24 April 2008

.:: Jamu ::.

Ngemeng-ngemeng masalah jamu kayane hampir kabehan wong wis tau ngrasakna jamu. Jamane nyong "terpaksa urip" nang Solo, favorite nyong kuwe jamu nang kidul prapatan gendhengan karo sing nang Kleco. Nek sing nang Gendhengan kuwe jyan pancen wis kondhang kawentar-wentar... hla wong jerene keluarga Kalitan kuwe langganan nang kono, nek ora kelalen jenenge jamu 'Sayang'. Modele jamune dudu jamu cair kaya jamu gendhong tapi bentuke bubuk, biasane dicampur karo madu karo ndok pitik utawa bebek nang gelas. Tambane gari milih beras kencur apa kunis asem. Dadi nek tuku kuwe entuk 2 gelas, jamu karo tambane kuwe sepaket.
Hla nek sing nang Kleco sing terkenal Gingsenge. Tapi nek miturutku kuwe anu campuran ginseng karo ciu, mulane adole slokian. Lumaya kena nggo anget-anget awak, daripada ngeloni kompor.

Ana maning jamu sing cara nyong termasuk extreme kuliner yakuwe Sate Jamu utawane Rica-rica Jamu. Judule tah apik Sate Jamu tapi aja salah nek "jamu" kuwe mung kamuflase sekang kata kirik. Dadi asline pancen sate kirik tapi men ora keton vulgar nemen di jenengi sate jamu utawa rica-rica jamu. Nek nang Solo golet sate jamu kuwe ora angel biasane nang kakilima jejeran karo bakul liane termasuk bakul Fresh Milk from Crocodile Forget, susu segar asli Boyolali sing mendominasi nang solo. Kancaku sekost termasuk pelanggan tetap sate jamu, jere nek ora njamu awake padha lara. Tau tak takoni:

'Kang, kirik kan najis, mugholadoh meneh....ngono kok mbok pangani piye to?"

"Halah...bar kuwe yo tak sentor ping pitu kang.......nganggo Ciu"

"walah....pantesan..."

Sedawane urip nang Solo memang Ciu kuwe termasuk hal umum, lumrah nang kono. Hla wong nduwe gawe sandingane ya Ciu, Minuman bau Naga. Mulane pas jaman kerusuhan Solo Mei 1998 aku tau dikandani nang kanca kostku:

"Kang provokator kerusuhan wingi wis kecekel"

"Tenane?"

"Ho-oh....jarene saka Bekonang"

"Jenenge sapa?"

"Ciu"

"walah...asyemmmm"

Mbalik maning nang masalah Jamu.....
Ana siji maning jamu sing tak senengi nang Solo gemiyen yakuwe Jamu mata....hizya jamu mata, perihal memanjakan mata nek nang kampus biasane nongkronge nang Fakultas sing biasane wong lanang menjadi minoritas nangkono. Nangendi maning nek ora nang Fakultas Psi-koloh-i utawa Fakultas Ekonomi. Saking akeh noni-noni hayu nang kono dadi dijenengi Ekononi.........nek wis ora tahan ndeleng noni-noni dadine ya ekonani.....ndean...hi..hi......


Jamu Mata (Sania Mirza)

Siji maning jamu mata sing termasuk favorit nang Solo yakuwe Manahan. Nek dina Minggu nang Kompleks Stadion Manahan kuwe biasane nggo lari-lari pagi alias jogging. Dasare nyong anu seneng olahraga ya ora kalah karo liyane tangi gasik melu mangkat ming Manahan. Lengkap pokoke sepatuan, kathok olahraga karo sangu banyu.

"Kang jere arep mlayu-mlayu..?"

"Lho...apa ora ngerti nek kawit mau wis mlayu-mlayu"

"Endi lah....hla wong kawit mau kur njagong tok nang Motor"

"Aja padhakna karo liyane......ketone meneng baen tapi jane kiye lagi mlayu-mlayu..........matane sing mlayu-mlayu"

Begitulan sodara-sodara aja awake tok sing olahraga, mata juga sekali-kali kon olahraga....he..he..

Ngemeng-ngemeng bab jamu dadi kelingan nemu nang milist lagu Suwe ora Jamu versi Cinta Laura, Kepriwe lagune jajal tiliki yuuuh..!

Show Why or are Jump You (Suwe ora Jamu)
Cincha Lawra Version

Show Why or are Jump You
Jump You go down tell low

Show why or are catch'em you
Catch'em you peace and go away gay low

________________________________________
Mangga dipun praktekaken.. hi..hi..!

40 comments:

  1. mbayangke wong inggris tulen apa ra muneg2 nyanyi lagu trakir kuwi.. wahaahahaha

    ReplyDelete
  2. pindahan koh ora ngomong2..hihihi

    ReplyDelete
  3. sepisan thok ngombe jamu mas, nganggo kuning telor. baru iku rong dino wetengku atos, koyone kebak terus. dadi ora luwe.

    saiki wis kapok. :)

    ReplyDelete
  4. huaaaaaaaaaaaaaaaaaaa...ngecappp..!!!!
    anu-ne gedhe juga yo..????

    ukuran anune piro yohh..????

    huaaaaaaaaaaaaaa...fotone...

