21 August 2008

.:: ....???.... ::.

Bali sedela ming Cilacap tak sempetna ming ndesane simbahku, jyan...sanajan nang ndesa tapi tetep baen meriah menyambut Hari Kemerdekaan RI ke 63. Pager-pager pring padha dicet putih, sing ora kuat tuku cet ya dilabur karo kapur. Mulane wong ndesa akeh sing Indo ya kuwe.....bapake Singapur biyunge singecet.....alaah..!

Jan-jane nek dideleng sekilas ora ana sing aneh karo perayaan kemerdekaan kuwe mau, tapi nek jeli ketone koh ana sing kontras karo perayaan kemerdekaane kuwe mau. Merayakan kemerdekaan

ditengah tidak merdekanya mereka dalam menikmati infrastruktur(jalan & transportasi), merdeka dalam hal pendidikan, merdeka dalam hal mendapatkan air untuk sawah misalnya.....


Merdekaaaaa!

padahal kiye wis nang tahun 2008, milenium kedua jerene...nang Pulo jawa maning. Hla kepriwe sing nang luar Jawa sing adoh karo pusat kekuasaan? (apa malah lewih merdeka yah......merdeka golih nggunduli alas!)
Apa enggane sing merdeka kur para koruptor sing merdeka golih korupsi....duwit 6 eM keton kaya receh temen nggo nyogok padahal kene nyekolahna anak baen bingung......huuulah.

Ngomong bab sekolah, urung suwe pemerentah gawe program Buku Sekolah Elektronik (BSE). Jane program kuwe maen banget tapi sayange seolah dipaksakan, diibaratna nang pemerentah kuwe kabeh wis nduwe akses ming internet. Mbok yaow infrastrukture diberesi gipit nembe gawe program BSE, apa kabeh sekolahan nang kene wis nduwe akses internet? jawabe mesti......ya oralah......masa oralsex...halah..!

siji kuwe mau, kelorone bareng tak jajal donlot nang situse deneng akeh link sing ora bisa? deadlink apa yah istilahe...uwalah jyan .untunge nemu mirrore nang kene http://kambing.ui.edu/bse/pdf/
mangga lah sing wis merdeka secara finansial digawe buku terus dibagi-bagi gratis....!

merdekalah..!

32 comments:

  1. Siyale maning, sekolahe anakku ora nganggo buku sing disetandarake maring pemerentah.

    Dadi inyonge tetep bae tuku buku saka sekolahan.

    Jyaaaan, guru ancene mata duwitan, tulih....

    ReplyDelete
  2. walah kok ribet juga ya. yen pemerintah mengharuskan nganggo buku print2 an BSE, mesakne sing ora ono akses internet.

    sebaliknya, yg bisa donlot BSE, buku sing dipakai di sekolahan beda

    hmm....

    ReplyDelete
  3. wah.. iso dadi peluang bisnisan anyar kieh, donlot ebuk seko koneksi internet kantor (kan gratisan), njur di print ngangge printer kantor (gratis maning), ngangge kertase kantor (maning2 gratis hehehe..) trus difotokopi.. trus di dol murah nang sekolahan2 sing ra due akses internet, hehehe..

    ReplyDelete
  4. Koyone pas nulis lagi kerasukan semangat perjuangan ki...
    Merdeka!!!

    ReplyDelete
  5. wis merdeka temenan po?

    ReplyDelete
  6. Indonesia tanah air beta....
    lha isih versi beta kan?

    ReplyDelete
  7. mentrine ndeso poll..!!!
    dipikir,sak endonesia wes ono internet pow..???

    bener ra cul..????

    ReplyDelete
  8. lhah seneng aku ketemu blog sing basane nganggo inyong2an kaya mengkene. dadi iso blajar basa inyong2an.
    lhah ngenani kemajuan iku pancen akeh kang sok2 mung latah2an. kepengin dianggep maju, kamongka infrastruktur=e iku durung cukup. dak kira mengkono lhah to yaow?
    :)

    ReplyDelete
  9. Wuuuu, kene Endonesa isih fakir benwit kok wes kemaki nggawe program BSE. Mbok yo dibenahi dhisik infrastrukture

    ReplyDelete
  10. owalah. denenga perkara sekolah koh ketone angel temen ya? ujarkmu mbiyen ulihe inyong sekolah ya gampang-gampang bae luh.

    ora ana buku ya ora papa. ora duwe sepatu ya ora papa. dasare inyonge pinter, ya tetep bae dadi wong pinter. *walah, deneng dadi ngalem awake dewek?*

    ReplyDelete
  11. lah iki inyong ra mudeng babar pisan la. wetheng inyong kencuuut ...

    ReplyDelete
  12. merdeka !!!
    mung kepengin komen thok

    ReplyDelete
  13. Lha kok ndak macul-macul....???

    ReplyDelete
  14. Blog asli ndesa nunut ngiyub sekalian ngangsu kawruh kang Pacul..

    Ngomong2 pendidikan, ujarku Mentri ne diganti bae. Lha wong ujarku dunia pendidikan tambah mbingungi.

    BSE, UNAS, tawuran siswa tekan mahasiswa trus apa maning ngesuk.

    ReplyDelete
  15. makasih gan tentang infonya dan semoga bermanfaat

    ReplyDelete
  16. terimakasih bos infonya dan salam sukses

    ReplyDelete
  17. Someone necessarily help to make significantly articles I would state.
    This is the first time I frequented your website page and thus far?

    Visit my site :: 풀싸롱
    (jk)

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!