19 December 2007

Haji Barokah

Ora krasa wis Idhul Adha maning, ujarku nembe wingi guli mblenger mambu prenguse..eee..siki wis arep kurban maning. Tapi seprana-seprene urung isa melu kurban, paling-paling sing ajeg ya kur kurban perasaan. Kurban taun wingi kancane Inyong nyejeni dhewek, biasane nek kurban kuwe binatang ternak kaya wedhus apa sapi tapi dheweke nylentha, ne sing liya-liyane padha mbageni daging dheweke malah dhuwite nggo tuku beras trus dibagek-bagekna maring tangga teparo. "Lha wong lawuh akeh, daging padha mblenger tapi nek ora ana beras sing de liwet ya...ora lucu mbok lah" jerene kancaku mau. Ya kabeh mau ana benere wong sing penting korban kuwe sekang niate. "Daripada sih idul adha kesane kaya pesta, kabeh-kabeh pada bakaran sate, tapi bingung ngesuk ora duwe beras" jere kancaku nambahi.

Pada baen nang masalah perhajian Endonesah, jyan saben taun sing pada mangkat haji tambah akeh nganti pada antri nang daftar tunggu, kontras karo jumah penduduk miskin sing jere Wiranto 49,5% tapi jere BPS kur 16,5%. Endonesah pancen antik penduduk miskine isih akeh tapi sing munggah kaji bisa paling akeh sedunia. Tapi jere mbahe nek muslim nang endonesah solidaritase apik sing karep munggah kaji bisa separone karo sing siki, dadi siki kuwe akeh sing munggah kaji karo merem. Lha bangga munggah kaji tapi kiwe tengene padha nggo mangan baen angel, akeh bocah putus sekolah, mriyang ora bisa berobat..priwe kuweh?

Secara pamitane baen cara aku ya mandan ora pas karo adab/etika. Kayane bangga nganakna pengajian pamitan haji gedhen-gedhenan, sing ketone biayane bisa nggo sekolah wong sing ora mampu. Sing jenenge pamitan cara Inyong ya sing arep lunga kuwe teka maring sing de pamiti, dudu kewalikane malah ngundang sing arep de pamiti kon teka maring ngumah. Ujarku lha kurang pas nemen.



Nang kene sing jenenge julukan nggo haji ya anu akeh sekang Haji Abidin (Haji atas biaya dinas), Haji Padoli (Haji Apa-apa didoli nggo mangkat), tekan Haji Hasip (Haji Hasil Korupsi pejabat). ana maning Hajingan, Hajinguk, Hajingseng.........ngonoh terusna dhewek lah.

Lha kiye ana crita wektu musim haji taun gemiyen, sing crita kuwe anu kepala regu/kelompok haji. Senajan wadon tapi dheweke didapuk dadi kepala kelompok dasare memang dheweke kuwe anu Ustadzah dadi dipandang lewih mumpuni. Nah nang anggota kelompoke kuwe mau ana siji wong tua /kaki-kaki sing wonge ngeyelan banget, pokoke nek de omongi ya semaur mbuh salah mbuh bener tetep ajeg semaur. Salah sijine sing de omongi tetep ngeyel yakuwe nek mangan kon aja kakehan sambele ujare ustadzahe ya mbokan lara weteng dadi ibadahe ora keganggu, tapi dheweke ya tetep kemaruk mangan sambele malah njukuti sambele tanggane mbarang.

Nah pas lagi numpak bis maring Mina arep mbalang jumroh nang tengah ndalan kakine kuwe mau kebelet boker sing wis ora bisa de tahan maning. Akhire ya ketua rombongane sing melu repot, "ngandel ora...ngandel ora", mbatine ketua rombongane karo getem-getem. Akhire ngomong karo supire kon mandeg nang ndalan, dadi wong sebis kuwe nunggone wong sing lagi boker nang tengah-tengah padhang pasir. Dadi sekang kadohan ya keton baen wong langka singgo umpetan. Wis kon nunggu karo ndeleng pemandangan wong tongkrong...ya njelehi banget mboklah, magane ora kur sepisan wong kuwe boker nang ndalan, sedawane dalan meng Mina kuwe ana ping telu ndean...pa ora madehi. Gara-gara sambel pada repot kabeh.

