19 November 2007

In Memoriam One Tea

Rasane kaya ora percaya, kaya ngimpi, jyan pokoke kaget pisan bareng 
Nyong ulih kabar sekang kancaku Agung Prast utawaNyong biasa nyeluk
Jagung atawa Pret, mbengi jam setengah sangaan tepate malem Kemis 
patbelas November Jagung tilpun,
"ora tau-taune kiye bocah tilpun", batine Inyong, wong madan lawas ora
tau ketemu, deweke pindahan umah ben Inyong urung tilik (ngapunten
ya Gung, urung sempat lah)
"Hola", tak sauri karo nyokot gorengan tempe wuda
"He..he..he hola koh", Jagung nyauri
"Ana apa koh Gung? kangen apa?"
"Sih lah, gyeh aku siki lagi nang Semarang"
"ora takon lah Gung!"
"aja brisik rungokna disit ndul"
"kepriwe-kepriwe?"
"Gyeh aku bar entuk es me ses sekang bojoku, entuk kabar jere Wanti
ninggal", jere Jagung Serius
"Lah serius kiye aja nglawak lah ora lucu", Nyong nyauri karo madan kaget
(mangan tempene dadi ora enak)
"Ya kuwe koh Nyong ben ora ngandel, jajal dikonfirmasi nganah maring
sapa, de takokna sing bener"
"takon maring sapa? nyong ben nang Jogja!"
"Uya yah kemutanku nang Cilacap baen"
"huulah.....thithiki untune sisan ngeneh, mbok kowe ndisit sing njujugna
pindahane nyong?"
"genah kelalen koh.....ya wis kaya kuwe baen jajal takokna nganahlah"
"yup...maturnuwun"

Gleks!, Nyong meneng karo mikir apa iya yah...tetep baen durung bisa
nrima nek kanca batirku wis ora nana. terus Nyong nggoleti nomer tilpun
kanca-kancaku, jyan sing maune kur ngebek-ngebeki phonebook siki
nembe kanggo, eeeeee....ndilalah tak tilpuni siji-siji laka sing aktip,
jyan kebangeten temenan kiye, apa gara-gara Nomer Perdana murah
dadi pada gonta-ganti nomer apa yah? tak esmeses sampe ganti dina,
ya ora ana sing mlebu barang seblindi acan, jyan pancen, ngonoh lah
akhire aku pasrah....karo isih penasaran karo kabar lelayu kancaku mau.

Dina Jemuah sore ana esmeses mlebu nomere anyar, bareng tak waca
jebule sekang kancaku Minto, ngabarna nek Wanti wis ora ana. Bar kuwe
nembe aku percaya nek Wanti wis ninggal (Inalillahi winailaihi roji'un).
Inyong, Wanti trus Minto kuwe termasuk kanca raket jaman isih sekolah 
tekan kuliah, jarang ketemuan mbarang wis pada mbojo.
Wanti, jyan miturute inyong bocahe apikan banget, jiwa sosial dhuwur,
 ora tau suudzon karo wong liya, nek ndeleng wong liya ketone apik kabeh
mulane sering dikerjani kancane apa delomboni kanca-kancane sing sok usil
maring deweke, mulane kancane akeh. Senenge nek bar upacara 17an
nang sekolahan mesti baline mangan-mangan sebabe deweke ultah tgl 17 
agustus dadi utahe dirayakna wong seIndonesia (ndean).
Wanti kanggone inyong merupakan salah satu sahabat terbaik bagine
inyong, jamane sekolah sering tak silihe sekang pulpen, garisan tekan
bukune (jyan....tak pikir-pikir deneng ora modal nemen inyong yach!),
nek disilihi jyan ora tau ora ulih koh.....jyan gumun pisan mbok?
Kemutan jaman dong isih ngapeli mantan pacar (waca:bojo) gemiyen 
wektu semono isih sekolah nang Jogja, Wanti ya melu tak apeli tapi 
kur tak silihi montore tok, saben metungul nang ngarep lawang karo
malang kerik langsung baen ngomong:
"Mesti arep nyilih montor"
"Ya kemen ora ulih apa?", jawabane inyong, jyan....nek tak silihi motore
ya ora tau ngomong ora ulih...mesti ulihe koh.
Kayane nek ngetung-ngetung kebaikane Wanti maring awaku, jyan ora
bisa ke-etung kayane, nek ditulis nang kene kayane sing maca nganti
mblenger ora doyan maca maning.

Wis limang tahun punjul aku ora tau ketemu karo Wanti tapi malah kabar
duka sing teka....mandan ngajog juga bada wingi wis niat arep dolan baen
ora kesampean.

Ya Rabb yang menguasai jiwa-jiwa, Jadikanlah Wanti tenang disisi-Mu.
Selamat jalan sahabatku.......kebahagiaan abadi telah menantimu.

Pacul
Lagi sedih..........

5 comments:

matur suwun, sampun mampir!