04 December 2007

Mriyang..........................

Wis telung ndina kiye nyong awake ora kepenak blass...panastis,
nggreges, ndhase mumet, ditambah maning awake pada lara kabeh.
Sekang ndhuwur tekan sikil pegel kabeh ....pokoke kaya digebuki wong
se-RT ndean.

Sewulan kiye wis ping pindo nyong ngalami mriyang sing gejalane persis 
kaya kuwe sing ujung-ujunge dadi watuk karo pilek. 
Ujarku nyong olah raga ya ora kuang-kurang, isuk-isuk gasik ya wis angkat
junjung (piring mangsude...he..) apa maning nek mbengi sparing 
partner-an karo sodara bojo (suegerr!!).

ana apa ora yach.. wong sing ora mriyang? nek mbayangna Gatotkaca kayane
tah ora tau mriyang wong otote kawat balunge wesi, nek mriyang kayane
tah anu wis karaten kabeh..ndean.

"wue...e...e...e ...e...aku raden gatotkoco otot kawat balung wesi, kringete
wedang kopi, mabur tanpo swiwi, mlumpat tanpo cuthang,
jajan tanpo mbayar......................"



....................................
Pacul
lagi menikmati mriyange

15 comments:

  1. Soeda djelas itoe koweorang poenja penjakiet lawas koemat, siphilis moeloet...

    Koeaing!

    ReplyDelete
  2. @ Koeaing

    halah....ketularan saka kowe boeng!

    ReplyDelete
  3. wah..lha wong mongso'ne jek mongso ketigo kok mas..yo wajar wae nek sampeyan agak2 mriang ngono..selamet mriang yo..ojo ngejak2 lah..hehe

    ReplyDelete
  4. aku dadi kelingan lilikku sing nembagne kaya kuwe mbiyen koh. tapi kayane sing nyanyi gatotkaca kringete wedang kopi kayane mung nang tlacap thok luh.

    rika gelem tek warahi men cepet mari mriange? ra gelem ya uwis...

    ReplyDelete
  5. @ Mbilung
    nek mathil malah izya kang....ampuh pisan pathile inyong koh.

    @isthar
    nek mriyange demam miyabi mesti melune rika..

    @ bangsari
    wis tak untali ndog sepitik-pitike kang, nek urung mari ya karo kandange sisan tak untal..

    ReplyDelete
  6. lho nguntal ndog ku kang pacul?waduh..

    ReplyDelete
  7. lik mriyange cepet cepet diobati aja mungontali ndog thok malah karo kandange diuntal ora dadi marine malah dani paraeh. kae wingi jere neng sarwadadi ana wong di celuk neng gusti Alloh sedina wong papat. rika aja disit disit ya melas bojone nek mbengi ra nana sing maculi hixhix

    ReplyDelete
  8. mas, deneng padha nasibe karo inyong ya? Wingi be inyong nggreges, lemes, lesu, letih, lunglai, lan liya-liyane...Eh..jebule pancen darah rendah. Wis maring dokter durung mas? Gagean, men cepet mari, dadi bisa sparingan maning karo bojo. Kekekekekekeke...

    ReplyDelete
  9. @pitik
    kiye wong wis tak untal isih isa komen yah?

    @cewekndeso
    seh..sedina wong papat akeh nemen yu

    @maruria
    nek darah rendah tah anu kepengin nyate kuwe yu

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!