28 December 2007

Bences

Saben nonton tipi, ujarku tak deleng-deleng siki tipine kebek bences apa yah? mbuh penomena apa akhir-akhir kiye malah suwe-suwe banci ngakehi. Bukan inyong alergi karo banci tapi nek ndeleng polahe nang tipi jyan suwe-suwe maregi temenan. Apamaning sing jenenge Ipan gunapan...lha mubah temenan kae de wei awak gedhe dhuwur eee..malah lenjeh..jyan mubah temenan mbok? apamaning wong loro kae sing lagi munggah godhong (waca:naik daun) Ogla karo Reben, lhaaa maregi maning kae....ora lucu-lucua, terlalu over (wis terlalu isih detambahi over maning..ixixixixi) sing maksude ben lucu malah dadi wagu njeglu.

Sing njelehi maning jamane isih seneng nongkrong gemiyen, nek sing bali gasik mesthi di padhak-padhakna karo banci.
"kalah karo banci kowe, jam semene bali"
"lha kepriwe sih?"
"jam semene kiye banci nembe mangkat, ngerti ora? kowe malah bali"
dadine ya ora sida bali, jagongan maning tekan isuk...asem..

Nang kota cilik kaya kotaku banci juga wis beredar biasane nang sekitar alun-alun, nek liwat kono mesthi terdengar suara sayup-sayup njelehi..
"kang demut sepuluhewu gelem ora ngeneh" sih..lah kaya permen baen batine inyong
"nek kenang untu gratis" busyeeet...kiye wong
"ngemut knalpot gelem.." tak sauri karo githir mlayu....mbok debrengkolang karo ganjel susune koh.




Waria Nusantara


Nek nang Solo gemiyen kuwe ana banci sing Legendaris jenenge Endang Parabola biasane beredar nang sekitaran Taman Sriwedari, wonge wis tuwa, kiye mungkin banci sing edisi terbatas...limited edition lah pokoke, banci angkatan 45 sing ngganggone jarit karo gelung -mulane dejenengi Endang Parabola- langka-langkalah banci nek dines kuwe nganggo jarit karo gelung kayane ya wong siji thok kuwe. Sing tak gumuna kuwe wis tuwa koh isih banci baen koh...he..he..ora bosen-bosen mbok ya mandan ana inovasi sethithik lah..sing kreatif....dadi nek awan mbecak tapi nek mbengi dines mbanci kaya kuwe.

Sing tak gumuna maning nang Inyong, ujarku banci kuwe ora bisa manak, ora bisa meteng tapi deneng bisa tambah akeh, kepriwe kuweh jajal. Memang sih menungsa kuwe kawit mbiyen berkembang biak dengan cara vegetatif, tepate dengan cara stek, lha wong kawit gemiyen mbok sing di tancepna batange. Tapi mbuh nek banci deneng bisa ngakehi apa nganggo sistem cangkok apa yah? apa bijine sing ditandur yah?.....eee mbok ana sing sukarela eksperimen nandur bijine. Apa malah karo umbi-umbian yah? Tapi kayane sing mandan mendekati ya kuwe dengan sistem merunduk...ndean.
Ngonohlah mbok ana sing bisa njelasna lewih komprehensip....silahken. (zedhoooooot...oooom)

........................................................................................................................
Pacul
setia dengan stek batang

32 comments:

  1. waria kaum yang terpinggirkan....

    ReplyDelete
  2. =>anangeInyong
    memang biasane mangkale nang pinggiran mas anang..

    ReplyDelete
  3. ha ha.. saiki mungkin lagi trend kang. aku ora pernah nonton gossip je.

    oh ya kang, nggawe kamus online pie. aku agak kesulitan beberapa kosa kata.

    mandan:....?

    ReplyDelete
  4. mandan=rada (wetan)
    ex:
    mandan maen = rodo apik

    kamus online? apik kuwi ning carane piye?

    ReplyDelete
  5. ehehe...onok juga ngonceb salah kostum koyok iku...


    cul...pacul... pindah nang wotpress ae poo...

    ReplyDelete
  6. huahahahhahhaa.....
    suwerrr aku nguakakkk puoolll moco iki :D kok yho enek bencong limited edition barang =))

    ReplyDelete
  7. =>chiw
    sik ah..jik betah ki

    =>ving
    ojok ombo2 mba....

    ReplyDelete
  8. masio ora iso manak, idune banci kuwi manjur om..mangkane, populasine ben taon tamba akeh...

    ReplyDelete
  9. ha mosok wes tuwek di kon mbecak. gak sopan tenan. :))
    lucuuuu

    ReplyDelete
  10. bences juga manusia,

    fotonya kayak miss world,

    wakakakaka

    ReplyDelete
  11. oalah mandan = agak...
    pantaesan tak pikir-pikir, tak roso-roso kok ora pas....
    jebule memang salah perkiraanku.

    thx eniwe

    ReplyDelete
  12. taon baru cak..... udah terus.. banjir.. ga isa macul sawah

    ReplyDelete
  13. waria ku pancen rak iso manak, tapi waria ku penyakit menular berbahaya, mangkane iso dadi akeh koto ngene, mas pacul...

    ReplyDelete
  14. ik tertariek samah iang "kena gigi gratiess.." itoe poen, tjoeba kowe gali lebi dalem boeng !

    ReplyDelete
  15. Gapapa..ipan gunawan lucu kok...tapi asli aq ra tau ngguyu nek ndelok kaum waria, mergo aq ngerti nek mereka ki yo koyok ngono mergo samting wrong ning njero awake. Toh deknen ra pengen dadi waria kan pertamane..hepi nyu yer ya pren!!

    ReplyDelete
  16. wew,,gek ngerti aku ono blog sing bosone tegal banget koyo ngene,,hehe seneng moco blogmu bunk,,iso nambah wawasan lan mbek ngguyu ra bar-bar,,la sing diomongke lucu2,,hihihi,,kuwi aku ngakak moco sing 'pengembangbiakan' waria kuwi asli lucu tenan,,hahahahah,,,,

    ReplyDelete
  17. met taon baru kang pacul.........yess!! hilangkan waria! rika aja tiru tiru ya kang:D melasna bojone mbok rika mengko malah dadi ra napsu ngeloni bojo nek mbegi :D

    KW:> itu lho ada kamus online untuk bahasa ngapak nich http://www.ngapak.com/portal/modules.php?name=Kamus_Ngapak

    ReplyDelete
  18. "kang demut sepuluhewu gelem ora ngeneh..."

    jajal dienyang limangewu kang mbok ulih... :)

    ReplyDelete
  19. Sori lah kang. Kayane wingi wis tek setel ora usah mbukaki lawang langsung geblush, klalen keluthik maning ndean. Ya Wis kang matur nuwun, tek link sing kie bae ya, kompakan ikih karo nang MP.
    Njaluk bojone siji kang..

    ReplyDelete
  20. oalah. ujarku rika melu-melu sistem merunduk. hahahah. mangkane aja nonton tipi, diguwang bae tipine. tambah bodo luh.

    ReplyDelete
  21. =>ipul
    apa ora rika kuwe...mbojone kapan kiye kang?

    ReplyDelete
  22. najis gua liad nya..

    ugh,,,,,,

    ReplyDelete
  23. I am impressed with this website, really I am a big fan.

    Visit my site :: 오피사이트
    (jk)

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!