05 April 2008

.:: Juminten Modar ::.

Seminggu wingi (28/3) ceritane inyong melu Juminten lan Modar (Mojok Darat) karo Lik Yanto ak. Sir Mbilung ak. McNdobos. Janjane Inyong ya wis kepengin Jumintenan ket mbiyen tapi genah nek mbengi mburuh ya ora bisa teka.

Tapi jumintenan wingi tak bela-belani mbolos mburuh soale dikabari tobil jere Lik Yanto arep teka. Jyan rasane bungah lah ketemu karo kanca-kanca "gemblung" kaya bocah-bocah Cah Andong. Ora kober mingkem pokoke lah, gojek kere nganti mblenger, nganti kaku wetenge ndeleng polahe eblis-eblis CA. Apamaning ana dua sejoli Zam karo tobil ......walah klop pisan pokoke lah kaya tutup nemu tumbu.

Saking asyike gojek kere nglakoni Jumintenan jam setengah sanga nganti jam telu isuk ora krasa apamaning ketambahan -sanajan telat- kang Balibul sekang Kesultanan BHI (Bundaran Hommock Indonesia......cmiiw). Nang BHI dheweke kedapuk dadi Menperkosa (menteri persatuan komen saru). Kapan-kapan tak tilik ming BHI kang lah...!

Obrolan tambah rame sebab ketekan kanca-kanca Kutilang sing diundang nang Lik Yanto. Nah cara Inyong Lik Yanto (karo Kulitang) kue nduwe gawean sing aneh tapi nyata, soale jyan kur dolan-dolan ndelengi manuk dibayar apa ora elok. Mulane ora salah nek Lik Yanto disebut sebagai Ahli Perburungan....yaa hampir selevel karo Mak Erot lah. Bedane nek Mak Erot dibidang Penggemukan nek Lik Yanto kuwe cuma Pengamatan.

Sekang burung sing doyane kluyuran nek mbengi, burung sing ora tau turu tekan burung sing doyan ngiler apal kabeh pokoke. Nyong arep takon Lik....inyong nduwe manuk sing nduwe wulu tapi ora bisa mabur bisane kur ngidohi karo muntah kuwe termasuk spesies langka apa dudu ya?

Jyan nek ndelengna ketone kepenak temen yah, dolan-dolan ngamati burung,wis kaya kuwe dibayar maning! Kayane sing urung ana kuwe pengamat sangkar burung........nah kiye kayane termasuk peluang pekerjaan sing maen. Pengamat sangkar burung berpelumas .....halah!. Hla iya nek sangkar burunge ora ana pelumase neng nduwure mengko manuke dirubung semut.........ya nek dirubung thok, hla nek digondol apa ora cilaka kuwe..?

____________________________________________________________________________
Pacul
Jyan nembe sempat posting koh!

18 comments:

  1. pengamat burunge dewek bae lah. eman eman temen ketone kok nek ora diamati temenan. hehehe

    ReplyDelete
  2. weh..? iki crita sangkare juminten digrujug pelumas nganti burunge modar k'o pow..? :-?

    ReplyDelete
  3. => ipoul
    izya kuwe kang goletna kandang ngapa?

    =>embuh
    hi.hi..

    ReplyDelete
  4. emang asyik mas ngumpul, ngobrol ora jelas sampai subuh haha...

    ReplyDelete
  5. bungah pol akhire ketemu rika kang.
    priben kabar manuke rika? wis berhasil digemukan?

    ReplyDelete
  6. => kw
    kapan kang jumintenan?

    => lik yanto
    halah......ora arep tak gemukan lah...arep sering tak fitness baen

    ReplyDelete
  7. Wah...kok dadi ngomongke "Perburungan"...gawe kepenak wae...hahaha.
    Ngko kapan nek nang Jogja aku tak melu JUMINTEN'nan...pengen kenal CAH ANDONG...lha jumat kepungkur nang BHI ketekan Tika, Momon, Zam lan liya-liyane....rame tenan.

    ReplyDelete
  8. =>yoyo
    wah....podho kang aku yo pengin nang BHI

    ReplyDelete
  9. kapan kita modar kang??? ;))

    mana skrinsut..??? mana skrinsut??? waaa..ga puwas ini..

    ReplyDelete
  10. dapurmu kapan modare?

    ReplyDelete
  11. Simple but very accurate info... Many thanks for sharing this one.

    A must read post!

    Visit my site :: 강남오피
    (jk)

    ReplyDelete

matur suwun, sampun mampir!