek ana kumpulan wong ngapak ng jkt, nyong diajaki sih? eh tapi nyong isih ng jogja ding. ngko lah taun ngarep insya allah aku kukudan maring njakarta.

    www.aryaperdhana.wordpress.com

    ReplyDelete
  7. diamput..hahaha aku rodo bingun ki..tapi yo ga papa...tempe sing paling enak dudu tempe wuda kang, tapi tempe ga becek..

    ReplyDelete
  8. Jan..nylekamin temenan kiye...

    Matur suwun wis mampir, kangmas...Salam kenal yaa...

    ReplyDelete
  9. lucu tenan iki. padahal ono beberapa kosa kata sing aku ora ngerti blas. aku yakin tulisan iki pasti lebih heboh...

    *ngakakk*

    ReplyDelete
  10. hiaahahaha, blognya aneh n lucu.. sep2

    ReplyDelete
  11. tempe-ne ra nganggo k tho? beda artine lan rasane :D

    ReplyDelete
  12. wah template ipun sau mbok kulo dipun paringi

    ReplyDelete
  13. sungguh kawulo pingin nyonto, form komentar niki peripun carane, nyeleh wonten ing sak ngandapipun, komenar. matur nuwun sakderengipun.
    monggo kawulo aturi mampir wonten "karimun-jawa.blogspot.com"

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!