Singkat cerita, wis wayahe bali meng endonesah tercintah, biasane nek wong haji kuwe njaluk dijenengi nang kana. Ora ketinggalan wong tua kuwe mau, lha nang Ustadzahe/ketua kelompoke disulna jeneng Haji Barokah. Bareng tekan ngumah detakoni nang anak putune, "mbah de jengeni apa nang kana?". Jawabe kakine kuwe mau "Haji Barokah" karo bangga. Ora ngertia nek Haji Barokah kuwe singkatan Haji ngobrak-ngobrok nang Mekah....wekekekekekek.

.............................................................................................................................
Pacul
nembe bisa munggah ngamben

26 comments:

  1. Hehehehe sich paling akeh kuwe Hajingan, Hajinguk dkk ya Kang
    Oh ya klalen ... melu ngucapna Sugeng Idul Adha baen

    ReplyDelete
  2. Gambar pacul, kayaknya masih "sodara kembar" saya! salam dari ladang

    ReplyDelete
  3. Jan rika ana2 baen lhoh kang, marakna kelkelan kiye inyong
    eh "gambar pacul" karo rika bener bocah kembar? Brarti rika melu milis banyumasan jg?

    ReplyDelete
  4. maklum mas, indonesia gitu loh. makin sering naik haji makin keren kan? ha ha
    salam kenal saka inyong

    ReplyDelete
  5. hahahah..itoe botjah ko ngisingan boeng ? Bole loepa samah ik poenja resep moestadjab van kake moeiang poen, pake itoe krikil bole dikantongin. Djikaloe tijada moestadjab, krikilnjah bole diseselin ka ianjah poenja loebang pantat poen....
    koeaing!

    ReplyDelete
  6. Aja kaya kuwe lah kang...Mbok ya nek sirik kuwe aja diketonaken.. :D

    ReplyDelete
  7. haji barokah, jan cocok banget guwe jenenge

    ReplyDelete
  8. nang nggonku ana sing dijenengi kaji dul ghani wektu munggah haji. jyuan ndilalahe kok pase temenan dadi baul beras sing wadahe karung goni koh.

    kuwe nek dijenengi kaji barokah apa ora melasi uripe terus ngobrok terus? hahahaha

    ReplyDelete
  9. aku setuju yen munggah kaji dibatesi. lha munggah kaji kok mben tahun, padahal tanggane akeh sing keluwen ora mangan.

    ReplyDelete
  10. mo ngomentarin namanya aja... pacul cicipilah... kalo kenyal enak Mas... kalo ini???

    ReplyDelete
  11. mo ngomentarin namanya aja... pacul cicipilah... kalo kenyal enak Mas... kalo ini???

    ReplyDelete
  12. pancen kang pacul ana ana baen, kue kaji barokah tanggane rika apa lik?

    ReplyDelete
  13. =>siwi
    wah nek iki type perempuan yg ga k suka kekerasan tapi penyuka kekenyalan..

    =>ce ndes
    iya yu tanggaku....tangga kota he..he..

    ReplyDelete
  14. terimakasih bos infonya dan salam sukses

    ReplyDelete
  15. makasih gan tentang infonya dan semoga bermanfaat

    ReplyDelete

  16. Thank you so much for giving everyone such a splendid opportunity to discover important secrets from this site.
    It is always very sweet and full of fun for me personally and my office colleagues to
    visit your blog minimum thrice in a week to see the fresh guidance you will have.
    And definitely, I'm so always amazed for the fabulous creative
    ideas served by you. Some two points in this posting are absolutely the most effective we've had.

    Visit my site :: Visit my site :: 휴게텔
    (jk)


    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!