18 January 2008

Selingkuh Sekali Saja......

Telung wulan kepungkur Inyong krungu kabar kanca sekontrakan ndisit nang Solo sing siki domisilite nang Kudus wis duwe anak loro, rumah tanggane lagi gonjang-ganjing (aja dewaca wonjang-wanjing lho). Lha sebabe nangapa kuwe? jebul kancaku kuwe mau selingkuh (huuulah...ya iya). Jenenge baen selingkuh....selingan keluarga utuh...nek miturute inyong kriteria selingkuh nang keluarga kuwe werna-werna, contone:
1) selingkuh keuangan, nah kiye sing akeh dilakokna nang wong lanang. Pendapatan sing dilaporna meng sodara bojo gur sing tercantum nang slip gaji, nek sripilane utawa saweran liane ora delaporna meng sodara bojo. Biasane sih sekang penghasilan non bugjeter kiye molaih ana pikiran arep selingkuh sebab duwe duwit lewih.......biasa lah nek duwite lewih ya kepengin apa sing ora....mbok kaya kuwe? ( ya iya......sauri dhewek lah)
2) selingkuh fisik, nek sing kiye biasane anu wong sing seneng ngecer nang ndalan, istilahe ora wani tuku paketan ya tuku ketengan ... nek basa abegene siki ya Tak Bisa ke Lain Hati......tapi ke lain body ....kaya kuwe
3) selingkuh fisik & hati, nek sing kiye sing dimaksud selingkuh dalam arti sebenarnya....biasane meliputi 2 kriteria sing nang nduwur mau.....ya ke lain hati..ya ke lain body....dadinnane ya kelainan ......ndean.
4) lha nek nomer papat kiye mbok ana sing arep nambahi ya ngonoh tambahi dhewek...mbok ana sing kurang lah (enggane mangas temen lah telu isih kurang....klamite)

Nah kancaku kuwe mau kayane ketiban kriteria sing nomer telu, dheweke selingkuh karo kanca sekantore sing mesthi baen lewih enom lan lewih mloes tinimbang bojone....ora kelingan nek wis nduwe anak loro. Jan-jane Inyong ora gumun nek krungu kancaku kuwe selingkuh, soale gemiyen wis janji nek sida nikah karo bojone kuwe mau arep selingkuh ora ketang gur sepisan seumur hidup (janji yang aneh...). Tapi dheweke wani janji kaya kuwe ya ana sebabe, ceritane kaya kiye.....pas isih padha kuliah wong lor kuwe mau wis padha tunangan...nah wektu sing wadon melu KKN, dheweke selingkuh karo bocah lanang liya nanggon KKNe walaupun bisa diselesaikan secara adat tapi kancaku kuwe mau carane isih nduwe rasa balas dendam lah...."kapanane nduwe keslempitan masa oraha inyong bisa" batine kancane inyong.

Tapi cara Inyong ya melasi anake, dadi perkembangan jiwane ora maen, apamaning sing ngerti disit bapake selingkuh kuwe anake. Anake weruh nek ramane lagi mboncengna wadonan, mesrah pisan, ngethapel nang mburi kraket ora ucul kaya kinjeng kenang pulut nangka ......wis jyan isih cilik wis diwarahi ora apik......gedhene kayangapa kuwe?


I am selingkuh

Akhir tahun wingi aku ketemu nang Jogja, dheweke crita nek keluargane wis beres, wis aman terkendali, cuma dheweke metu sekang kerjaan jalaran isin karo kanca-kancane, dadi siki molaih sekang nol maning nang gawean anyar. Tapi sing urung bisa diatasi kuwe polaeh anake lanang sing dadi mbajug karo ramane (salahe dhewek..) dadi sering ijig-ijig ngacungi meng ramane karo nyanyi lagune Matta.....O..o....kamu ketahuan.....pacaran lagi.......

Huuulah.......kapokmu kapan ndul..ndul.....mulane aja sok nggragas......nggoleti godong nom.....

___________________________________________________________________
Pacul
isih setia

21 comments:

  1. dadi rasido selingkuh gara2 kang pacul...
    :D

    ReplyDelete
  2. mbajug ki opo? nek posting ojo2 dowo2 inyong ngelu mocone.

    ReplyDelete
  3. => slamet
    weh....melu kang aku.

    => de
    mbajug kuwi meh podo karo saru mbok de..

    ReplyDelete
  4. kuwi pitik selingkuh karo gajah, ora njeblug ya pitike.

    ReplyDelete
  5. kalau emang masih suka banyak perempuan, kenapa milih menikah ya?

    ReplyDelete
  6. => Lik Yanto
    ora lik....nganggo kwin suntik

    => kw (tanpa n)
    soale tujuan menikan bukan untuk kebutuhan biologis tok kang...!

    mulane mbojo ya.

    ReplyDelete
  7. kenthu....sing mlebu neroko yo ngono kui dab.

    padahal aku nduwe coro, men kenthu ga mlebu neroko..kenthu karo tangan wakakakakak...

    ReplyDelete
  8. # tjoker itoe boeng : tjoliekering...

    Koeaing
    tijada soeka tjolie...

    ReplyDelete
  9. kl aku ketemu laki2 yg selingkuh kayak gitu, pengen tak sunat manuk'e sampek pokk, sampek gak nyiso, cekne kapokkk

    ReplyDelete
  10. dyuh kang nembe tilik nggone KW kae nulis selingkuh elah kie maning mbahas selingkuh duh jyan kepriwe ya apa agi mangsan selingkuh apa yach
    lah nek aku tah ngrumangsani selingkuh kur nang Chat room tok ngewes nganah ngeneh tp ya aku jujur wis ndue bojo koh :D
    dadi trima orane batiran karo aku ya terserah :)

    ReplyDelete
  11. selingkuh ikuw indah ... tapi luih indah poligami...pesene aa' gym

    ReplyDelete
  12. This article is interesting and useful. Thank you for sharing. And let me share an article about health that God willing will be very useful. Thank you :)

    Penyebab Telat Haid dan Solusinya
    Cara Menghilangkan Benjolan di Kelopak Mata
    Cara Mengobati Kencing Tersendat
    Obat Tradisional Telinga Berdengung
    Walatra Gamat Emas Kapsul

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!