08 December 2007

Menggelinjang Keenakan

sing pikirane mesum mesti terus githir mbareng maca judule nang nduwur,
dan rika pancene ora salah nek postingan kiye memang mbahas bab sing
marekaken anda-anda semua bisa menggelinjang keenakan. Mulane aja
ngosi kemedep rika maca postingan kiye..jyan dijamin menyesal seumur
hidup, sing bar adus urung sempat kathokan ya ora papa diler sedela,
paling -paling mengko dilaleri ..he..he...

Nek kur kepengin menggelinjang keenakan tanpa wedi dosa, dengan biaya
paling ekonomis lan praktis, kuwe carene jyan anu gampang pisan. Murah-
meriah, gampang tur ora kelangan duwit tapi bisa menggelinjang
keenakan, dijamin klojotan, lemes kaya bar orgasme.
Carane gampang banget, nggolet baen:

"Wulu pitik"

izya..wulu pitik, sing ora duwe pitik nang ngumah ya nggolet baen pitike
tanggane, tapi syarate gole nyekel aja kewenangan wong , ruwet masalahe
nek konangan wong, masa gara-gara nggolet wulu thok digebugi wong
se-RT ndarani arep nyolong...kan ora lucu. nah kiye sing mandan
nylentha kayane malah nggolet wulune pitik kampus..nek kuwe ora
bener maning kuwe (nek ora ngajak-ngajak Nyong..he..he..)

nek wis decekel pitike, swiwine dejembreng terus dipilih wulu sing paling
maen tur resik, terus diprutuli disisane nggon pucuke wulu, nek wis siap
gari nggolet panggon sing nyaman terus delebokna meng kuping..klithi...
wuaah..jyan nylekamin pisan kuweh...pokoke rasakan sensasinya...sorga
dunia temenan kuweh. ngonoh jajal baen sing urung tau...dijamin
ketagihan, dijamin bisa menggelinjang keenakan. Mulane sing biasa
ngantuk nang kantor
aja kelalen sangu baen wulu pitik nggo klithi..
dijamin mripate padhang maning.

            
                          Korban Klithi

Mulane sedulur-sedulur, kakange, mbekayune, sing kepengin merem
melek, puas bisa menggelinjang keenakan aja kelalen nggolet baen wulu
pitik terus klithi...dijamin puwas..was..was...nek nglomboni wani deglitho
nyong lah....yakin gologokin.

Selamat mencoba, semoga ketagihan....he..he..

.........................................................................
Pacul
oh yes....oh no!

18 comments:

  1. lik kue melas temen pitike nganti brondol keton seksine hixhix
    rika apa sing ngentekna wulune pitik pitiku tk lebokna kandang bae lah ora tk culna bene ora di colong di cabuti wulune melas

    ReplyDelete
  2. wehhhh..lha kok sampeyan penggemar bulu2ku?reneo kang tak wenehi wuluku..stokku akeh kok...

    ReplyDelete
  3. pitik seksi temen ya? ra klamben

    ReplyDelete
  4. @pitik
    xixixixix....wulumu kriwil kabeh kang

    @mbilung
    golet gambar pitik sing nganggo lingerie ra ana koh lik.

    ReplyDelete
  5. Ujarku sing diklithiki bagean ngendine, kang. Koh nganti menggelinjang. Jebulaneeee....

    ReplyDelete
  6. hayyah...pikirane sing iya-iya mesti

    ReplyDelete
  7. menggelinjang tapi ora orgasme.....

    ReplyDelete
  8. aku sampek menggelinjang tenan moco postingan iki...........
    oh.......ah.......oh..........
    ahhhhhhhhhhhh.......
    :D

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!