    ReplyDelete
  5. iku jamu awet enom lho... :D

    ReplyDelete
  6. Ingat pas jalan naik mbonceng motor, ada anjing lewat,..

    * temenku bilang, " wah ono lawuh .."

    ReplyDelete
  7. haiiyaahh,, lagune lucu banget mass..................
    salam kenal!!

    ReplyDelete
  8. ra doyan jamu :-s
    pahittttttttttt

    ReplyDelete
  9. aku duwe cerita, pas ono cah anyaran lagi wae manggon solo, deknen dijak kancane nyate jamu. Badalah tenan, bocahe iku (cewek jilbaban maning) ora mudeng blas. Wis bacut sikat mrane-mrene eh jare kok keenaken. banjur kuwi cerita karo kanca-kanca liyane, "wah aku dijak nyate jamu uenak tenan lho, maknyuss..."
    Basan dikandani yen sate jamu iku sate kirik, bocahe histeris ora keruan... muntah-muntah karo gulung koming... hehe...

    ReplyDelete
  10. => anang
    wong aku dhewe yo muneg2 kok kang..hi..hi..

    =>windie
    lah....wis lawas yu

    =>kw
    lha iyo emeng ngunu kok mas nek ngombe jamu krasa wareg terus.

    =>pepeng
    34 peng ning cutbray

    =>deekz
    pengi nawet neh di formalin hi..hi..

    =>mas iman
    hi..hi..enek mas iman -- salaman sik! --

    =>rinnie
    salam kenal juga

    =>vi2ng
    doyanmu opo to nduk?

    =>durung adus
    weeh.....saake tenen kuwi bocahe

    ReplyDelete
  11. nek tukang jamune si chincaw, piye rasane kuwi jamune? tambah enak po tambah semangit?

    ReplyDelete
  12. Kuwe kang putrane kon leren... kon ngopi ndisit... Tega temen deneng ya wong esih cilik ko kon macul..??? Lah..jan kepriwe si Kang Pacul??? hehehehe....

    ReplyDelete
  13. kang lek wis jamu terus nyapo?

    ReplyDelete
  14. kuwi asline masakan tio ciu dab, miturut bukune esiklopedia tata boga terbitane djambatan jenenge tsengtsu.. ditemoke seko dinasti ming jaman biyen mulo kanggo mengatasi hawa dingin pas perang karo kubilai khan, pramila menika pancen cocok kuwi nggo tambah tambah ngangetke awak, opo maneh yen mricone akeh.. aku ngerti bumbu bumbune cul.. kapan kapan postingo yo..
    bab gingseng tak saranke ora usah akeh akeh soale coro higienisitas produksine tidak terjamin, buktine ora opo DEP KES RI ne.. sopo sing ngerti merese nganggo sempak owolan tur nemu neng pasar njongke..
    mending ciune di racik coro kawula alit wae, 1/2 liter ciu campuri seprit 2 mbotol tanggung terus keceri jeruk pecel. lemon squash coro mbekonang jan asyik tenan.. jajalo bos, ojo lali aku ngko turahi sithik..

    ReplyDelete
  15. jebule iseh ono tho sing dodol sate kirik ?

    ReplyDelete
  16. weh sekarang mata bukan hanya perlu di cuci ya.. udah ada jamu nya juga sekarang...
    ckckckckck kerennnn

    ReplyDelete
  17. ono gambar liyane ra?

    ReplyDelete
  18. aku seneng jamu gawean mbahku... asli 100% ... ra enek bahan kimiane..* halah* :D

    ReplyDelete
  19. halah ngelingna mbiyen agi cilik nek esuk esuk langganan jamu liwat nangarep umah ya pd baen kang obate kur milih kunir asem apa beras kencur . tapi nek ora tuku jamu malah ninine nyong cokan nggodog dewek sing jenenge jamu bratawali sing paling pait dewek tambane gmpang banget bar nginum jamu trus kon madang hihiii dadi wareg

    ReplyDelete
  20. lagune nggilaniiii.....:D

    ayo mas, update lagi. kita butuh hiburan iniiii...

    ReplyDelete
  21. Kuwi malah jamu godhong telo....
    yen ra ketemu marake thela-thelo!
    yo to kang?

    ReplyDelete
  22. wah, iki jowo kieeeeee ...

    ono sodara saweteng nang jejerku....

    nyanyine nentremke ati, bar 10 taon

    nyanyi nelongso wae..

    ReplyDelete
  23. Hua ha haha....kang pacul sueneng artis ya tenus ya ....kenalan ya kang....aku cah elek sing lagi blajaran...diwarahu ya kang-kang kabe...mampir monggo ke ketmpatku di www.serbainternet.blogspot.com

    ReplyDelete
  24. Mbiyen neng tlatah Semarang, Jamu cap Pacul kondang tenan. Iki kok mung kari pacule thok, Jamune ndi?

    ReplyDelete
  25. waw, bagus bangt mas, artikel tentang solo, tapi bahasane panginyongan, very interesting!!!

    ReplyDelete
  26. ketoke UMS yo mas?
    Lha aku cah Psikolo-hi je...

    ReplyDelete
  27. That is a really good tip especially to those fresh to the blogosphere.

    Visit my site :: 오피
    (jk)

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!