07 January 2008

Turu (ora nganggo "K")

Nek ngitung-itung nikmate singgawe urip, kayane banyu segara dinggo nulis kuwe ora cukup, saking akehe. Contone baen sing wong akeh-akehe ora nggatekna maring nikmat sing siji kiye yakuwe udara.

"nek wadon ya..udari ya kang." sih ...lah

Udara/oksigen kuwe disediakna nang sing gawe urip nganti jumlah sing akeh lan gratis nganggone, dadi ora perlu nganggo eksplorasi nggoleti oksigen, jyan kaya-kayane nek ora kaya kuwe duwite Inyong rika kabeh entek ketungkul nggo nukoni oksigen tur uripe ya ora dadi praktis maring ngendi-endi nggendongi tabung oksigen. Tapi untunge nang singgawe urip disediakna gratis-tis ora kon mbayar seperak-perak acan........ apa ora kepenak?

Nah nikmat sing liyane sing ketone sepele yakuwe turu, jyan nekmat temenan kuweh nek bisa turu. Apamaning nek wes pirang-pirang ndina kurang turu terus bisa nglironi turune jyan ketone koh nekmaaaaat..bangets turune. Asal aja kelaen baen turu nang nduwur rel..kepengin depijeti mbah Argo Lawu apa? nek ora kaya tanggaku kae, gara-gara turu bisa babak bundhas, benjut ora nggenah. Lha priwe ora benjut wong turu karo bojone wong lia...wes jyan ana-ana baen.

Tapi jan-jane kakehan turu ya ora apik, dadi marekna urip kiye kurang produktip. Mulane Kanjeng Nabi mrentahna kon ngurangi turu, nek tengah wengi kon tangi kon eling karo sing gawe urip...dzikir. Nek dipikir-pikir ana benere juga....siki nek manut karo anjurane wong kesehatan, turu sing ideal kuwe 8 jam sedina sewengi. Berarti kuwe 1/3 ne uripe dhewek. nek sewulan berarti dhewek nglakoni aktipitas kur 20 dina thok, sing 10 dina kuwe nggo turu. Lha misale nek umure nembe 30 taun berarti 10 tahun nggo turu, 20 tahun nggo urip dikurangi masa kanak-kanak misale 12 tahun ketemune mung 8 tahun. 8 tahun kuwe urip sing bisa dipertanggungjawabna, urip setelah akil baligh...hla ..jebul uripe dewek sing produktip kuwe nembe sithik banget...ya nek dimanpangatna nggo aktifitas sing produktip....lha nek nggo maksiatan thok...apa ora melas kuwe. Urung nggo sing nggo ngibadah porsine sepira kuwe? mulane bener nek Kanjeng Nabi kuwe mrentahna kon ngurangi turu wengi....dadi urip kuwe bisa lewih produktip.




Lha nek crita bab turu-menuru kiye Inyong dadi kemutan kancaku ndisit pas sekolah, dheweke kuwe cah Indramayu dadi ora bisa basa wetanan. Karepe pingin blajar basa kromo alus, nah nang kancane kuwe diwei jurus praktis men cepet bisa basa kromoan. dadi cara gampange kuwe kabeh kosakata sing ora ngerti basa aluse ditambahi kata "ipun" nang mburine, contone: Klambi, nek basa aluse kan ageman utawa rasukan tapi nek klalen basa aluse gari ditambahi "ipun" mburine dadi klambinipun..kan beres, minimal ya dadi mandan alus lah..

Nah kiye kancaku kuwe mau critane arep bali meng Indramayu numpak bisa sekang Solo (biasane liwat Semarang). Lha nang bis kuwe mau, jejere ana ibu-ibu karo anak gadise sing kinyis-kinyis lah pokoke. Anak gadise kuwe mau sepanjang perjalanan isine turu baen, dadi gelem ora gelem ngobrole karo biyunge. Tapi sebab ndelengna anake turune keton enak banget, kancaku kuwe mau banjur takon karo basa krama sing campuran ora nggenah sing wis disinauni dengan susah payah sedurunge.

"Bu ketingale niku, putrane turu'ipun enak sanget"

Biyunge mlirik karo mendelik...ora kesuwen kuwe kancaku diunek-unekna, didomehi entong bresih, jyan pokoke dikumbah nganti resik lah..tanpa diberi kesempatan nggo membela diri. Akhire ya ora kesuwen mlayu maring kondekture njaluk mudun nang ndalan (padahal urung tekan Semarang acan) dari pada isin nang bis didelengna wong akeh. Apese maning tikete wis dibayar penuh tekan Indramayu....apa ora melasi jajal.

......................................................................................................
Pacul
Isih seneng turu (nganggo "k" ya kena)

27 comments:

  1. lucu juga baca2 di blog ini...serasa di banyumas beneran wuihhh jadi pengen pulang...kepriben kabare banyumas,mas?

    ReplyDelete
  2. kabare apik yu? lha rika nang endi siki sih yu?

    ReplyDelete
  3. kekekeke gendeng!!! kenthir!! nekaaaaddzzzz

    ReplyDelete
  4. alah... kayangi kiye tah critane rika dewek ndeyan. men ora isin nggo jeneng wong liya. hahahaha

    untunge biyunge koh ya ra mikir duit ya? nek lagi kebelet mbutuh bisa ditawani luh. "200 ewu apa mas?". hahahaha

    ReplyDelete
  5. toeroek oempjoeng sobo kebon opo hajo ?

    meme loews iboeran mato

    ReplyDelete
  6. pada karo nulis :
    turu kono
    tapi salah spasi, dadine :
    turuk ono

    ReplyDelete
  7. ngawur thok isi postingane wong iki
    pengalaman pribadi yho mas?

    ReplyDelete
  8. jyan kang pacul critane agi eling masa kecil dulu :D agi nakal nakale alias mbejujag mbejujage hixhixx

    ReplyDelete
  9. =>dena
    wekekekek....podho kenthire

    =>ipul
    molaih utek bisnise jalan..arep bisnis lendir apa kang?

    =>koeaing!
    mboh kuwi boeng....ra ruh.

    =>om bil
    halah...turkana turukene

    =>vi2ng
    ngawur..tapi senengen to?

    =>cewekndeso
    deneng rika ngerti yu?

    ReplyDelete
  10. 'ee... bu guru turu... 'ee.. buguru ngiler.., 'e bu guru turu 'e bu guru ngiler, 'e buguru turu 'e buguru ngiler, 'ebuguruturu'ebugurungiler... ;))

    ReplyDelete
  11. wes..rusuh kabeh dadine

    ReplyDelete
  12. ngakak moco komene pakde mbilung. Gyahakakakakakak...

    ReplyDelete
  13. Ya brsyukur karo nikmat sing esih di rasakna...

    Moga lwih apik neng sejen dina,amin

    ReplyDelete
  14. Kiye tunggale sing "Nek kados niku tah tiyang jaler namung kantun nglakeni thok" :p

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!