10 December 2007

Korupsi

Ora ngerti maune jebul wingi tanggal 9 Desember kuwe anu Hari Korupsi Sedunia, apa ana?. Mbuh kepriwe mau-maune , larah-larahe bisa ndadekna tanggal 9 Desember kuwe dadi Hari Korupsi Sedunia, sekang jenenge baen deneng janggal temen yach? Hari Korupsi Sedunia, berarti nang dina kuwe anu nggo rame-rame korupsi. Deneng jenenge ora Hari Anti-Korupsi Sedunia baen yach? kan cetha lho dadi ora kakehan perpsepsi nek kaya kuwe.

Mulane korupsi akeh baen ya kuwe sebab ana Hari Korupsi sedunia. Tapi anehe deneng langka koruptor sing ngrayakna yach? padahal nek menurute inyong bagine para koruptor kuwe penting soale wis sukses nguras duwit negara, karodalan sing ora halal. Nah sing aneh maning kuwe para koruptor kuwe rata-rata wonge cerdas, pinter lan beragama. lha kuweh memprihatinkan banget mbok?

Nah siki Nyong arep takon (dari pada melu gembar-gembor anti-korupsi) nek nge-Blog karo fasilitas kantor kuwe termasuk korupsi ora yah?
(kiye nyong nakokna awake dhewek loh, nek ana sing kesindir ya memang kudune ..he..)
nek de etung-etung rega benwit + listrik de gawe 100 perak baen, nek de pingna 1jt karyawan sing manpaatna fasilitas kantor ketemune wis 100jt ripis (hah??? akeh temen) nek sewulane digawe 26 hari kerja terus de pingna 12 wulan, totale setaun 31.200.000.000 ripis, deneng akeh temen yah 31,2 milyar (karo kukur sirah)
Nek kaya kuwe kepriwe jajal? nek menurutku sih anu nyong ngetunge sing salah, anu kalkulatore ora beres...ndeaan!
......................................................................
Pacul
lah mbuh lah

20 comments:

  1. tiap aku moco blog iki (info by pak mbilung) rasane kerongkonganku koyok keselek biji salak guedhee...

    yhowes mas nek smpyn wedi korupsi yho ngeblog'e tekan warnet ae :D

    ReplyDelete
  2. mba vink, kayane nek maca kudu nyanding banyu sing akeh ben ora keselek....

    ReplyDelete
  3. lha sampeyan wis korupsi opo?

    ReplyDelete
  4. sementaa iki durung lik...durung akeh

    ReplyDelete
  5. satoe parboewatan chijanat iang bole kita lakoewin setjara berdjama'ah itoe poen....

    Koeaing!

    ReplyDelete
  6. kuwe etun-etungane salah kayane luh kang.... alesane kaya kiye (miturut etunganku):
    kaping pisan: internet dinggo apa ora mbayare pada bae, paket-paketan soale.
    kaping pindo: listrik mirip karo nomer siji. nek nyewa kantor nang gedung-gedung, dienggo karo ora mbayare pada bae. nek gedung dewek, ya mandan korupsi mbokan lah....
    kaping telu: aja salah rika kang. ngeblog kuwe ana manfaat sing ora langsung nggo perusahaan, ya kuwe marahi uteke buruh tetep waras tur mandan sethithik nambahi pinter. wong ngeblog kan marahi kudu terus belajar menulism gelem ora gelem kudu ngupdate pengetahuan. nek miturute inyong sih kuwe postitif banget. secara ora langsung perusahaan ulih manfaat.
    kaping papat: perusahaan nang indonesia rata-rata ora gelem mbayari kerja diluar jam sing kudune dibayar lembur. kiye pada bae karo perusahaan sing ngorupsi awake dewek. aja klalen, kerjaan nang jakarta kuwe ora nganggo wektu. mlebune esuk kudu tepat waktuv (nek nang nggonku setengah 8) tapi kerjane bisa tekan tengah wengi, 16 jam alais 2 dina mbok? kiye jelas dholim banget, ora sebanding karo pengeluaran sing listrik.
    kaping lima:dzikir wengi ingkang suwe

    salah sakwijine sapa bisa ngelakoni
    insya Allah Gusti Pangeran bakal ngijabahi. hehehehe

    ReplyDelete
  7. hahaaaa setuju karo kang bangsari pokoke seiman lah :D

    ReplyDelete
  8. @ipul
    nah..kiye jawabane sing tak tunggu2 soale Inyong ben nunut dadi kena nggo pembenaran he..he.
    Kang nek itungan ku kae wong itungan cara bodo dadi urung mesti bener wong ora nganggo survey utawa sumber sing valid dadi kur tak umpamakna nek digawe 100 perak priwe, jebule akeh nemen yah.

    @cewek ndeso
    hayyah rika melu baen yu..kaya kepungan kur ngamini tok..

    ReplyDelete
  9. Manut kanggg........ Seng penting iso mangan, iso turu enak, iso kelonan karo bojo, iso jalan2 neng luar negeri, iso tuku mobil, iso mbojo loro.... HUahahahahahahahahhahaha

    ReplyDelete
  10. @The Neo
    he..he.. karuan kang, lha kue penak kabeh kok

    ReplyDelete
  11. huhuhu...
    sayah..sayah korupsi benwit..!!
    **ngaku dengan sukarela**

    ReplyDelete
  12. @Tika
    wekekekke..enek seleb mampir, njuk tandatangan ah

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!